2 Babad 36:1-23

  • Yéhoahaz raja Yéhuda (1-3)

  • Yéhoyakim raja Yéhuda (4-8)

  • Yéhoyakhin raja Yéhuda (9, 10)

  • Zédékia raja Yéhuda (11-14)

  • Yérusalèm dihancurké (15-21)

  • Préntahé Korès kanggo mbangun manèh bait (22, 23)

36  Bar kuwi, wong Yéhuda ngangkat Yéhoahaz+ anaké Yosia dadi raja ing Yérusalèm nggantèni bapaké.+  Pas mréntah dadi raja, Yéhoahaz umuré 23 taun lan mréntah suwéné telung sasi ing Yérusalèm.  Ning, raja Mesir nglèngsèrké dhèwèké saka kedudukané ing Yérusalèm lan ndhendha Yéhuda 100 talènta* pérak lan 1 talènta emas.+  Raja Mesir ngangkat Èliakim seduluré Yéhoahaz kanggo mréntah dadi raja ing Yéhuda lan Yérusalèm, terus ngganti jenengé dadi Yéhoyakim. Ning, Yéhoahaz seduluré digawa Nékho+ menyang Mesir.+  Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakim+ umuré 25 taun lan mréntah 11 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé.+  Nébukhadnézar+ raja Babilon teka nyerang dhèwèké lan ngranté dhèwèké nganggo ranté tembaga loro, terus dhèwèké digawa menyang Babilon.+  Nébukhadnézar nggawa sebagéan peralatan saka omahé Yéhuwah menyang Babilon lan ndèlèhké kuwi ing istanané ing Babilon.+  Sejarah liyané soal Yéhoyakim, termasuk perkara-perkara njijiki sing ditindakké lan kabèh sing èlèk soal dhèwèké, kuwi ditulis ing Buku Raja-Raja Israèl lan Yéhuda. Terus, Yéhoyakhin anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+  Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakhin+ umuré 18 taun lan mréntah ing Yérusalèm suwéné telung sasi sepuluh dina. Yéhoyakhin terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ 10  Ing awal taun,* Raja Nébukhadnézar ngirim utusan kanggo nggawa Yéhoyakhin menyang Babilon,+ bareng karo barang-barang berharga saka omahé Yéhuwah.+ Sakliyané kuwi, Raja Nébukhadnézar ngangkat Zédékia, pakliké Yéhoyakhin, dadi raja ing Yéhuda lan Yérusalèm.+ 11  Pas mréntah dadi raja, Zédékia+ umuré 21 taun lan mréntah suwéné 11 taun ing Yérusalèm.+ 12  Zédékia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé lan ora ngrendhahké dhiri ing ngarepé Nabi Yérémia+ sing ngomong nurut préntahé Yéhuwah. 13  Dhèwèké ya mbrontak nglawan Raja Nébukhadnézar,+ sing wis nggawé dhèwèké sumpah demi Gusti Allah. Dhèwèké ndableg, ora gelem dikandhani, lan ora gelem manut marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. 14  Kabèh kepalané para imam lan bangsa kuwi wis bener-bener ora setya. Wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa liya, lan nggawé najis omahé Yéhuwah+ sing wis disucèkké ing Yérusalèm. 15  Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16  Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh. 17  Mula, Gusti Allah nggawé rajané wong Khaldéa+ nglawan wong-wong kuwi. Raja kuwi matèni cah-cah enom nganggo pedhang+ ing panggonan suci.+ Raja kuwi ora mesakké karo cah lanang utawa cah wédok, sing tuwa utawa sing lara.+ Kabèh diserahké marang raja kuwi.+ 18  Kabèh peralatan ing omahé Gusti Allah sing bener, sing cilik lan sing gedhé, karo harta ing omahé Yéhuwah lan harta duwèké raja lan duwèké para pejabaté, kabèh digawa menyang Babilon.+ 19  Dhèwèké ngobong omahé Gusti Allah sing bener,+ ngrubuhké témbok Yérusalèm,+ ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé, lan nyingkirké kabèh sing berharga.+ 20  Wong-wong sing lolos saka pedhang ditawan menyang Babilon.+ Wong-wong kuwi didadèkké pelayan kanggo dhèwèké+ lan anak-anaké lanang nganti kerajaan Pèrsia mulai mréntah,+ 21  supaya omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat Yérémia kelakon,+ nganti tanah kuwi mbayar lunas sabat-sabaté.+ Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi istirahat,* nganti genep 70 taun.+ 22  Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, supaya omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ kelakon, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh kerajaané. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné: 23  ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah Gusti Allah sing nguwasani swarga wis mènèhi aku kabèh kerajaan ing bumi,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm, yaiku ing Yéhuda.+ Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Yéhuwah Allahé ndhukung wong kuwi. Wong kuwi bèn bali menyang Yérusalèm.’”+

Katrangan Tambahan

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Mungkin ing musim semi.
Utawa ”nindakké sabat”.