2 Babad 27:1-9

  • Yotam raja Yéhuda (1-9)

27  Pas mréntah dadi raja, Yotam+ umuré 25 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yérusyah anaké Zadok.+  Yotam terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Uzzia bapaké,+ ning dhèwèké ora meksa mlebu ing baité Yéhuwah.+ Senajan ngono, bangsa kuwi isih terus nindakké sing jahat.  Dhèwèké mbangun gerbang ndhuwur ing omahé Yéhuwah,+ lan dhèwèké mbangun témbok Ofèl.+  Dhèwèké ya mbangun kutha-kutha+ ing dhaérah pegunungan Yéhuda,+ panggonan-panggonan sing ana bèntèngé,+ lan menara-menara+ ing hutan-hutan.  Dhèwèké perang nglawan rajané wong Ammon+ lan akhiré menang. Mula ing taun kuwi, wong Ammon mènèhi pérak 100 talènta,* gandum 10.000 kor,* lan barli 10.000 kor. Ing taun keloro lan ketelu,+ wong Ammon ya mènèhi dhèwèké bayaran sing padha.  Mula, Yotam dadi saya kuwat merga dhèwèké nduwé tékad mlaku ing dalané Yéhuwah Gusti Allahé.  Sejarah liyané soal Yotam, termasuk kabèh perang lan tumindaké, ditulis ing Buku Raja-Raja Israèl lan Yéhuda.+  Pas mréntah dadi raja, Yotam umuré 25 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm.+  Akhiré, Yotam mati* lan dikubur ing Kutha Daud.+ Terus, Ahaz anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+

Katrangan Tambahan

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.