2 Babad 3:1-17

  • Salomo mulai mbangun bait (1-7)

  • Ruang Mahasuci (8-14)

  • Pilar tembaga loro (15-17)

3  Terus, Salomo mulai mbangun omahé Yéhuwah+ ing Yérusalèm ing Gunung Moria,+ yaiku panggonan sing wis disiapké Daud.+ Ing panggonan kuwi, Yéhuwah tau nemoni Daud bapaké. Kuwi panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Ornan+ wong Yébus.  Ing dina keloro sasi keloro taun kepapat pamréntahané Salomo, dhèwèké mulai mbangun omahé Gusti Allah.  Pondhasi sing digawé Salomo kanggo omahé Gusti Allah sing bener kuwi dawané 60 hasta lan ambané 20 hasta,+ sesuai karo ukuran hasta wektu kuwi.*  Serambi ing ngarep omah kuwi dawané 20 hasta, padha kaya ambané omah kuwi, lan dhuwuré 20.* Dhèwèké nglapisi bagéan njeroné nganggo emas murni.+  Dhèwèké masang papan-papan kayu juniper ing ruangan gedhé,* bar kuwi dilapisi nganggo emas sing paling apik+ lan dihias nganggo gambar-gambar wit palem+ lan ranté.+  Terus, dhèwèké masang watu-watu berharga+ sing apik ing omah kuwi, lan dhèwèké nggunakké emas+ sing asalé saka Parwaim.  Dhèwèké nglapisi omah kuwi, balok-balok atapé, bagéan sing ana ing ngisoré lawang, témbok, lan lawang-lawangé nganggo emas.+ Dhèwèké ya nggawé ukir-ukiran gambar kerub ing témbok.+  Terus, dhèwèké nggawé Ruang Mahasuci.+ Ambané padha kaya ambané omah kuwi yaiku 20 hasta, lan dawané 20 hasta. Dhèwèké nglapisi kuwi nganggo emas sing paling apik 600 talènta.*+  Bobot emas kanggo paku-pakuné 50 syèkel.* Dhèwèké nglapisi ruangan-ruangan atap nganggo emas. 10  Terus, dhèwèké nggawé patung kerub loro kanggo Ruang Mahasuci lan nglapisi kuwi nganggo emas.+ 11  Saka pucuk sayap kerub sing pertama nganti pucuk sayap kerub+ sing keloro dawané 20 hasta. Dawané siji sayap kerub sing pertama yaiku limang hasta lan ngenani témbok omah, lan sayap sing sijiné dawané ya limang hasta lan ngenani sayapé kerub sing keloro. 12  Dawané siji sayap kerub sing keloro yaiku limang hasta lan ngenani témbok omah, lan sayap sing sijiné dawané ya limang hasta lan ngenani sayapé kerub sing pertama. 13  Sayap-sayapé kerub-kerub kuwi megar 20 hasta dawané. Kerub-kerub kuwi ngadeg karo madhep Ruang Suci. 14  Dhèwèké ya nggawé kordhèn+ saka benang biru, wol ungu, benang abang tuwa,* lan kain alus. Terus kuwi dihias nganggo gambar-gambar kerub.+ 15  Terus, dhèwèké nggawé cagak loro+ ing ngarep omah kuwi. Dawané 35 hasta, lan saben kepala cagak dhuwuré 5 hasta.+ 16  Dhèwèké ya nggawé ranté-ranté, kaya kalung, sing digantungké ing kepala cagak kuwi. Terus, nggawé hiasan delima 100 sing dipasang ing ranté-ranté kuwi. 17  Dhèwèké ndèlèhké cagak-cagak kuwi ing ngarep bait. Sing siji ing sisih tengen,* lan sing sijiné ing sisih kiwa.* Sing sisih tengen dijenengi Yakhin,* lan sing sisih kiwa dijenengi Boaz.*

Katrangan Tambahan

1 hasta biasa = 44,5 cm, ning ana sing kandha nèk ”ukuran hasta wektu kuwi” maksudé ukuran hasta dawa, yaiku 51,8 cm. Deloken Lamp. B14.
Menurut beberapa naskah kuna, ukurané ”120”. Tapi ing naskah lan terjemahan liyané ukurané ”20 hasta”.
Lit.: ”omah gedhé”. Mungkin maksudé, Ruang Suci.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”kirmizi”.
Utawa ”kidul”.
Utawa ”lor”.
Artiné ”Muga-Muga Dhèwèké [maksudé, Yéhuwah] Ngukuhké”.
Mungkin artiné ”Nganggo Kekuwatan”.