2 Para Raja 13:1-25

  • Yéhoahaz raja Israèl (1-9)

  • Yéhoas raja Israèl (10-13)

  • Èlisa nguji semangaté Yéhoas (14-19)

  • Èlisa mati; balungé Èlisa nggawé wong lanang urip manèh (20, 21)

  • Ramalané Èlisa sing terakhir kelakon (22-25)

13  Ing taun ke-23 pamréntahané Yéhoas+ anaké Ahazia+ raja Yéhuda, Yéhoahaz anaké Yéhu+ dadi raja Israèl ing Samaria lan mréntah 17 taun suwéné.  Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ya terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé+ Yéroboam anaké Nébat. Dhèwèké ora gelem mertobat.  Mula, Yéhuwah nesu banget+ marang wong Israèl+ lan nyerahké wong-wong kuwi marang Hazaèl+ raja Siria lan Bèn-hadad+ anaké Hazaèl saksuwéné jaman kuwi.  Terus, Yéhoahaz njaluk bèn Yéhuwah mesakké wong Israèl. Yéhuwah ngrungokké apa sing dijaluk Yéhoahaz merga ndelok raja Siria nindhes wong Israèl.+  Mula, Yéhuwah mènèhi penyelamat+ marang Israèl kanggo mbébaské wong Israèl saka tangané wong Siria supaya wong Israèl isa ayem manggon ing kono kaya sakdurungé.  (Ning, wong-wong kuwi terus nindakké dosa kaya sing ditindakké keluargané Yéroboam. Yéroboam nyebabké wong Israèl nindakké dosa.+ Wong-wong kuwi terus nindakké dosa kuwi, lan cagak suci*+ tetep ana ing Samaria.)  Yéhoahaz mung gari nduwé prajurit 50 sing numpak jaran, kréta 10, lan prajurit 10.000 sing mlaku. Sing liyané wis dipatèni raja Siria+ lan diidak-idak kaya debu ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.*+  Sejarah liyané soal Yéhoahaz, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan kehébatané, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl.  Akhiré, Yéhoahaz mati* lan dikubur ing Samaria,+ terus Yéhoas anaké dadi raja nggantèni dhèwèké. 10  Ing taun ke-37 pamréntahané Yéhoas raja Yéhuda, Yéhoas+ anaké Yéhoahaz dadi raja Israèl ing Samaria, lan dhèwèké mréntah 16 taun suwéné. 11  Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah lan terus nindakké dosa kaya sing ditindakké+ Israèl merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat. Dhèwèké ora mertobat. 12  Sejarah liyané soal Yéhoas, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan kehébatané, karo piyé dhèwèké perang nglawan Amazia raja Yéhuda,+ ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 13  Akhiré, Yéhoas mati* lan Yéroboam+ lungguh ing takhtané. Yéhoas dikubur ing Samaria bareng karo raja-raja Israèl liyané.+ 14  Wektu Èlisa+ lara parah lan mèh mati, Yéhoas raja Israèl marani dhèwèké lan nangisi dhèwèké. Yéhoas kandha, ”Bapakku, bapakku! Aku ndelok kréta perang Israèl lan pasukan sing numpak jaran!”+ 15  Terus Èlisa kandha marang Yéhoas, ”Njupuka busur lan panahé.” Mula Yéhoas njupuk kuwi. 16  Èlisa kandha manèh, ”Cekelen busur kuwi.” Yéhoas nindakké kuwi, terus Èlisa ndèlèhké tangané ing ndhuwuré tangané Raja. 17  Dhèwèké kandha, ”Bukaken jendhéla ing sisih wétan.” Terus Raja mbukak kuwi. Èlisa kandha, ”Panahna!” Mula Raja manah. Èlisa kandha manèh, ”Panah kemenangan* saka Yéhuwah. Panah kemenangan* sing ngalahké Siria. Kowé bakal ngalahké Siria ing Afèk+ nganti tuntas.” 18  Èlisa neruské omongané, ”Jupuken panah-panah kuwi.” Terus, dhèwèké njupuk kuwi. Bar kuwi, Èlisa kandha marang raja Israèl, ”Gebugen lemahé.” Mula, dhèwèké nggebug lemah kuwi ping telu, terus dhèwèké mandheg. 19  Abdiné Gusti Allah sing bener kuwi nesu lan kandha, ”Kuduné kowé nggebug tanah nganti ping lima utawa ping enem bèn kowé isa ngalahké Siria nganti tuntas. Ning, kowé mung bakal ngalahké Siria nganti ping telu.”+ 20  Sakwisé kuwi Èlisa mati lan dikubur. Bar Èlisa mati, grombolan rampok+ saka Moab teka ing tanah kuwi saben awal taun.* 21  Pas wong-wong lagi ngubur mayaté salah siji wong lanang, wong-wong kuwi weruh grombolan rampok mau. Wong-wong kuwi langsung nguncalké mayat mau ing kuburané Èlisa terus padha mlayu. Pas mayaté wong lanang kuwi kena balungé Èlisa, wong lanang mau urip manèh+ lan ngadeg. 22  Hazaèl+ raja Siria terus nindhes Israèl+ wektu jamané Yéhoahaz. 23  Ning, Yéhuwah apikan, perduli,+ lan mesakké karo wong-wong Israèl kuwi merga perjanjiané karo Abraham,+ Ishak,+ lan Yakub.+ Gusti Allah ora péngin wong-wong kuwi disingkirké, lan ora mbuwang wong-wong kuwi saka ngarepé nganti saiki. 24  Pas Hazaèl raja Siria mati, Bèn-hadad anaké dadi raja nggantèni dhèwèké. 25  Yéhoas anaké Yéhoahaz ngrebut manèh kutha-kuthané Israèl sing wis direbut Bèn-hadad anaké Hazaèl pas perang karo Yéhoahaz. Yéhoas ngalahké Bèn-hadad nganti ping telu+ lan njupuk manèh kutha-kuthané Israèl kuwi.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Utawa ”keslametan”.
Utawa ”keslametan”.
Mungkin ing musim semi.