2 Babad 10:1-19

  • Israèl mbrontak nglawan Réhoboam (1-19)

10  Réhoboam lunga menyang Syikhèm,+ merga kabèh wong Israèl padha lunga menyang Syikhèm kanggo ndadèkké dhèwèké raja.+  Yéroboam+ anaké Nébat krungu soal kuwi (dhèwèké isih ana ing Mesir merga mlayu saka Raja Salomo).+ mula dhèwèké balik saka Mesir.  Terus, ana sing diutus kanggo ngundang* Yéroboam. Yéroboam lan kabèh wong Israèl nemoni Réhoboam lan kandha,  ”Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot.+ Nèk njenengan gelem ngènthèngké beban lan gawéan sing abot saka bapaké njenengan, aku bakal nglayani njenengan.”  Mula Raja kandha, ”Balia mréné telung dina manèh.” Terus, wong-wong kuwi padha lunga.+  Bar kuwi, Raja Réhoboam njaluk naséhat marang para tuwa-tuwa, yaiku wong-wong sing nglayani Salomo bapaké pas Salomo isih urip. Raja kandha, ”Nèk menurutmu, aku kudu njawab piyé marang wong-wong kuwi?”  Wong-wong kuwi njawab, ”Nèk kowé apikan karo wong-wong kuwi, nyenengké wong-wong kuwi, lan mènèhi jawaban sing nyenengké, wong-wong kuwi bakal terus dadi abdimu.”  Ning, dhèwèké ora manut karo naséhaté para tuwa-tuwa, lan dhèwèké njaluk pendapaté wong-wong enom sing sak umuran karo dhèwèké lan sing saiki nglayani dhèwèké.+  Réhoboam takon, ”Apa naséhatmu? Awaké dhéwé kudu ngomong apa marang wong-wong sing njaluk bèn aku ngènthèngké beban abot sing diwènèhké bapakku marang wong-wong kuwi?” 10  Wong-wong enom kuwi kandha, ”Wong-wong sing kandha marang kowé, ’Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot, ning tulung ènthèngna beban kuwi,’ jawaben waé kaya ngéné, ’Aku bakal nuntut luwih abot timbang bapakku.* 11  Bapakku wis mènèhi kowé beban sing abot, ning kuwi bakal tak tambahi. Bapakku ngukum kowé nganggo pecut biasa, ning aku bakal nindakké kuwi nganggo pecut sing pucuk-pucuké landhep.’” 12  Yéroboam lan wong Israèl nemoni Réhoboam ing dina ketelu, kaya sing sakdurungé dipréntahké Raja, ”Balia mréné telung dina manèh.”+ 13  Ning, Raja kasar wektu njawab wong-wong kuwi. Raja Réhoboam ora manut karo naséhaté para tuwa-tuwa. 14  Dhèwèké manut naséhaté wong-wong enom mau lan kandha, ”Aku bakal mènèhi kowé beban sing luwih abot, malah bakal tak tambahi. Bapakku ngukum kowé nganggo pecut biasa, ning aku bakal nindakké kuwi nganggo pecut sing pucuk-pucuké landhep.” 15  Dadi, Raja ora ngrungokké rakyaté merga Gusti Allah sing bener+ sing nyebabké kuwi kabèh kelakon, supaya omongané Yéhuwah marang Yéroboam anaké Nébat liwat Ahiya+ wong Syilo kelakon tenan. 16  Merga Raja ora gelem ngrungokké karepé wong-wong kuwi, kabèh wong Israèl kandha marang Raja, ”Aku kabèh ora nduwé urusan apa-apa karo Daud. Aku kabèh ora bakal éntuk manfaat apa-apa saka dhèwèké. Warisané anaké Isai kuwi bèn dipèk dhéwé. Wong Israèl, balia marang allah-allahmu dhéwé. Hé keturunané Daud,+ urusen awakmu dhéwé.” Mula, kabèh wong Israèl bali menyang omahé* dhéwé-dhéwé.+ 17  Ning, Réhoboam tetep mréntah wong Israèl sing manggon ing kutha-kutha Yéhuda.+ 18  Terus Raja Réhoboam ngutus Hadoram,+ wong sing ngawasi wong-wong sing dikongkon kerja kanggo Raja, ning wong Israèl mbalangi Hadoram nganggo watu nganti mati. Raja Réhoboam isa lolos lan mlayu menyang Yérusalèm numpak krétané.+ 19  Wong Israèl tetep nglawan keturunané Daud nganti saiki.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Jenthikku luwih gedhé timbang pinggangé bapakku”.
Lit.: ”kémahé”.