2 Babad 31:1-21

  • Hizkia nyingkirké ibadah palsu (1)

  • Para imam lan wong Lèwi éntuk sumbangan (2-21)

31  Sakwisé kabèh rampung, kabèh wong Israèl sing teka padha lunga menyang kutha-kutha Yéhuda. Wong-wong kuwi padha ngremuk tugu-tugu suci,*+ cagak-cagak suci,*+ panggonan-panggonan dhuwur*+ lan mézbah-mézbah+ sing ana ing kabèh dhaérah Yéhuda, Bènyamin, Éfraim lan Manasyé.+ Kuwi diremuk nganti kabèh hancur. Bar kuwi, kabèh wong Israèl padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.  Terus, Hizkia ngatur para imam+ lan wong Lèwi ing kelompok-kelompoké+ supaya isa nindakké tugasé.+ Kabèh wong kuwi mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Kabèh wong kuwi ya nglayani, ngucap syukur, lan muji ing njero gerbang halaman baité* Yéhuwah.+  Sebagéan barang-barang duwèké Raja diwènèhké bèn dadi persembahan bakaran,+ termasuk persembahan ésuk lan soré,+ lan persembahan bakaran pas dina-dina Sabat,+ bulan anyar,+ lan perayaan.+ Kuwi ditindakké sesuai karo apa sing wis ditulis ing Hukumé Yéhuwah.  Sakliyané kuwi, Hizkia mréntahké penduduk Yérusalèm kanggo mènèhi jatahé para imam lan wong Lèwi,+ supaya para imam lan wong Lèwi isa fokus nindakké hukumé Yéhuwah.  Sakwisé préntah kuwi diumumké, wong Israèl mènèhké akèh banget hasil sing pertama lan sing paling apik saka biji-bijian, anggur anyar, minyak,+ madu, lan kabèh hasil saka ladhang.+ Ana akèh banget sing digawa wong-wong kuwi, yaiku sepersepuluh saka sak kabèhé.+  Wong Israèl lan wong Yéhuda sing manggon ing kutha-kutha Yéhuda nggawa sepersepuluh saka sapi lan domba lan sepersepuluh saka barang-barang suci+ sing wis disucèkké kanggo Yéhuwah Gusti Allahé. Ana akèh banget persembahan sing dikumpulké.  Ing sasi ketelu,+ kabèh persembahan sing digawa wong-wong mulai dikumpulké ing sak panggonan, lan rampungé ing sasi kepitu.+  Pas ndelok akèh banget persembahan sing digawa wong-wong kuwi, Hizkia lan para pejabat muji Yéhuwah lan njaluk berkah kanggo Israèl umaté.  Bar kuwi, Hizkia takon marang para imam lan wong Lèwi soal persembahan sing digawa wong-wong kuwi. 10  Terus, imam kepala Azaria saka keluargané Zadok njawab, ”Kèt wong-wong kuwi nggawa sumbangan menyang omahé Yéhuwah,+ wong-wong mangan nganti wareg ning turahané isih akèh, merga Yéhuwah mberkahi umaté. Mula, iki turahané sing akèh banget kuwi.”+ 11  Pas krungu kuwi, Hizkia ngongkon wong bèn nyiapké gudhang-gudhang*+ ing omahé Yéhuwah, terus gudhang kuwi disiapké. 12  Wong-wong kuwi terus nggawa sumbangan-sumbangan, sepersepuluhan,+ lan barang-barang suci. Konania, yaiku salah siji wong Lèwi, ditugasi dadi pengawasé lan Syiméi seduluré dadi wong sing nomer loro. 13  Yéhièl, Azazia, Nahat, Asahèl, Yérimot, Yozabad, Èlièl, Ismakhia, Mahat, lan Bénaya kuwi wong-wong sing mbantu Konania lan Syiméi seduluré, kaya préntahé Raja Hizkia. Azaria dadi pengawas omahé Gusti Allah sing bener. 14  Koré anaké Imnah, wong Lèwi sing njaga gerbang sisih wétan,+ ditugasi ngurus persembahan sukaréla+ kanggo Gusti Allah sing bener. Dhèwèké ya mbagi-mbagi sumbangan sing diwènèhké marang Yéhuwah+ lan barang-barang sing suci banget.+ 15  Èden, Miniamin, Yésyua, Syémaya, Amaria, lan Syékania diawasi Koré. Merga isa dipercaya, wong-wong kuwi diwènèhi tugas ing kutha-kuthané para imam+ kanggo mbagèkké jatahé sedulur-seduluré sesuai karo kelompoké.+ Kelompok sing cilik lan sing gedhé jatahé padha. 16  Ana manèh pembagian kanggo wong-wong lanang sing umuré telung taun munggah sing termasuk ing daftar silsilah, sing saben dina teka kanggo nglayani ing omahé Yéhuwah lan nindakké tugas sesuai karo kelompoké dhéwé-dhéwé. 17  Para imam lan wong Lèwi sing umuré 20 taun munggah+ didaftar sesuai karo keluarga pihak bapaké+ lan sesuai karo tugas ing kelompoké.+ 18  Sing termasuk ing daftar silsilah kuwi yaiku bojoné, anaké, lan kabèh anggota keluargané. Merga wis dipercaya ngurus perkara-perkara suci, wong-wong kuwi terus njaga bèn awaké tetep suci. 19  Sakliyané kuwi, keturunané Harun termasuk ing daftar kuwi, yaiku para imam sing manggon ing padhang rumput ing sekitaré kutha-kuthané.+ Ing kabèh kutha, ana wong-wong lanang sing dipilih kanggo mbagèkké jatah marang saben wong lanang saka keluargané para imam lan marang saben wong sing termasuk ing daftar silsilahé wong Lèwi. 20  Kuwi sing ditindakké Hizkia ing kabèh dhaérah Yéhuda. Dhèwèké terus nindakké apa sing apik lan sing bener nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé. Dhèwèké ya terus setya marang Gusti Allah. 21  Dhèwèké berhasil ing kabèh gawéan sing ditindakké kanggo nglayani Gusti Allah, sing ana hubungané karo pelayanan ing omahé Gusti Allah sing bener,+ utawa sing ana hubungané karo Hukum lan préntahé Gusti Allah. Kuwi kabèh ditindakké saktulusé ati.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”perkémahané”.
Utawa ”ruang makan”.