2 Babad 8:1-18

  • Proyèk-proyèk pembangunané Salomo (1-11)

  • Pengaturan ibadah ing bait (12-16)

  • Kapal-kapalé Salomo (17, 18)

8  Sakwisé Salomo mbangun omahé Yéhuwah lan istanané saksuwéné 20 taun,+  Salomo mbangun manèh kutha-kutha sing diwènèhké Hiram+ marang dhèwèké lan ngongkon wong Israèl manggon ing kana.  Sakliyané kuwi, Salomo lunga menyang Hamat-zoba lan ngrebut kutha kuwi.  Terus, dhèwèké mbangun* Tadmor ing padhang belantara lan kabèh kutha sing dienggo nyimpen persediaan+ sing dibangun ing Hamat.+  Dhèwèké ya mbangun* Bèt-horon Ndhuwur+ lan Bèt-horon Ngisor+ nganggo témbok, gerbang, lan palang.  Terus, dhèwèké mbangun Baalat,+ kabèh kutha sing dienggo nyimpen persediaan, kutha-kutha panggonané kréta,+ lan kutha-kutha kanggo pasukan sing numpak jaran. Dhèwèké ya mbangun kabèh sing péngin dibangun ing Yérusalèm, ing Lébanon, lan ing kabèh dhaérah kekuasaané.  Kabèh wong sing isih urip saka wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus,+ sing dudu bagéan saka wong Israèl,+  yaiku keturunané wong-wong kuwi sing ora disingkirké wong Israèl saka dhaérah kuwi,+ diwajibké Salomo dadi budhak kerja paksa nganti saiki.+  Ning, Salomo ora ndadèkké wong Israèl dadi budhak sing kerja kanggo dhèwèké.+ Wong-wong kuwi didadèkké prajurit, kepala ajudan, lan kepala pasukan kréta lan pasukan sing numpak jaran.+ 10  Raja Salomo nduwé pejabat dhaérah 250 sing ngawasi wong-wong sing kerja.+ 11  Salomo ya mindhah anaké wédok Firaun+ saka Kutha Daud menyang omah sing dibangun Salomo kanggo dhèwèké,+ merga Salomo kandha, ”Senajan dhèwèké bojoku, dhèwèké ora éntuk manggon ing istanané Daud rajané Israèl, merga panggonan-panggonan sing tau ditekani Pethiné Yéhuwah kuwi panggonan sing suci.”+ 12  Terus, Salomo mènèhké korban bakaran+ kanggo Yéhuwah ing mézbahé+ Yéhuwah sing digawé Salomo. Mézbah kuwi ana ing ngarepé serambi.+ 13  Saben dina dhèwèké mènèhké persembahan sing kudu diwènèhké. Dhèwèké ya mènèhké persembahan pas dina Sabat,+ pas bulan anyar,+ lan pas perayaan-perayaan liyané sing wis ditentokké setaun ping telu,+ yaiku Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ Perayaan Sakwisé Pitung Minggu,+ lan Perayaan Pondok,+ sesuai karo sing dipréntahké Musa. 14  Terus, dhèwèké netepké kelompok-kelompok imam+ lan tugas pelayanané sesuai karo pengaturané Daud bapaké. Dhèwèké ya netepké wong Lèwi lan tugas-tugasé kanggo muji Gusti Allah+ lan nglayani ing ngarepé para imam kaya sing biasa ditindakké saben dina, lan kelompok-kelompok penjaga kanggo gerbang-gerbang,+ merga kuwi sing dipréntahké Daud, abdiné Gusti Allah sing bener. 15  Wong-wong kuwi nindakké kabèh sing dipréntahké Raja marang para imam lan wong Lèwi, sing ana hubungané karo gudhang-gudhang utawa perkara-perkara liyané. 16  Kabèh gawéané Salomo diatur apik banget kèt pondhasi omahé Yéhuwah dipasang+ nganti kabèh rampung. Mula, saiki omahé Yéhuwah rampung digawé.+ 17  Terus, Salomo lunga menyang Ézion-gèbèr+ lan menyang Élot+ sing ana ing pantai ing tanah Édom.+ 18  Liwat para abdiné, Hiram+ ngirimi Salomo kapal-kapal lan para pelaut sing wis pengalaman. Wong-wong kuwi lunga bareng karo para abdiné Salomo menyang Ofir+ lan njupuk saka kana emas 450 talènta*+ terus digawa marang Raja Salomo.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.