2 Babad 12:1-16

  • Syisyak nyerang Yérusalèm (1-12)

  • Akhir pamréntahané Réhoboam (13-16)

12  Sakwisé kedudukané Réhoboam dadi raja saya kuwat lan kukuh,+ dhèwèké lan kabèh wong Israèl ora manut manèh karo Hukumé Yéhuwah.+  Ing taun kelima pamréntahané Raja Réhoboam, Syisyak+ raja Mesir nyerang Yérusalèm, merga wong Israèl ora setya karo Yéhuwah.  Dhèwèké nggawa kréta 1.200, pasukan 60.000 sing numpak jaran, lan para prajurit saka Mesir sing jumlahé ora isa diétung, yaiku wong Libia, wong Sukiim, lan wong Étiopia.+  Dhèwèké ngrebut kutha-kutha ing Yéhuda sing nduwé bèntèng, lan akhiré dhèwèké tekan Yérusalèm.  Nabi Syémaya+ marani Réhoboam lan para pemimpiné Yéhuda sing ngumpul ing Yérusalèm merga wedi karo Syisyak. Nabi Syémaya kandha, ”Iki omongané Yéhuwah, ’Kowé wis ninggalké Aku, mula Aku ya bakal ninggalké kowé+ lan nyerahké kowé marang Syisyak.’”  Mula, Raja lan para pemimpin Israèl ngrendhahké dhiri+ lan kandha, ”Yéhuwah kuwi adil.”  Wektu Yéhuwah weruh nèk wong-wong kuwi ngrendhahké dhiri, Yéhuwah kandha marang Syémaya, ”Wong-wong kuwi wis ngrendhahké dhiri. Aku ora bakal nyingkirké wong-wong kuwi,+ lan sedhéla manèh Aku bakal nylametké wong-wong kuwi. Aku ora bakal nggunakké Syisyak kanggo ngukum Yérusalèm.  Ning, wong-wong kuwi bakal dadi pelayané, supaya wong-wong kuwi ngerti bédané nglayani Aku lan nglayani raja-raja* negara liya.”  Mula, Syisyak raja Mesir nyerang Yérusalèm. Dhèwèké njarah harta ing omahé Yéhuwah+ lan ing istanané raja. Dhèwèké njupuk kabèh, termasuk kabèh tamèng emas sing digawé Salomo.+ 10  Mula, Raja Réhoboam nggawé tamèng-tamèng tembaga kanggo gantiné, lan kuwi kabèh dipasrahké marang para kepala penjaga* sing njaga lawang istana. 11  Saben Raja teka ing omahé Yéhuwah, para penjaga bakal teka nggawa tamèng-tamèng kuwi, lan sakwisé kuwi bakal dibalèkké manèh ing panggonané para penjaga. 12  Merga Raja Réhoboam wis ngrendhahké dhiri lan tumindaké wong-wong Yéhuda isih ana sing apik,+ mula Yéhuwah ora nesu manèh karo dhèwèké+ lan ora nyingkirké kabèh wong kuwi.+ 13  Raja Réhoboam ngupaya éntuk kuwasa sing luwih gedhé ing Yérusalèm lan tetep mréntah. Réhoboam dadi raja pas umuré 41 taun, lan dhèwèké mréntah saksuwéné 17 taun ing Yérusalèm. Yéhuwah milih kutha kuwi saka antarané kabèh suku Israèl bèn dadi panggonan kanggo jenengé. Ibuné Raja jenengé Naama wong Ammon.+ 14  Ning, Réhoboam nindakké apa sing jahat merga dhèwèké ora nduwé tékad ing atiné kanggo nggolèk tuntunané Yéhuwah.+ 15  Sejarahé Réhoboam, saka awal nganti akhir, dicathet ing daftar silsilah sing ditulis Nabi Syémaya+ lan Ido,+ wong sing nyampèkké wahyu. Mesthi ana perang antarané Réhoboam lan Yéroboam.+ 16  Akhiré, Réhoboam mati* lan dikubur ing Kutha Daud.+ Terus, Abiya anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”nglayani kerajaan-kerajaan”.
Lit.: ”para pelari”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.