2 Babad 5:1-14

  • Persiapan kanggo peresmian bait (1-14)

    • Pethiné Gusti Allah digawa menyang bait (2-10)

5  Mula, Salomo ngrampungké kabèh gawéan sing kudu ditindakké kanggo omahé Yéhuwah.+ Terus, Salomo nggawa mlebu kabèh barang sing wis disucèkké Daud bapaké.+ Dhèwèké ndèlèhké pérak, emas, lan barang-barang ing panggonan nyimpen harta ing omahé Gusti Allah sing bener.+  Wektu kuwi, Salomo ngumpulké para pemimpin* Israèl, kabèh kepala suku, lan para pemimpin keluarga pihak bapak. Wong-wong kuwi mara menyang Yérusalèm kanggo mindhah pethi perjanjiané Yéhuwah saka Kutha Daud,+ yaiku Zion.+  Kabèh wong Israèl ngumpul ing ngarepé Raja pas perayaan* ing sasi kepitu.+  Mula kabèh pemimpin Israèl teka, lan wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah.+  Para imam lan wong Lèwi* nggawa Pethi kuwi, kémah pertemuan,+ lan kabèh peralatan suci sing ana ing kémah kuwi.  Raja Salomo lan kabèh umat Israèl sing diundang kanggo ngadhep dhèwèké padha ngumpul ing ngarep Pethi kuwi. Ana akèh banget domba lan sapi sing dikorbanké+ nganti jumlahé ora isa diétung.  Terus, para imam nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah menyang panggonané, ing ruangan sing paling njero ing omah kuwi, yaiku Ruang Mahasuci, terus kuwi didèlèhké ing ngisor sayapé kerub-kerub.+  Sayapé kerub-kerub kuwi megar ing sak ndhuwuré Pethi kuwi. Dadi, kerub-kerub kuwi nutupi Pethi kuwi lan kayu+ sing dienggo ngusung.  Kayu-kayu sing dienggo ngusung kuwi dawa banget nganti pucuk-pucuké kétok saka Ruang Suci sing ana ing ngarepé ruangan sing paling njero, ning ora kétok saka njaba. Kuwi isih ana ing kana nganti saiki. 10  Ing njero Pethi kuwi mung ana lèmpèngan watu loro sing didèlèhké Musa ing kono wektu ing Horèb,+ yaiku wektu Yéhuwah nggawé perjanjian+ karo wong Israèl sakwisé wong-wong kuwi metu saka Mesir.+ 11  Wektu para imam metu saka panggonan suci (merga kabèh imam sing ana ing kono wis padha nyucèkké badan,+ embuh dhèwèké saka kelompok ngendi),+ 12  para penyanyi+ Lèwi sing sak kelompok karo Asaf,+ Héman,+ Yédutun,+ lan karo anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré, padha nggawa simbal, alat musik sing nganggo senar, lan harpa. Wong-wong kuwi nganggo klambi saka bahan alus lan ngadeg ing sisih wétan mézbah, bareng karo 120 imam sing nyebul trompèt.+ 13  Wong-wong sing nyebul trompèt lan para penyanyi bareng-bareng muji Yéhuwah lan ngucap syukur. Wong-wong kuwi muji Yéhuwah lan kandha, ”Merga Dhèwèké kuwi apikan lan katresnané* ana saklawasé,”+ karo diiringi swara trompèt, simbal, lan alat musik liyané. Wektu kuwi, omahé Yéhuwah dikebaki méga.+ 14  Para imam ora isa neruské gawéané merga méga kuwi. Kemuliaané Yéhuwah ana ing omahé Gusti Allah sing bener.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Maksudé, Perayaan Pondok.
Utawa ”Para imam Lèwi”.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.