2 Babad 19:1-11

  • Yéhu nyenèni Yéhosyafat (1-3)

  • Perubahan sing digawé Yéhosyafat (4-11)

19  Terus, Yéhosyafat raja Yéhuda slamet+ tekan ing istanané ing Yérusalèm.  Yéhu,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah, anaké Hanani+ marani Raja Yéhosyafat lan takon, ”Apa pantes njenengan nulungi+ wong jahat lan nresnani wong sing sengit karo Yéhuwah?+ Kuwi sebabé Yéhuwah nesu karo njenengan.  Ning, Gusti Allah ndelok nèk isih ana sing apik saka njenengan,+ merga njenengan wis nyingkirké cagak-cagak suci* saka tanah iki lan wis nyiapké ati* kanggo nglayani Gusti Allah sing bener.”+  Yéhosyafat tetep manggon ing Yérusalèm, lan dhèwèké marani manèh rakyaté saka Béèr-syéba nganti dhaérah pegunungan Éfraim+ kanggo nyemangati wong-wong kuwi bèn ngibadah manèh marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+  Dhèwèké ya nglantik hakim-hakim ing kabèh dhaérah Yéhuda lan ing saben kutha+ sing nduwé bèntèng ing Yéhuda.  Dhèwèké kandha marang para hakim kuwi, ”Gatèkna tugasmu, merga kowé ngadili kanggo Yéhuwah, dudu kanggo manungsa, lan Gusti Allah mbantu pas kowé ngadili.+  Wedia marang Yéhuwah.+ Ngati-atia wektu arep tumindak, merga Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé kuwi adil,+ ora mbédak-bédakké,+ lan ora nampa suap.”+  Ing Yérusalèm, Yéhosyafat ya nglantik sebagéan wong Lèwi lan imam, lan sebagéan pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl bèn dadi hakim kanggo Yéhuwah, lan nangani kasus hukumé penduduk Yérusalèm.+  Dhèwèké mréntahké wong-wong kuwi, ”Wedia marang Yéhuwah, lan kowé kudu setya lan saktulusé ati nindakké tugasmu. 10  Wektu sedulur-sedulurmu sing manggon ing kutha-kuthané nggawa kasus hukum sing ana hubungané karo matèni+ utawa takon soal hukum, préntah, peraturan, utawa keputusan, kowé kudu ngélikké wong-wong kuwi bèn ora dosa ing ngarepé Yéhuwah. Nèk ora, Gusti Allah bakal nesu karo kowé lan sedulur-sedulurmu. Iki sing kudu mbok tindakké bèn kowé ora dosa. 11  Iki Amaria imam kepala sing ngawasi kowé. Dhèwèké bakal mbantu kowé ngerti karepé Yéhuwah.+ Zébadia anaké Ismaèl kuwi pengawasé suku Yéhuda lan pengawasé gawéané raja. Wong Lèwi bakal mbantu kowé. Kowé kudu kendel lan sregep nindakké gawéanmu. Muga-muga Yéhuwah mberkahi tumindakmu sing apik.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nduwé tékad ing ati”.