2 Babad 7:1-22

  • Kemuliaané Yéhuwah ana ing bait (1-3)

  • Upacara peresmian (4-10)

  • Yéhuwah nemoni Salomo (11-22)

7  Sakwisé Salomo rampung ndonga,+ ana geni saka langit mudhun+ lan ngobong persembahan bakaran lan korban-korban. Kemuliaané Yéhuwah ana ing omah kuwi.+  Para imam ora isa mlebu ing omahé Yéhuwah merga kemuliaané Yéhuwah ana ing omahé Yéhuwah.+  Kabèh wong Israèl ndelok pas geni mudhun lan kemuliaané Yéhuwah ana ing ndhuwuré omah kuwi, lan wong-wong kuwi padha sujud ing lantai karo ngucap syukur marang Yéhuwah, ”merga Dhèwèké apikan lan katresnané* ana saklawasé”.  Terus, Raja lan kabèh wong kuwi mènèhké korban ing ngarepé Yéhuwah.+  Raja Salomo mènèhké sapi 22.000 lan domba 120.000. Ya ngono kuwi Raja lan kabèh wong kuwi ngresmèkké omahé Gusti Allah sing bener.+  Para imam ngadeg ing panggonan tugasé. Wong Lèwi sing padha nggawa alat musik kanggo ngiringi nyanyian kanggo Yéhuwah ya ngadeg ing kono.+ (Raja Daud nggawé alat-alat musik iki kanggo ngucap syukur marang Yéhuwah, ”merga katresnané* ana saklawasé,” yaiku wektu Daud mènèhi pujian bareng karo wong-wong kuwi.*) Para imam nyebul trompèt banter banget+ ing ngarepé wong-wong kuwi. Wektu kuwi, wong Israèl padha ngadeg.  Terus, Salomo nyucèkké halaman tengah sing ana ing ngarepé omahé Yéhuwah. Ing kana, dhèwèké mènèhké persembahan bakaran+ lan gajihé korban kerukunan,* merga mézbah tembaga+ sing digawé Salomo ora cukup kanggo nampung kabèh korban bakaran, persembahan biji-bijian,+ lan gajih kuwi.+  Wektu kuwi, Salomo nganakké perayaan pitung dina suwéné+ bareng karo kabèh wong Israèl, yaiku jemaat sing gedhé banget saka Lébo-hamat* nganti tekan Wadi* Mesir.+  Ning pas dina kewolu, wong-wong kuwi nganakké pertemuan istiméwa,+ merga peresmiané mézbah kuwi wis dianakké pitung dina suwéné lan perayaan kuwi ya wis dianakké pitung dina suwéné. 10  Ing dina ke-23 sasi ke-7, Raja ngongkon wong-wong kuwi mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi padha bahagia+ lan seneng merga kabèh sing apik sing wis diduduhké Yéhuwah marang Daud, Salomo, lan Israèl umaté.+ 11  Ya ngono kuwi Salomo ngrampungké omahé Yéhuwah lan istana raja.+ Kabèh sing dipéngini Salomo kanggo omahé Yéhuwah lan istanané wis suksès ditindakké.+ 12  Terus, Yéhuwah nemoni Salomo+ pas bengi lan kandha, ”Aku wis ngrungokké dongamu, lan Aku wis milih panggonan iki kanggo dadi omah persembahan korban.+ 13  Nèk Aku nutup langit nganti ora ana udan, ngongkon walang nyerang tanah iki, utawa ngirim wabah kanggo umat-Ku, 14  terus umat-Ku sing disebut nganggo jeneng-Ku+ kuwi ngrendhahké dhiri,+ ndonga, nggolèki Aku, lan mertobat saka tumindaké sing jahat,+ Aku bakal ngrungokké saka swarga lan ngapura dosa-dosané, lan nggawé tanah kuwi subur manèh.+ 15  Saiki, Aku bakal ndelok lan ngrungokké donga ing panggonan iki.+ 16  Aku wis milih lan nyucèkké omah iki supaya jeneng-Ku ana ing kono sakterusé.+ Aku bakal terus nggatèkké lan mikirké omah kuwi.+ 17  ”Nèk kowé nglayani Aku saktulusé ati lan nindakké sing bener kaya Daud bapakmu, terus kowé ya manut kabèh préntah-Ku, peraturan-Ku, lan hukum-Ku,+ 18  Aku bakal nggawé kowé terus mréntah,+ kaya perjanjian-Ku karo Daud bapakmu,+ yaiku, ’Keturunanmu bakal terus mréntah Israèl.’+ 19  Ning, nèk kowé ninggalké Aku lan ora nindakké peraturan lan préntah sing Tak wènèhké marang kowé, terus kowé nglayani lan sujud marang allah-allah liya,+ 20  Aku bakal nyabut Israèl saka tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Omah sing wis Tak sucèkké kanggo jeneng-Ku iki bakal Tak singkirké saka ngarep-Ku lan bakal direndhahké lan diécé ing antarané kabèh bangsa.+ 21  Omah iki bakal dadi reruntuhan. Saben wong sing liwat bakal nggumun ndelok kuwi+ lan kandha, ’Ngapa Yéhuwah nganti nindakké iki marang tanah lan omah iki?’+ 22  Terus, wong-wong kuwi kandha, ’Iki merga wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah+ Gusti Allahé nènèk moyangé, sing wis nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ lan wong-wong kuwi padha ngetutké, sujud, lan nglayani allah-allah liya.+ Kuwi sebabé Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi kena bencana iki.’”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Mungkin maksudé, bareng karo wong Lèwi.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.