2 Babad 21:1-20

  • Yéhoram raja Yéhuda (1-11)

  • Surat saka Èlia (12-15)

  • Yéhoram sengsara nganti mati (16-20)

21  Akhiré, Yéhosyafat mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud. Anaké sing jenengé Yéhoram dadi raja nggantèni dhèwèké.+  Adhi-adhiné lanang Yéhoram, anak-anaké lanang Yéhosyafat, yaiku Azaria, Yéhièl, Zakharia, Azaria, Mikhaèl, lan Syéfatia. Kabèh kuwi anak-anaké Yéhosyafat raja Israèl.  Bapaké wong-wong kuwi mènèhi hadiah pérak lan emas akèh banget, karo barang-barang berharga lan kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda.+ Ning, kerajaan kuwi diwènèhké marang Yéhoram+ merga Yéhoram anak pertama.  Pas Yéhoram wis nguwasani kerajaané bapaké, dhèwèké matèni kabèh adhiné lanang+ lan sebagéan pejabat Israèl nganggo pedhang bèn dhèwèké tetep dadi raja.  Yéhoram anaké Yéhosyafat umuré 32 taun wektu dadi raja lan mréntah suwéné wolung taun ing Yérusalèm.+  Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl,+ kaya sing ditindakké keluargané Ahab, merga bojoné kuwi anaké wédok Ahab.+ Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.  Ning, Yéhuwah ora gelem nyingkirké keturunané Daud merga perjanjian sing wis digawé karo Daud.+ Gusti Allah wis janji nèk keturunané Daud bakal mréntah* sakterusé.+  Ing jamané Yéhoram, wong Édom mbrontak nglawan kerajaan Yéhuda+ lan nglantik raja dhéwé.+  Yéhoram lan para pemimpin pasukané nyabrang karo kabèh pasukan krétané. Pas bengi, Yéhoram mangkat lan ngalahké wong Édom sing ngepung dhèwèké lan para pemimpin pasukan krétané. 10  Ning, Édom terus mbrontak nglawan Yéhuda nganti saiki. Wektu kuwi, Libna+ ya mbrontak nglawan Yéhoram, merga Yéhoram wis ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 11  Dhèwèké ya nggawé panggonan-panggonan dhuwur*+ ing dhaérah pegunungan Yéhuda. Kuwi nggawé penduduk Yérusalèm ora setya marang Gusti Allah, lan Yéhoram nggawé wong Yéhuda adoh saka Gusti Allah. 12  Akhiré, dhèwèké éntuk surat saka Nabi Èlia+ sing isiné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Daud nènèk moyangmu, ’Kowé ora niru tumindaké Yéhosyafat+ bapakmu utawa tumindaké Asa+ raja Yéhuda. 13  Ning, kowé niru tumindaké raja-raja Israèl+ lan nyebabké Yéhuda karo penduduk Yérusalèm ora setya+ marang Gusti Allah kaya keluargané Ahab.+ Malah kowé matèni adhi-adhimu dhéwé,+ anak-anaké bapakmu, sing luwih apik timbang kowé. 14  Yéhuwah bakal nyingkirké rakyatmu, anak-anakmu lanang, bojo-bojomu, lan kabèh duwèkmu. 15  Saben dina, kowé bakal sengsara merga akèh penyakit, termasuk penyakit usus, nganti ususmu metu merga penyakit kuwi.’” 16  Yéhuwah nggawé+ wong Filistin*+ lan wong Arab+ sing ana ing cedhaké wong Étiopia dadi nglawan Yéhoram. 17  Mula, wong-wong kuwi nyerang Yéhuda lan meksa bèn isa mlebu kutha kuwi, terus njupuk kabèh harta sing ana ing istana.+ Wong-wong kuwi ya nawan anak-anaké lanang lan bojo-bojoné Yéhoram, kecuali Yéhoahaz*+ anak sing terakhir. 18  Sakwisé kuwi kabèh kelakon, Yéhuwah nggawé dhèwèké sengsara merga penyakit usus sing ora isa mari.+ 19  Sakwisé rong taun, ususé metu merga penyakit kuwi. Dhèwèké sengsara banget nganti akhiré mati merga penyakit kuwi. Rakyaté ora ngurubké geni kanggo dhèwèké kaya sing ditindakké kanggo nènèk moyangé.+ 20  Pas dadi raja, Yéhoram umuré 32 taun lan mréntah wolung taun suwéné ing Yérusalèm. Ora ana sing sedhih wektu dhèwèké mati. Dhèwèké dikubur ing Kutha Daud,+ ning dudu ing kuburané para raja.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Lit.: ”wis mènèhi Daud lampu”.
Lit.: ”semangaté wong Filistin”.
Jeneng liyané yaiku Ahazia.