2 Babad 13:1-22

  • Abiya raja Yéhuda (1-22)

    • Abiya ngalahké Yéroboam (3-20)

13  Ing taun ke-18 pamréntahané Raja Yéroboam, Abiya dadi raja Yéhuda.+  Dhèwèké mréntah suwéné telung taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Mikaya*+ anaké Urièl saka Gibéah.+ Wektu kuwi, ana perang antarané Abiya lan Yéroboam.+  Abiya nduwé prajurit terlatih* sing hébat 400.000.+ Yéroboam nglawan dhèwèké nganggo prajurit terlatih* sing hébat 800.000.  Abiya ngadeg ing Gunung Zémaraim, sing ana ing dhaérah pegunungan Éfraim, terus kandha, ”Yéroboam lan kabèh wong Israèl, rungokna aku.  Apa kowé ora ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis mènèhké kerajaan Israèl marang Daud kanggo saklawasé,+ marang Daud lan anak-anaké lanang+ nganggo perjanjian garam?*+  Ning Yéroboam+ anaké Nébat, abdiné Salomo anaké Daud, mbrontak nglawan rajané.+  Para pengangguran lan wong-wong jahat padha marani dhèwèké. Wong-wong kuwi padha berhasil mbrontak nglawan Réhoboam anaké Salomo. Wektu kuwi, Réhoboam isih enom lan dhèwèké wedi, mula dhèwèké ora isa ngadhepi wong-wong kuwi.  ”Saiki kowé rumangsa kuwat ngadhepi kerajaané Yéhuwah sing ana ing tangané anak-anaké lanang Daud merga kowé nduwé pasukan sing akèh lan nduwé anak-anak sapi saka emas sing digawé Yéroboam dadi allahmu.+  Imam-imamé Yéhuwah,+ keturunané Harun, lan wong-wong Lèwi padha mbok usir, terus kowé nglantik imam-imammu dhéwé kaya bangsa-bangsa negara liya.+ Malah, sapa waé sing teka karo nggawa sapi lanang enom lan domba lanang pitu isa mbok dadèkké imam kanggo brahala-brahala sing sakjané dudu allah. 10  Ning kanggoku, Yéhuwah kuwi Gusti Allahku,+ lan aku ora ninggalké Dhèwèké. Imam-imamku, yaiku keturunané Harun, nglayani Yéhuwah, lan wong-wong Lèwi mbantu gawéané para imam kuwi. 11  Wong-wong kuwi nggawé asap persembahan bakaran kanggo Yéhuwah saben ésuk lan soré.+ Wong-wong kuwi ya mbakar dupa wangi,+ ndèlèhké roti persembahan*+ ing méja saka emas murni, lan ngurubké lampu ing wadhah lampu saka emas+ saben soré.+ Aku nindakké tanggung jawabku marang Yéhuwah Gusti Allahku, ning kowé malah ninggalké Dhèwèké. 12  Gatèkna, Gusti Allah sing bener ndhukung lan mimpin aku. Imam-imamé nyebul trompèt kanggo tandha perang nglawan kowé. Wong Israèl, aja nglawan Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, merga kowé ora bakal berhasil.”+ 13  Ning, Yéroboam ngatur bèn sebagéan pasukané nyerang saka mburiné wong Yéhuda lan sebagéan liyané nyerang saka ngarep. Dadi, ana pasukané Yéroboam sing nyerang saka ngarep lan ana sing siap nyerang saka mburi. 14  Wektu mbalik, wong Yéhuda ndelok nèk diserang saka ngarep lan mburi. Mula, wong-wong kuwi mulai njaluk tulung marang Yéhuwah+ lan para imam padha nyebul trompèt banter banget. 15  Wong Yéhuda padha mbengok kanggo maju perang, lan wektu wong-wong kuwi mbengok, Gusti Allah sing bener ngalahké Yéroboam lan kabèh wong Israèl ing ngarepé Abiya lan Yéhuda. 16  Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé Yéhuda, lan Gusti Allah nyerahké wong-wong kuwi ing tangané Yéhuda. 17  Abiya lan pasukané matèni akèh banget wong Israèl. Akhiré, 500.000 prajurit Israèl sing terlatih padha mati. 18  Ya ngono kuwi wong Israèl direndhahké. Ning, wong Yéhuda dadi luwih unggul merga ngendelké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé wong-wong kuwi.+ 19  Abiya terus ngoyak* Yéroboam lan ngrebut kutha-kutha saka dhèwèké, yaiku Bètel+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Yésyana lan kutha-kutha ing sekitaré, karo Éfrain+ lan kutha-kutha ing sekitaré. 20  Ing jamané Abiya, kekuasaané Yéroboam ora tau kaya sakdurungé manèh. Akhiré, Yéhuwah nggawé Yéroboam mati.+ 21  Ning, Abiya dadi saya kuwat. Dhèwèké nduwé bojo 14,+ anak lanang 22, lan anak wédok 16. 22  Sejarah liyané soal Abiya, termasuk soal tumindak lan omongané, dicathet ing tulisané Nabi Ido.+

Katrangan Tambahan

Jeneng liyané yaiku Maaka ing bab 11:20-22 lan 1Raj 15:2.
Lit.: ”pilihan”.
Lit.: ”pilihan”.
Maksudé, perjanjian sing permanèn lan ora berubah.
Utawa ”roti susun”.
Utawa ”nguber”.