2 Babad 4:1-22

  • Mézbah, Laut Tembaga, lan bak (1-6)

  • Wadhah lampu, méja, lan halaman bait (7-11a)

  • Perlengkapan bait rampung digawé (11b-22)

4  Terus, dhèwèké nggawé mézbah tembaga,+ dawané 20 hasta, ambané 20 hasta, lan dhuwuré 10 hasta.  Dhèwèké nggawé penampungan banyu+ sing disebut Laut Tembaga. Bentuké bunder, dhuwuré 5 hasta, garis tengahé 10 hasta saka pinggir tekan pinggir, kelilingé 30 hasta.+  Ana rong baris hiasan bentuk labu+ ing ngisoré, sing ngubengi kabèh pinggirané Laut kuwi, saben hasta ana sepuluh labu. Hiasan bentuk labu kuwi digawé sak cétakan karo Laut kuwi.  Laut kuwi disangga patung sapi lanang 12,+ 3 madhep ngalor, 3 madhep ngulon, 3 madhep ngidul, lan 3 madhep ngétan. Bagéan mburi patung sapi-sapi kuwi ngarah ing bagéan tengahé Laut kuwi.  Kandelé Laut kuwi padha kaya ambané tlapak tangan.* Pinggiré Laut kuwi digawé kaya pinggiré cangkir, kaya kembang lili sing mekar. Laut mau isa diisèni banyu 3.000 bat.*  Terus, dhèwèké nggawé bak sepuluh, lima didèlèhké ing sisih tengené omah kuwi, lan sing lima liyané ing sisih kiwané omah kuwi.+ Kabèh sing digunakké kanggo persembahan bakaran bakal dikumbah ing kana.+ Ning, Laut kuwi digunakké para imam kanggo wisuh.+  Dhèwèké nggawé wadhah lampu sepuluh saka emas,+ sesuai karo rancangan+ sing wis ditentokké. Wadhah-wadhah lampu kuwi didèlèhké ing bait, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa.+  Dhèwèké ya nggawé méja sepuluh lan ndèlèhké kuwi ing bait, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa.+ Terus, dhèwèké nggawé mangkok 100 saka emas.  Dhèwèké ya nggawé halaman+ para imam,+ halaman amba,+ lan lawang-lawangé, terus lawang-lawang kuwi dilapisi tembaga. 10  Dhèwèké ndèlèhké Laut kuwi ing sisih tengené omah kuwi, yaiku ing sisih tenggara.+ 11  Hiram ya nggawé wadhah awu, sekop-sekop, lan mangkok-mangkok.+ Hiram ngrampungké kabèh gawéan sing ditindakké kanggo Raja Salomo ing omahé Gusti Allah sing bener,+ yaiku 12  tugu loro+ lan kepala-kepala tugu sing bentuké kaya mangkok; jaring loro+ kanggo hiasan kepala tugu loro kuwi; 13  delima 400+ kanggo jaring loro sing dienggo hiasan kepala-kepala tugu+ bentuk mangkok mau, rong baris delima ing saben jaring; 14  grobag sepuluh lan bak sepuluh sing ana ing grobag kuwi;+ 15  Laut lan patung sapi lanang 12 sing ana ing ngisoré Laut;+ 16  wadhah awu, sekop, garpu,+ lan kabèh peralatan saka tembaga sing mengkilap, sing digawé Hiram-abiw+ kanggo Raja Salomo kanggo omahé Yéhuwah. 17  Raja ngongkon bèn kabèh kuwi digawé ing cétakan saka tanah liat ing dhaérah Yordan, antarané Sukot+ lan Zéréda. 18  Salomo nggawé peralatan akèh banget nganti boboté tembaga kuwi ora ana sing ngerti.+ 19  Salomo nggawé kabèh peralatan+ iki kanggo omahé Gusti Allah sing bener: mézbah emas;+ méja-méja+ kanggo roti persembahan;+ 20  wadhah-wadhah lampu lan lampuné saka emas murni,+ sing bakal diurubké ing ngarepé ruangan sing paling njero, sesuai karo peraturan sing wis ditentokké; 21  kembang, lampu, alat kanggo njepit sumbu, kabèh kuwi saka emas sing paling murni; 22  alat kanggo matèni geni ing sumbu, mangkok, cangkir, wadhah bara, kabèh kuwi digawé saka emas murni; lawangé omah kuwi, lawang-lawang bagéan njero kanggo Ruang Mahasuci,+ lan lawang-lawang Ruang Suci,* kabèh digawé saka emas.+

Katrangan Tambahan

Kira-kira 7,4 cm. Deloken Lamp. B14.
1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14
Lit.: ”bait”.