2 Babad 29:1-36

  • Hizkia raja Yéhuda (1, 2)

  • Perubahan sing digawé Hizkia (3-11)

  • Bait disucèkké (12-19)

  • Ibadah ing bait ditindakké manèh (20-36)

29  Pas mréntah dadi raja, Hizkia+ umuré 25 taun lan mréntah 29 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Abiya anaké Zakharia.+  Hizkia terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah,+ kaya sing ditindakké Daud nènèk moyangé.+  Ing taun pertama pamréntahané, ing sasi pertama, dhèwèké mbukak lan ndandani lawang-lawang omahé Yéhuwah.+  Terus, dhèwèké ngumpulké para imam lan wong Lèwi ing lapangan ing sisih wétan.  Dhèwèké kandha, ”Wong Lèwi, rungokna aku. Saiki, sucèkna awakmu,+ sucèkna omahé Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, lan singkirna kabèh sing najis saka panggonan suci.+  Bapak-bapaké awaké dhéwé wis ora setya lan nindakké sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.+ Wong-wong kuwi ninggalké Gusti Allah, ora perduli karo tabernakelé Yéhuwah, lan nolak Gusti Allah.+  Wong-wong kuwi nutup lawang-lawang serambi+ lan matèni lampu-lampuné.+ Wong-wong kuwi ya ora mbakar dupa+ manèh lan ora mènèhké korban bakaran+ ing panggonan suciné Gusti Allahé Israèl.  Mula, Yéhuwah dadi nesu marang Yéhuda lan Yérusalèm+ lan nggawé wong-wong kuwi kena bencana, supaya wong-wong sing ndelok lan krungu kuwi bakal wedi, nggumun, lan ngrèmèhké,* kaya sing wis mbok delok dhéwé.+  Kuwi sebabé nènèk moyangé awaké dhéwé mati merga pedhang.+ Anak-anak lanang, anak-anak wédok, lan bojoné awaké dhéwé ya ditawan.+ 10  Saiki, atiku péngin nggawé perjanjian karo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ supaya Dhèwèké ora nesu manèh karo awaké dhéwé. 11  Anak-anakku, saiki dudu wektuné kanggo ninggalké tugasmu,* merga Yéhuwah wis milih kowé kanggo nglayani+ ing ngarepé lan kanggo nggawé asap korban.”+ 12  Pas krungu kuwi, wong Lèwi padha tumindak. Saka keturunané Kohat:+ Mahat anaké Amasai lan Yoèl anaké Azaria. Saka keturunané Mérari:+ Kis anaké Abdi lan Azaria anaké Yéhalélèl. Saka keturunané Gèrsyon:+ Yoah anaké Zima lan Èden anaké Yoah. 13  Saka anak-anaké lanang Èlizafan: Syimri lan Yéuèl. Saka anak-anaké lanang Asaf:+ Zakharia lan Matania. 14  Saka anak-anaké lanang Héman:+ Yéhièl lan Syiméi. Saka anak-anaké lanang Yédutun:+ Syémaya lan Uzièl. 15  Terus, kabèh wong kuwi ngumpulké sedulur-seduluré, nyucèkké awaké, lan mara kanggo nyucèkké omahé Yéhuwah, sesuai karo préntahé Raja lan omongané Yéhuwah.+ 16  Bar kuwi, para imam mlebu ing omahé Yéhuwah kanggo nyucèkké omah kuwi, ngetokké kabèh sing najis saka baité Yéhuwah, lan ndèlèhké kuwi ing halaman+ omahé Yéhuwah. Terus, wong Lèwi nggawa kuwi metu menyang Lembah Kidron.+ 17  Mula ing dina pertama sasi pertama, bait kuwi disucèkké, lan ing dina kewolu sasi kuwi gawéan nyucèkké kuwi wis tekan serambiné Yéhuwah.+ Ana wolung dina manèh sing digunakké kanggo nyucèkké omahé Yéhuwah, lan kabèh gawéan kuwi rampung ing dina ke-16 sasi ke-1. 18  Terus, wong-wong kuwi marani Raja Hizkia lan kandha, ”Aku wis nyucèkké kabèh bagéan ing omahé Yéhuwah, mézbah persembahan bakaran+ lan kabèh peralatané,+ karo méja roti persembahan*+ lan kabèh peralatané. 19  Kabèh peralatan sing disingkirké Raja Ahaz sing ora setya+ saksuwéné dhèwèké mréntah, wis tak siapké lan tak sucèkké.+ Kabèh kuwi ana ing ngarep mézbahé Yéhuwah.” 20  Raja Hizkia tangi ésuk-ésuk lan ngumpulké para pejabat kutha, terus wong-wong kuwi lunga menyang omahé Yéhuwah. 21  Wong-wong kuwi nggawa sapi lanang pitu, anak domba lanang pitu, lan kambing lanang pitu dadi persembahan dosa kanggo kerajaan kuwi, kanggo panggonan suci, lan kanggo Yéhuda.+ Hizkia ngongkon para imam keturunané Harun mènèhké kuwi kabèh dadi persembahan ing mézbahé Yéhuwah. 22  Terus sapi-sapi kuwi dibelèh,+ lan para imam njupuk getihé lan nyipratké kuwi ing ndhuwuré mézbah.+ Sakwisé kuwi, para imam mbelèh domba-domba lanang lan nyipratké getihé ing ndhuwuré mézbah, terus mbelèh anak-anak domba lanang lan nyipratké getihé ing ndhuwuré mézbah. 23  Bar kuwi, kambing-kambing lanang sing didadèkké persembahan dosa digawa ing ngarepé Raja lan jemaat. Terus, wong-wong mau ndèlèhké tangané ing ndhuwuré kambing-kambing kuwi. 24  Para imam mbelèh kabèh kambing lan mènèhké kuwi dadi persembahan dosa. Para imam kuwi ndèlèhké getihé ing ndhuwuré mézbah bèn dosané wong Israèl isa diapura, merga Raja kandha nèk persembahan bakaran lan persembahan dosa kuwi kudu diwènèhké kanggo kabèh wong Israèl. 25  Raja ya nugaské wong Lèwi ing omahé Yéhuwah kanggo main simbal, alat musik bersenar, lan harpa+ kaya sing dipréntahké Daud,+ Gad+ yaiku wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah, lan Nabi Natan.+ Préntah kuwi asalé saka Yéhuwah liwat para nabiné. 26  Mula, wong Lèwi ngadeg karo nyekel alat-alat musiké Daud, lan para imam ngadeg karo nyekel trompèt.+ 27  Terus, Hizkia ngongkon bèn mènèhké korban bakaran ing mézbah.+ Pas persembahan bakaran mulai diwènèhké, nyanyian kanggo Yéhuwah ya dimulai lan alat-alat musiké Daud raja Israèl mulai dimainké bareng karo trompèt-trompèt. 28  Kabèh jemaat padha sujud saksuwéné nyanyian kuwi dinyanyèkké lan trompèt diunèkké. Kuwi kelakon nganti persembahan bakaran mau rampung dibakar. 29  Bar rampung mènèhké persembahan mau, Raja lan kabèh sing bareng dhèwèké padha mbungkuk lan sujud. 30  Raja Hizkia lan para pejabat ngongkon wong Lèwi muji Yéhuwah nganggo mazmuré Daud+ lan Asaf+ yaiku wong sing nyampèkké wahyu. Wong-wong kuwi padha muji karo seneng banget, terus mbungkuk lan sujud. 31  Terus Hizkia kandha, ”Merga saiki kowé wis dipisahké kanggo Yéhuwah, kowé kudu mara lan nggawa korban lan persembahan ucapan syukur menyang omahé Yéhuwah.” Mula, jemaat kuwi mulai nggawa korban lan persembahan ucapan syukur. Saben wong sing nduwé kepénginan ing atiné nggawa persembahan bakaran.+ 32  Jumlah persembahan bakaran sing digawa jemaat kuwi, yaiku sapi 70, domba lanang 100, lan anak domba lanang 200. Kabèh kuwi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.+ 33  Jumlah persembahan suciné yaiku sapi 600 lan domba 3.000. 34  Ning, ora ana cukup imam ing kana kanggo nguliti kabèh persembahan bakaran mau. Mula, sedulur-seduluré, yaiku wong Lèwi, padha mbantu wong-wong kuwi+ nganti tugas kuwi rampung lan nganti para imam isa nyucèkké awaké,+ merga wong Lèwi luwih nggatèkké soal nyucèkké awak timbang para imam. 35  Ana manèh persembahan bakaran,+ gajih saka korban kerukunan,*+ lan persembahan minuman kanggo persembahan bakaran.+ Ya ngono kuwi ibadah ing omahé Yéhuwah dipulihké.* 36  Hizkia lan kabèh wong kuwi seneng banget karo apa sing wis ditindakké Gusti Allah sing bener kanggo wong-wong kuwi,+ merga kabèh kuwi rampungé cepet banget.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”nyingsoti”.
Utawa ”istirahat”.
Utawa ”roti susun”.
Utawa ”disiapké”.