2 Tésalonika 3:1-18

  • Terus ndonga (1-5)

  • Naséhat sing tegas soal tumindak sing ora tertib (6-15)

  • Salam penutup (16-18))

3  Akhiré, sedulur-sedulur, kowé kudu terus ndongakké aku+ bèn omongané Yéhuwah* cepet nyebar ing endi-endi+ lan bèn Dhèwèké dimulyakké ing antarané wong-wong, kaya sing kelakon ing antaramu.  Tulung kowé ya ndongakké aku bèn aku dislametké saka wong-wong sing jahat lan kejem,+ merga ora kabèh wong nduwé iman.+  Ning, Gusti mesthi bakal nepati janjiné, nguwatké kowé, lan nglindhungi kowé saka Sétan.*  Sakliyané kuwi, aku, yaiku murid-muridé Gusti, yakin nèk kowé terus manut lan nindakké petunjuk sing tak wènèhké marang kowé.  Muga-muga Gusti mbantu kowé nresnani Gusti Allah+ lan tetep sabar+ demi Kristus.  Sedulur-sedulur, nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, saiki aku péngin mènèhi kowé petunjuk iki. Kowé kudu ngedohi sedulur-sedulur sing ora tertib+ lan ora manut karo petunjuk* sing mbok tampa* saka aku.+  Kowé wis ngerti piyé carané niru aku.+ Wektu bareng karo kowé, aku ora kaya wong sing ora tertib.  Aku ya ora tau njaluk-njaluk panganan tanpa mbayar.+ Ning, aku nyambut gawé tenanan lan ngupaya tenanan sedina muput bèn aku ora mbebani kowé nganggo ragad sing gedhé.+  Senajan nduwé hak, aku ora gelem kaya ngono+ merga aku péngin dadi conto bèn isa mbok tiru.+ 10  Malah, wektu ana bareng karo kowé, aku tau mènèhi préntah iki, ”Wong sing ora gelem nyambut gawé, ora usah mangan.”+ 11  Aku krungu nèk ing antaramu ana wong-wong sing ora tertib.+ Wong-wong kuwi ora gelem nyambut gawé, ning seneng mèlu-mèlu ngurusi urusané wong liya.+ 12  Nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, aku mènèhi préntah lan naséhat sing tegas marang wong-wong sing kaya ngono kuwi, yaiku bèn wong-wong kuwi ngurusi urusané dhéwé lan mangan saka hasil nyambut gawéné dhéwé.+ 13  Sedulur-sedulur, aja nyerah nindakké apa sing apik. 14  Nèk ana sing ora manut karo petunjuk sing tak wènèhké liwat surat iki, kowé kudu ati-ati karo wong kuwi* lan aja bergaul manèh karo dhèwèké+ bèn dhèwèké isin. 15  Ning, dhèwèké aja mbok anggep mungsuh. Kowé kudu terus mènèhi dhèwèké naséhat+ kaya sedulur. 16  Muga-muga ing keadaan apa waé, Gusti sing nggawé ayem nggawé kowé ngrasa ayem.+ Muga-muga Gusti terus ndhukung kowé. 17  Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé.+ Aku mesthi nulis kaya ngéné ing saben suratku bèn kowé ngerti nèk aku sing nulis surat-surat kuwi. 18  Muga-muga Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé.

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”si jahat”.
Utawa ”tradhisi”.
 Utawa mungkin ”sing ditampa wong-wong kuwi”.
Lit.: ”kowé kudu mènèhi wong kuwi tandha”.