2 Para Raja 11:1-21

  • Atalia ngrebut takhta (1-3)

  • Yéhoas meneng-meneng didadèkké raja (4-12)

  • Atalia dipatèni (13-16)

  • Perubahan sing digawé Yéhoyada (17-21)

11  Wektu Atalia+ ibuné Ahazia ngerti nèk anaké wis mati,+ dhèwèké matèni kabèh keturunané raja.*+  Ning, Yéhosyéba anaké wédok Raja Yéhoram, yaiku mbakyuné Ahazia, meneng-meneng nggawa* Yéhoas+ anaké Ahazia saka antarané anak-anaké raja sing arep dipatèni. Dhèwèké ndhelikké Yéhoas lan wong sing momong Yéhoas ing kamar bagéan njero. Yéhoas isa didhelikké saka Atalia, mula Yéhoas ora dipatèni.  Yéhoas tetep bareng karo Yéhosyéba lan didhelikké ing omahé Yéhuwah enem taun suwéné, yaiku saksuwéné Atalia mréntah negara kuwi.  Ing taun kepitu, Imam Yéhoyada ngundang* para pemimpiné wong satus sing mimpin pengawal kerajaan* lan penjaga istana.*+ Dhèwèké ngongkon wong-wong kuwi nemoni dhèwèké ing omahé Yéhuwah. Dhèwèké nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi lan ngongkon wong-wong kuwi sumpah ing omahé Yéhuwah, terus dhèwèké nduduhké anaké raja marang wong-wong kuwi.+  Dhèwèké mènèhi préntah marang wong-wong kuwi, ”Iki sing kudu mbok lakoni: Sepertelu saka antaramu bakal éntuk tugas pas dina Sabat lan bakal njaga istana,+  sepertelu liyané bakal njaga ing Gerbang Pondhasi, lan sepertelu liyané manèh bakal jaga ing mburiné para penjaga istana. Kowé bakal gentènan ngawasi istana kuwi.  Terus, rong kelompok sing bébas tugas pas dina Sabat kudu tenanan njaga omahé Yéhuwah kanggo nglindhungi Raja.  Kowé kudu ana ing sak ubengé Raja, karo nggawa senjatané dhéwé-dhéwé. Sapa waé sing nrobos kudu mbok patèni. Kowé kudu terus bareng karo Raja ing endi waé dhèwèké lunga.”*  Para pemimpiné wong satus+ nindakké persis kaya sing dipréntahké Imam Yéhoyada. Wong-wong kuwi nggawa pasukané dhéwé-dhéwé, yaiku pasukan sing éntuk tugas pas dina Sabat lan sing ora, terus padha nemoni Imam Yéhoyada.+ 10  Terus, imam kuwi mènèhké tombak lan tamèng bunder duwèké Raja Daud, sing ana ing omahé Yéhuwah, marang para pemimpiné wong satus. 11  Para penjaga istana+ jaga ing panggonané dhéwé-dhéwé karo nggawa senjata. Wong-wong kuwi jaga ing sak ubengé Raja, saka sisih tengené omah kuwi nganti tekan sisih kiwané, ing cedhak mézbah+ lan omah. 12  Terus, Yéhoyada nggawa anaké raja+ metu lan ndèlèhké mahkota lan Kesaksian*+ ing sirahé anaké raja kuwi. Wong-wong kuwi ndadèkké dhèwèké raja lan nglantik dhèwèké. Wong-wong kuwi mulai keplok-keplok karo kandha, ”Muga-muga Raja diberkahi.”+ 13  Wektu Atalia krungu swarané wong-wong mlayu, dhèwèké langsung marani wong-wong ing omahé Yéhuwah.+ 14  Terus, Atalia ndelok Raja ngadeg ing cedhak cagak kaya kebiasaané para raja.+ Para pemimpin lan wong sing nyebul trompèt+ ana ing kono karo Raja. Kabèh wong ing tanah kuwi padha seneng-seneng lan nyebul trompèt. Wektu ndelok kuwi, Atalia nyuwèk klambiné lan mbengok, ”Pengkhianatan! Pengkhianatan!” 15  Imam Yéhoyada mènèhi préntah marang para pemimpiné wong satus,+ yaiku wong sing ditugaské kanggo mimpin pasukan. Dhèwèké kandha, ”Gawanen wong wédok kuwi metu saka barisan pengawal, lan sapa waé sing ngetutké wong wédok kuwi kudu mbok patèni nganggo pedhang!” Sakdurungé, imam kuwi wis kandha, ”Aja matèni dhèwèké ing omahé Yéhuwah.” 16  Mula wong-wong kuwi nangkep dhèwèké, lan nggawa dhèwèké menyang dalan sing diliwati jaran-jaran nèk arep mlebu istana,+ bar kuwi matèni dhèwèké ing kana. 17  Terus, Yéhoyada nggawé perjanjian antarané Yéhuwah karo Raja lan rakyat,+ yaiku nèk wong-wong kuwi bakal terus dadi umaté Yéhuwah. Dhèwèké ya nggawé perjanjian antarané Raja karo rakyat.+ 18  Sakwisé kuwi, kabèh wong ing tanah kuwi mara ing kuil Baal lan ngambrukké mézbah-mézbahé,+ ngremuk patung-patungé,+ lan matèni Matan imamé Baal+ ing ngarepé mézbah-mézbah kuwi. Bar kuwi, Imam Yéhoyada nglantik pengawas-pengawas kanggo omahé Yéhuwah.+ 19  Terus, dhèwèké nggawa para pemimpiné wong satus,+ para pengawal kerajaan,* para penjaga istana,+ lan kabèh rakyat ing tanah kuwi kanggo ngiringi Raja saka omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi mlebu istana liwat gerbangé penjaga istana. Terus, Yéhoas lungguh ing takhtané raja.+ 20  Mula, kabèh rakyat ing tanah kuwi padha seneng-seneng, lan kutha kuwi dadi ayem, merga Atalia wis dipatèni nganggo pedhang ing istana. 21  Pas dadi raja, umuré Yéhoas+ pitung taun.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”kabèh benih kerajaan”.
Lit.: ”nyulik”.
Lit.: ”pelari”.
Lit.: ”wong-wong Karia”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”wektu dhèwèké metu lan wektu dhèwèké mlebu”.
Mungkin gulungan sing isiné Hukumé Gusti Allah.
Lit.: ”wong-wong Karia”.