2 Babad 9:1-31

  • Ratu saka Syéba marani Salomo (1-12)

  • Hartané Salomo (13-28)

  • Salomo mati (29-31)

9  Ratu saka Syéba+ krungu laporan soal Salomo. Mula, dhèwèké teka menyang Yérusalèm kanggo nguji Salomo nganggo pitakonan sing angèl-angèl.* Dhèwèké teka nganggo iring-iringan sing luar biasa, karo unta-unta sing nggawa minyak balsam,* emas sing akèh banget,+ lan watu-watu sing berharga. Dhèwèké nemoni Salomo lan ngejokké akèh pitakonan sing ana ing atiné.+  Terus, Salomo njawab kabèh pitakonané ratu kuwi lan njelaské jawabané. Ora ana sing angèl banget kanggoné Salomo.  Wektu ratu saka Syéba ndelok kawicaksanané Salomo,+ omah sing dibangun Salomo,+  panganan ing méjané,+ pengaturan lungguhané para pejabaté, cara pelayané ngladèni ing méja makan lan klambiné, juru minumané lan klambiné, lan korban bakaran sing ajeg diwènèhké ing omahé Yéhuwah,+ ratu kuwi nggumun banget.  Mula dhèwèké kandha marang Raja, ”Kabar sing tak rungokké ing negaraku soal kesuksèsan lan kawicaksananmu jebulé kabèh bener.  Mauné aku ora percaya kabar kuwi nganti aku teka lan ndelok dhéwé.+ Jebulé, kabar sing tak rungokké kuwi ora ana separoné. Njenengan luwih wicaksana+ timbang kabar sing tak rungokké.+  Rakyatmu, para abdimu, lan sing terus bareng karo njenengan mesthi seneng banget merga isa terus ngrungokké kawicaksananmu.  Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu dipuji. Dhèwèké seneng karo njenengan, mula njenengan dilungguhké ing takhtané Gusti Allah bèn dadi raja kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Merga Gusti Allahmu nresnani Israèl+ lan péngin Israèl ana nganti saklawasé, Dhèwèké nglantik njenengan dadi raja kanggo nindakké keadilan lan apa sing bener.”  Terus, ratu saka Syéba mènèhi Raja Salomo emas 120 talènta,*+ watu-watu sing berharga, lan minyak balsam sing akèh banget. Ora tau ana manèh sing nggawa minyak balsam semono akèhé, kaya sing digawa ratu saka Syéba kanggo Raja Salomo.+ 10  Sakliyané nggawa emas saka Ofir,+ para abdiné Hiram lan para abdiné Salomo nggawa kayu cendana lan watu-watu sing berharga.+ 11  Raja nggawé undhak-undhakan saka kayu-kayu cendana kuwi kanggo omahé Yéhuwah+ lan kanggo istana.+ Raja ya nggawé harpa lan alat musik bersenar kanggo para penyanyi.+ Durung tau ana sing kaya ngono kuwi ing tanah Yéhuda. 12  Raja Salomo ya mènèhi apa waé sing dijaluk lan dipéngini ratu saka Syéba ngluwihi* apa sing digawa ratu kuwi kanggo Raja. Terus, ratu kuwi bali menyang negarané bareng karo para abdiné.+ 13  Saben taun Raja Salomo nampa emas sing aboté 666 talènta,+ 14  durung termasuk sing digawa para pedagang, wong dodol, lan saka kabèh rajané wong Arab lan para gubernur negara kuwi sing nggawa emas lan pérak kanggo Salomo.+ 15  Raja Salomo nggawé tamèng gedhé 200 saka emas campuran+ (600 syèkel* emas campuran kanggo nggawé saben tamèng)+ 16  lan tamèng cilik* 300 saka emas campuran (telung mina* emas kanggo nggawé saben tamèng). Terus Raja ndèlèhké kuwi kabèh ing Omah Alas Lébanon.+ 17  Raja ya nggawé takhta gedhé saka gadhing lan dilapisi nganggo emas murni.+ 18  Ing ngarep takhta kuwi ana enem undhak-undhakan lan ana ancik-ancik sikil saka emas sing dadi siji karo takhta kuwi. Ana tatakan tangan ing sisih tengen lan kiwané takhta kuwi, lan ing sakiwa tengené tatakan tangan kuwi ana patung singa loro.+ 19  Ing bagéan kiwa lan tengen saben undhak-undhakan ana patung singa, kabèh cacahé ana 12 patung singa.+ Ora ana kerajaan liya sing nggawé takhta kaya ngono kuwi. 20  Kabèh peralatan kanggo ngombé duwèké Raja Salomo digawé saka emas, lan kabèh peralatan ing Omah Alas Lébanon digawé saka emas murni. Ora ana sing digawé saka pérak, merga ing jamané Salomo,+ pérak dianggep ora berharga. 21  Raja nduwé kapal-kapal sing bakal berlayar menyang Tarsyis,+ lan kapal-kapal kuwi dikendhalèni karo para abdiné Hiram.+ Saben telung taun pisan, kapal-kapal Tarsyis kuwi nggawa emas, pérak, gadhing,+ kethèk, lan merak. 22  Dadi, Raja Salomo luwih sugih lan luwih wicaksana timbang raja-raja liyané ing bumi.+ 23  Kabèh raja ing bumi ngupaya nemoni Salomo kanggo ngrungokké kawicaksanan sing diwènèhké Gusti Allah sing bener marang dhèwèké.+ 24  Saben taun wong-wong kuwi bakal mènèhi hadiah-hadiah, yaiku barang-barang saka pérak lan emas, klambi,+ senjata, minyak balsam, jaran, lan keledai.* 25  Salomo nduwé kandhang 4.000 kanggo jaran-jaran lan kréta-krétané, lan nduwé jaran 12.000.*+ Salomo ndèlèhké kuwi kabèh ing kutha-kutha panggonané kréta lan ing cedhak Raja ing Yérusalèm.+ 26  Salomo mréntah kabèh raja, mulai saka Kali Éfrat tekan tanahé wong Filistin lan nganti perbatasan Mesir.+ 27  Raja ndadèkké pérak ing Yérusalèm akèhé kaya watu lan kayu aras akèhé kaya wit ara alas ing Syéféla.+ 28  Ana jaran-jaran sing digawa marang Raja Salomo saka Mesir+ lan saka kabèh negara liyané. 29  Sejarah liyané soal Salomo,+ saka awal nganti akhir, kuwi ditulis ing tulisané Nabi Natan,+ ing ramalané Ahiya+ wong Syilo, lan ing cathetané Ido,+ wong sing éntuk wahyu saka Gusti Allah, sing isiné wahyu soal Yéroboam+ anaké Nébat. 30  Salomo mréntah kabèh dhaérah Israèl ing Yérusalèm 40 taun suwéné. 31  Terus, Salomo mati* lan dikubur ing Kutha Daud bapaké,+ lan Réhoboam anaké dadi raja nggantèni Salomo.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”teka-teki”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Utawa mungkin, ”ditambahi hadiah-hadiah sing nilainé padha karo”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Tamèng sing kerep digawa para pemanah.
Ing Kitab-Kitab Ibrani, 1 mina = 570 g. Deloken Lamp. B14.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.
Utawa ”prajurit sing numpak jaran”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.