2 Babad 15:1-19

  • Perubahan sing digawé Asa (1-19)

15  Roh suciné Gusti Allah mudhun ing ndhuwuré Azaria anaké Odèd.  Terus, dhèwèké nemoni Asa lan kandha, ”Asa lan kabèh wong Yéhuda lan Bènyamin, rungokna aku. Yéhuwah ndhukung kowé nèk kowé tetep setya karo Dhèwèké.+ Nèk kowé nggolèki Dhèwèké, Dhèwèké bakal mbok temokké.*+ Ning nèk kowé ninggalké Dhèwèké, Dhèwèké bakal ninggalké kowé.+  Wis suwé Israèl ora nglayani Gusti Allah sing bener, ora éntuk tuntunan saka para imam, lan ora nindakké hukum.+  Ning, wektu ngalami kesusahan wong-wong kuwi bali marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl lan nggolèki Dhèwèké, lan Dhèwèké gelem ditemoni.+  Wektu kuwi, ora ana sing isa slamet wektu lunga ing endi-endi, merga kabèh penduduk saka dhaérah-dhaérah ing tanah kuwi padha ora rukun.  Bangsa sing siji dihancurké karo bangsa liyané, lan kutha sing siji dihancurké karo kutha liyané, merga Gusti Allah terus nggawé wong-wong kuwi ora rukun lan ngalami akèh kesusahan.+  Ning, kowé kudu kendel lan terus semangat,*+ merga tumindakmu bakal diberkahi.”  Sakwisé krungu omongan kuwi lan ramalané Nabi Odèd, Asa dadi kendel, terus nyingkirké brahala-brahala sing njijiki saka kabèh dhaérah Yéhuda+ lan Bènyamin lan saka kutha-kutha sing direbut saka dhaérah pegunungan Éfraim, lan dhèwèké ndandani mézbahé Yéhuwah sing ana ing ngarep serambiné Yéhuwah.+  Dhèwèké ya ngumpulké kabèh penduduk Yéhuda lan Bènyamin karo penduduk asing sing wis nggabung karo wong-wong kuwi saka Éfraim, Manasyé, lan Siméon.+ Wektu ndelok nèk Yéhuwah Gusti Allahé ndhukung Asa, wong-wong kuwi ninggalké Israèl lan nggabung karo Asa. 10  Mula, wong-wong kuwi ngumpul ing Yérusalèm ing sasi ke-3 taun ke-15 pamréntahané Asa. 11  Ing dina kuwi, wong-wong kuwi mènèhké sapi 700 lan domba 7.000 saka jarahané wong-wong kuwi bèn dadi persembahan marang Yéhuwah. 12  Terus, wong-wong kuwi nggawé perjanjian nèk arep saktulusé ati lan sepenuh jiwa* nglayani Yéhuwah, Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 13  Sapa waé sing ora nglayani Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kudu dipatèni, ora soal enom utawa tuwa, lanang utawa wédok.+ 14  Wong-wong kuwi nggawé sumpah marang Yéhuwah nganggo swara banter, padha sorak-sorak, lan padha ngunèkké trompèt.* 15  Kabèh penduduk Yéhuda padha seneng karo sumpah kuwi merga wis sumpah saktulusé ati lan tenanan nggolèki Gusti Allah. Gusti Allah ya gelem ditemoni wong-wong kuwi.+ Yéhuwah terus mbébaské wong-wong kuwi saka kabèh mungsuh ing sekitaré.+ 16  Malah, Raja Asa mecat Maaka+ simbahé wédok saka kedudukané dadi ibu suri, merga dhèwèké nggawé patung sing saru kanggo nyembah cagak suci.*+ Asa ngambrukké patung sing saru kuwi, terus patung kuwi diremuk lan dibakar ing Lembah Kidron.+ 17  Ning, panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké+ saka Israèl.+ Senajan ngono, sakjegé uripé, Asa ngabdi saktulusé ati marang Gusti Allah.+ 18  Dhèwèké nggawa pérak, emas, lan barang-barang liyané+ menyang omahé Gusti Allah sing bener. Kuwi barang-barang sing wis disucèkké Asa lan bapaké. 19  Ora ana perang nganti taun ke-35 pamréntahané Asa.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Dhèwèké bakal ngéntukké kowé nemokké Dhèwèké”.
Lit.: ”aja nganti tanganmu mudhun”.
Lit.: ”trompèt lan sungu kéwan”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.