2 Babad 32:1-33

  • Sanhèrib ngancem Yérusalèm (1-8)

  • Sanhèrib ngrèmèhké Yéhuwah (9-19)

  • Pasukan Asiria dipatèni malaékat (20-23)

  • Hizkia lara; Hizkia dadi sombong (24-26)

  • Kesuksèsané Hizkia; Hizkia mati (27-33)

32  Sakwisé Hizkia setya nindakké perkara-perkara kuwi,+ Sanhèrib raja Asiria teka lan nyerang Yéhuda. Dhèwèké ngepung kutha-kutha sing ana bèntèngé merga péngin nrobos témbok kutha lan ngrebut kutha kuwi.+  Wektu Hizkia ngerti nèk Sanhèrib teka lan péngin nyerang Yérusalèm,  Hizkia omong-omongan karo para pejabat lan para pejuangé, terus mutuské kanggo ngendhegké aliran banyu saka sumber-sumber banyu sing ana ing njaba kutha,+ lan wong-wong kuwi ndhukung dhèwèké.  Akèh wong padha ngumpul, lan wong-wong kuwi ngendhegké aliran saka kabèh sumber banyu lan kali sing mili ing negara kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Aja nganti pas raja-raja Asiria teka, wong-wong kuwi éntuk akèh banyu.”  Terus, dhèwèké semangat banget mbangun manèh kabèh témbok sing ambruk, ngedegké menara-menara ing ndhuwuré, lan nggawé témbok liya ing bagéan njabané. Dhèwèké ya ndandani Bukit*+ ing Kutha Daud lan nggawé akèh senjata* lan tamèng.  Terus, dhèwèké nglantik para pemimpin pasukan lan nglumpukké wong-wong kuwi ing lapangan cedhak gerbang kutha. Dhèwèké nguwatké wong-wong kuwi lan kandha,  ”Kowé kabèh kudu kendel lan kuwat. Aja wedi karo raja Asiria+ lan kabèh balané merga balané awaké dhéwé luwih akèh timbang balané dhèwèké.+  Balané dhèwèké kuwi lengené* manungsa, ning balané awaké dhéwé kuwi Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, sing bakal mbantu lan perang kanggo awaké dhéwé.”+ Wong-wong kuwi padha dikuwatké merga omongané Hizkia raja Yéhuda kuwi.+  Terus, Sanhèrib raja Asiria sing lagi ana ing Lakhis+ bareng karo kabèh pasukané sing hébat ngutus para abdiné menyang Yérusalèm bèn marani Hizkia raja Yéhuda lan kabèh wong Yéhuda ing Yérusalèm.+ Wong-wong sing diutus kuwi dikongkon kandha, 10  ”Iki sing diomongké Sanhèrib raja Asiria, ’Sapa ta sing mbok endelké, kok kowé isih tetep manggon ing Yérusalèm padahal wis dikepung?+ 11  Kan Hizkia ta sing ngapusi kowé lan ngejarké kowé supaya padha mati merga kelaparan lan kurang banyu? Dhèwèké ya kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé bakal nylametké awaké dhéwé saka raja Asiria.”+ 12  Kan ya Hizkia kuwi ta sing nyingkirké panggonan-panggonan dhuwur*+ lan mézbah-mézbahé+ Gusti Allahmu, lan sing kandha marang wong Yéhuda lan Yérusalèm, ”Kowé kudu sujud ing ngarepé mézbah siji lan nggawé asap korban ing ndhuwuré kuwi”?+ 13  Kowé ngerti ora apa sing wis aku lan nènèk moyangku tindakké marang kabèh bangsa ing negara liya?+ Apa allah-allahé kabèh bangsa ing negara kuwi isa nylametké rakyaté saka aku?+ 14  Saka kabèh allahé bangsa-bangsa sing disingkirké nènèk moyangku, apa ana allah sing isa nylametké umaté saka aku, kok nganti Gusti Allahmu arep nylametké kowé saka aku?+ 15  Aja gelem diapusi lan disesatké Hizkia.+ Aja percaya karo dhèwèké, merga ora ana allahé bangsa-bangsa utawa kerajaan endi waé sing isa nylametké umaté saka aku lan nènèk moyangku. Mosok Gusti Allahmu isa nylametké kowé saka aku?’”+ 16  Isih ana akèh manèh sing diomongké para abdiné Sanhèrib kanggo ngèlèk-èlèk Yéhuwah Gusti Allah sing bener lan abdiné yaiku Hizkia. 17  Dhèwèké ya nulis surat+ kanggo ngèlèk-èlèk lan nantang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ sing isiné, ”Kaya allah-allahé bangsa-bangsa ing negara liya sing ora isa nylametké umaté saka aku,+ Gusti Allahé Hizkia ya ora bakal isa nylametké umaté saka aku.” 18  Wong-wong kuwi terus bengok-bengok nganggo basa Yahudi kanggo medèn-medèni wong Yérusalèm sing ana ing ndhuwur témbok bèn kutha kuwi isa direbut.+ 19  Wong-wong kuwi nantang Gusti Allahé Yérusalèm padha kaya nantang allahé bangsa-bangsa ing bumi, sing digawé tangané manungsa. 20  Ning, Raja Hizkia lan Nabi Yésaya+ anaké Amoz terus-terusan ndongakké soal iki lan nyuwun marang Gusti Allah ing swarga bèn dibantu.+ 21  Terus, Yéhuwah ngutus malaékaté lan nyingkirké kabèh pejuang hébat,+ pemimpin, lan pemimpin pasukan ing perkémahané raja Asiria. Mula, raja Asiria bali ing negarané karo isin. Dhèwèké mlebu ing kuilé allahé, lan ing kono dhèwèké dipatèni anak-anaké dhéwé nganggo pedhang.+ 22  Ya ngono kuwi Yéhuwah nylametké Hizkia lan penduduk Yérusalèm saka Sanhèrib raja Asiria lan saka kabèh mungsuhé. Gusti Allah nggawé wong-wong kuwi bébas saka kabèh mungsuh ing sekitaré. 23  Ana akèh sing nggawa persembahan kanggo Yéhuwah ing Yérusalèm lan barang-barang berharga kanggo Hizkia raja Yéhuda.+ Mulai wektu kuwi, Hizkia diajèni banget karo kabèh bangsa. 24  Pas Hizkia lara lan arep mati, dhèwèké ndonga marang Yéhuwah,+ sing akhiré dijawab nganggo tandha.+ 25  Ning, Hizkia ora bersyukur karo kabèh sing apik sing wis ditindakké Gusti Allah merga dhèwèké dadi sombong. Mula, Gusti Allah nesu marang dhèwèké lan marang Yéhuda lan Yérusalèm. 26  Ning, Hizkia lan penduduk Yérusalèm padha ngrendhahké dhiri lan ora sombong manèh.+ Dadi, Yéhuwah ora nesu manèh marang wong-wong kuwi pas jamané Hizkia.+ 27  Hizkia dadi mulya lan sugih banget.+ Dhèwèké nggawé gudhang-gudhang+ kanggo pérak, emas, watu-watu berharga, minyak balsam,* tamèng, lan kabèh barang berharga. 28  Dhèwèké ya nggawé panggonan-panggonan kanggo nyimpen hasil biji-bijian, anggur anyar, minyak, lan nggawé kandhang-kandhang kanggo kabèh ternak, kambing, lan domba. 29  Dhèwèké ya nggawé kutha-kutha kanggo dienggoni dhéwé lan ngumpulké akèh ternak, kambing, domba, lan sapi, merga Gusti Allah mènèhi dhèwèké harta sing akèh banget. 30  Hizkia kuwi sing ngendhegké aliran Sumber Banyu+ Gihon+ ing bagéan ndhuwur lan ngalirké kuwi ing kulon ing Kutha Daud.+ Hizkia mesthi suksès nindakké gawéan apa waé. 31  Ning, pas juru bicara pejabaté Babilon diutus marang Hizkia kanggo takon soal tandha+ sing kelakon ing negara kuwi,+ Gusti Allah sing bener ora mbantu dhèwèké nggawé keputusan merga péngin nguji+ dhèwèké lan péngin ngerti apa sing ana ing njero atiné.+ 32  Sejarah liyané soal Hizkia, termasuk katresnané sing langgeng,*+ ditulis ing cathetan wahyu sing ditampa Nabi Yésaya+ anaké Amoz ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl.+ 33  Akhiré, Hizkia mati* lan dikubur ing lèrèng sing ngarah menyang kuburané anak-anaké lanang Daud.+ Pas mati, Hizkia dihormati karo kabèh wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm. Terus Manasyé anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.
Utawa ”senjata lémpar”.
Utawa ”kekuwatané”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.