2 Babad 2:1-18

  • Persiapan mbangun bait (1-18)

2  Terus, Salomo mènèhi préntah bèn mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah+ lan omah* kanggo kerajaané dhéwé.+  Salomo milih wong 70.000 dadi kuli lan wong 80.000 dadi tukang motong watu ing gunung,+ lan wong 3.600 dadi pengawasé.+  Terus, Salomo ngirim pesen marang Hiram+ raja Tirus, ”Mbiyèn kowé ngirim kayu aras marang Daud bapakku kanggo mbangun omahé.* Saiki, ya tindakna kaya ngono marang aku,+  merga aku arep mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku, bèn aku isa nyucèkké kuwi kanggo Gusti Allah lan mbakar dupa wangi+ ing ngarepé, supaya ing kana ajeg ana roti persembahan,*+ lan supaya ana persembahan bakaran, ésuk lan bengi,+ pas dina Sabat,+ pas bulan anyar,+ lan pas perayaan+ kanggo Yéhuwah Gusti Allahku. Iki bakal dadi kewajibané Israèl kanggo sakterusé.  Omah sing arep tak bangun kuwi megah banget, merga Gusti Allahku luwih hébat timbang allah-allah liyané.  Sapa ta sing isa mbangun omah kanggo Dhèwèké? Nèk langit, malah langit sing jembar banget waé ora cukup kanggo Dhèwèké,+ mosok aku isa mbangun omah kanggo Dhèwèké? Aku mung isa mbangun panggonan kanggo nggawé asap korban ing ngarepé.  Mula, kirimana aku pengrajin sing trampil nggawé barang-barang saka emas, pérak, tembaga,+ wesi, wol ungu, benang abang tuwa,* benang biru, lan wong sing isa ngukir. Dhèwèké bakal kerja ing Yéhuda lan Yérusalèm bareng karo para pengrajinku sing trampil, sing wis disiapké Daud bapakku.+  Kirimana aku kayu aras, juniper,+ lan cendana+ saka Lébanon, merga aku ngerti nèk para abdimu pengalaman negor wit Lébanon.+ Para abdiku bakal kerja bareng karo para abdimu+  kanggo nyiapké kayu sing cacahé akèh banget, merga omah sing arep tak bangun kuwi gedhé lan apik banget. 10  Kanggo para abdimu,+ wong-wong sing negor wit, aku bakal nyedhiakké gandum 20.000 kor,* barli 20.000 kor, anggur 20.000 bat,* lan minyak 20.000 bat.” 11  Mula, Hiram raja Tirus ngirim surat marang Salomo, ”Merga Yéhuwah nresnani umaté, kowé didadèkké rajané wong-wong kuwi.” 12  Hiram ya kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, sing wis nggawé langit lan bumi, dipuji. Merga Dhèwèké wis mènèhi Raja Daud anak sing wicaksana,+ sing diberkahi nganggo kawicaksanan lan pemahaman,+ sing bakal mbangun omah kanggo Yéhuwah lan omah* kanggo kerajaané dhéwé. 13  Saiki, aku ngutus pengrajin sing trampil lan ahli, yaiku Hiram-abi,+ 14  sing ibuné keturunan Dan, ning bapaké wong Tirus. Hiram-abi pengalaman nggawé barang-barang saka emas, pérak, tembaga, wesi, watu, kayu, wol ungu, benang biru, kain alus, lan benang abang tuwa.*+ Dhèwèké isa nggawé macem-macem ukiran lan nggawé rancangan apa waé sing diwènèhké.+ Dhèwèké bakal kerja bareng karo para pengrajinmu sing trampil lan para pengrajin sing trampil duwèké Daud bapakmu. 15  Mula, kirimen gandum, barli, minyak, lan anggur kaya sing wis njenengan janjèkké marang para abdiné.+ 16  Aku bakal negor wit saka Lébanon+ sing akèhé kaya sing mbok butuhké lan nggawé kuwi dadi rakit, terus digawa menyang Yopa+ liwat laut. Saka kana, kuwi bakal mbok gawa menyang Yérusalèm.”+ 17  Terus, Salomo ngétung kabèh penduduk asing ing tanah Israèl,+ kaya sing ditindakké Daud bapaké,+ lan jumlahé wong-wong kuwi ana 153.600. 18  Salomo nugaské wong 70.000 dadi kuli, wong 80.000 dadi tukang motong watu+ ing gunung, lan wong 3.600 dadi pengawas sing mènèhi tugas.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”istana”.
Utawa ”istanané”.
Utawa ”roti susun”.
Utawa ”kirmizi”.
1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.
1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”istana”.
Utawa ”kirmizi”.