2 Babad 1:1-17

  • Salomo njaluk kawicaksanan (1-12)

  • Hartané Salomo (13-17)

1  Pamréntahané Salomo anaké Daud saya kuwat, lan Yéhuwah Gusti Allahé ndhukung dhèwèké lan nggawé dhèwèké luar biasa hébat.+  Salomo nglumpukké kabèh wong Israèl, yaiku para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus, para hakim, lan kabèh pemimpiné bangsa Israèl, para pemimpin keluarga pihak bapak.  Terus, Salomo lan kabèh jemaat lunga menyang panggonan dhuwur* ing Gibéon,+ merga kémah pertemuané Gusti Allah sing bener, sing digawé Musa abdiné Yéhuwah pas ing padhang belantara, ana ing kono.  Ning, Daud wis nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka Kiriat-yéarim+ menyang panggonan sing wis disedhiakké Daud. Daud ngedegké kémah kanggo Pethi kuwi ing Yérusalèm.+  Mézbah tembaga+ sing digawé Bézalèl+ anaké Uri anaké Hur didèlèhké ing ngarep tabernakelé Yéhuwah. Salomo lan jemaat kuwi ndonga* ing kono.  Salomo mènèhi persembahan ing kana ing ngarepé Yéhuwah. Dhèwèké mènèhi kéwan 1.000 dadi persembahan bakaran ing mézbah tembaga+ sing ana ing kémah pertemuan kuwi.  Bengi kuwi Gusti Allah nemoni Salomo lan kandha, ”Njaluka marang Aku apa sing mbok péngini.”+  Salomo kandha marang Gusti Allah, ”Njenengan wis tresna banget* marang Daud bapakku,+ lan Njenengan ya wis ndadèkké aku raja nggantèni dhèwèké.+  Oh Gusti Allah Yéhuwah, muga-muga janjiné Njenengan marang Daud bapakku kebukti isa dipercaya.+ Njenengan wis nggawé aku dadi rajané bangsa sing akèhé kaya debu ing lemah.+ 10  Mula saiki, wènèhana aku kawicaksanan lan pengetahuan+ kanggo mimpin umat iki, merga sapa ta sing isa ngadili umat-Mu sing akèh banget iki?”+ 11  Terus, Gusti Allah kandha marang Salomo, ”Merga kuwi sing mbok péngini lan kowé ora njaluk harta, kekayaan, kehormatan, utawa bèn wong-wong sing sengit marang kowé padha mati, lan kowé ya ora njaluk umur dawa, ning kowé njaluk kawicaksanan lan pengetahuan kanggo ngadili umat-Ku, sing wis Tak percayakké marang kowé kanggo mbok préntah,+ 12  mula, Aku bakal mènèhi kowé kawicaksanan lan pengetahuan. Aku ya bakal mènèhi kowé harta, kekayaan, lan kehormatan sing ora diduwèni raja-raja sakdurungé kowé utawa sakwisé kowé.”+ 13  Terus, Salomo bali saka panggonan dhuwur* ing Gibéon,+ saka kémah pertemuan, menyang Yérusalèm. Ing kono, dhèwèké mréntah Israèl. 14  Salomo terus nglumpukké kréta perang lan jaran.* Dhèwèké nduwé 1.400 kréta perang lan 12.000 jaran.+ Dhèwèké ndèlèhké kuwi ing kutha-kutha+ panggonané kréta lan ing cedhaké Raja ing Yérusalèm.+ 15  Raja ndadèkké pérak lan emas ing Yérusalèm akèhé kaya watu,+ lan kayu aras* akèhé kaya wit ara hutan ing Syéféla.+ 16  Jaran-jarané Salomo tukuné saka Mesir,*+ lan jaran-jaran kuwi* bakal dituku para pedagangé Salomo nganggo rega sing wis ditentokké.+ 17  Saben kréta sing dituku saka Mesir regané 600 dhuwit pérak, lan saben jaran regané 150 dhuwit pérak. Terus, kuwi diedol marang rajané wong Hèt lan raja-raja Siria.

Katrangan Tambahan

Utawa ”takon marang Gusti Allah”.
Utawa ”wis nduduhké katresnan sing langgeng sing gedhé”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Utawa ”prajurit sing numpak jaran”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa mungkin ”saka Mesir lan saka Kéwé”, mungkin Kilikia.
Utawa mungkin ”jaran-jaran saka Kéwé kuwi”.