2 Para Raja 14:1-29

  • Amazia raja Yéhuda (1-6)

  • Perang nglawan Édom lan Israèl (7-14)

  • Yéhoas rajané Israèl mati (15, 16)

  • Amazia mati (17-22)

  • Yéroboam II raja Israèl (23-29)

14  Ing taun keloro pamréntahané Yéhoas+ anaké Yéhoahaz raja Israèl, Amazia anaké Yéhoas raja Yéhuda dadi raja.  Pas mréntah dadi raja, Amazia umuré 25 taun lan mréntah suwéné 29 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yéhoadin saka Yérusalèm.+  Dhèwèké terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, ning ora kaya Daud+ nènèk moyangé. Sing dhèwèké tindakké padha kaya sing ditindakké Yéhoas bapaké.+  Ning panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké,+ lan wong-wong isih terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.+  Sakwisé wewenangé dadi raja saya kukuh, dhèwèké matèni para pelayan sing mbiyèn matèni Raja, yaiku bapaké.+  Ning, dhèwèké ora matèni anak-anaké wong-wong sing matèni mau. Tumindak kuwi cocog karo préntahé Yéhuwah sing ditulis ing buku Hukum Musa, yaiku, ”Bapak ora éntuk dipatèni merga dosané anaké, lan anak ora éntuk dipatèni merga dosané bapaké. Saben wong kudu dipatèni merga dosané dhéwé.”+  Dhèwèké matèni 10.000 wong Édom+ ing Lembah Garam+ lan ngrebut kutha Séla ing perang kuwi,+ lan kutha kuwi dijenengi Yoktéèl nganti saiki.  Terus, Amazia ngirim utusan marang Yéhoas anaké Yéhoahaz anaké Yéhu raja Israèl, kandhané, ”Ayo, adhepana aku ing perang.”+  Bar kuwi, Yéhoas raja Israèl ngirim pesen iki marang Amazia raja Yéhuda: ”Suket eri ing Lébanon ngirim pesen marang wit aras* ing Lébanon, ’Wènèhna anakmu wédok bèn dadi bojoné anakku lanang.’ Ning, ana kéwan liar ing Lébanon liwat lan ngidak-idak suket eri kuwi. 10  Kowé pancèn wis ngalahké Édom,+ mula atimu dadi sombong. Puas-puasna kemenanganmu kuwi, ning tetepa manggon ing istanamu. Ngapa kok kowé kudu nggolèk masalah lan nggawa Yéhuda tiba bareng karo kowé?” 11  Ning, Amazia ora gelem ngrungokké.+ Mula, Yéhoas raja Israèl maju lan perang nglawan Amazia raja Yéhuda ing Bèt-syèmès,+ ing dhaérah Yéhuda.+ 12  Israèl ngalahké Yéhuda, mula para prajurité Yéhuda padha mlayu menyang omahé* dhéwé-dhéwé. 13  Yéhoas raja Israèl nangkep Amazia raja Yéhuda, yaiku anaké Yéhoas anaké Ahazia, ing Bèt-syèmès. Terus, wong-wong kuwi teka menyang Yérusalèm lan ngambrukké sebagéan témbok Yérusalèm saka Gerbang Éfraim+ nganti tekan Gerbang Sudut,+ dawané 400 hasta.* 14  Dhèwèké njupuk kabèh emas, pérak, lan barang-barang sing ana ing omahé Yéhuwah lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istana. Dhèwèké ya nyandera wong-wong, terus bali menyang Samaria. 15  Sejarah liyané soal Yéhoas, yaiku soal kabèh sing ditindakké, kehébatané, lan piyé dhèwèké perang nglawan Amazia raja Yéhuda, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 16  Akhiré, Yéhoas mati* lan dikubur ing Samaria+ bareng karo raja-raja Israèl. Terus, Yéroboam+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké. 17  Amazia+ anaké Yéhoas raja Yéhuda isih urip 15 taun manèh sakwisé Yéhoas+ anaké Yéhoahaz raja Israèl mati.+ 18  Sejarah liyané soal Amazia ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 19  Terus, ana wong-wong sing sekongkol nglawan dhèwèké+ ing Yérusalèm, lan dhèwèké mlayu menyang Lakhis, ning wong-wong kuwi ngirim utusan menyang Lakhis lan matèni dhèwèké ing kana. 20  Mula, wong-wong kuwi ndèlèhké dhèwèké ing ndhuwur jaran lan nggawa bali menyang Yérusalèm, lan dhèwèké dikubur ing kono bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud.+ 21  Terus, kabèh wong Yéhuda ngangkat Azaria*+ sing umuré 16 taun+ bèn dadi raja nggantèni Amazia bapaké.+ 22  Azaria mbangun Élat+ manèh lan mbalèkké kuwi dadi duwèké Yéhuda sakwisé Raja* mati.*+ 23  Ing taun ke-15 pamréntahané Amazia anaké Yéhoas raja Yéhuda, Yéroboam+ anaké Yéhoas raja Israèl dadi raja ing Samaria, lan dhèwèké mréntah 41 taun suwéné. 24  Yéroboam anaké Yéhoas terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ya terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat.+ 25  Dhèwèké ngrebut manèh perbatasan Israèl, saka Lébo-Hamat*+ nganti tekan Laut Araba.*+ Kuwi cocog karo sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl liwat abdiné, yaiku Yunus+ anaké Amitai, nabi saka Gat-hèfèr.+ 26  Yéhuwah ndelok wong Israèl sengsara banget.+ Ora ana wong sing isa mbantu Israèl. Wong sing paling rendhah lan tanpa daya ya wis ora ana. 27  Ning, Yéhuwah wis janji nèk ora bakal mbusak jeneng Israèl saka bumi.+ Mula, Gusti Allah nylametké wong-wong kuwi liwat tangané Yéroboam anaké Yéhoas.+ 28  Sejarah liyané soal Yéroboam, yaiku soal kabèh sing ditindakké, kehébatané, lan piyé dhèwèké perang lan mbalèkké manèh Damaskus+ lan Hamat+ marang Yéhuda ing Israèl, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 29  Akhiré, Yéroboam mati* lan dikubur bareng karo raja-raja Israèl. Terus, Zakharia+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

Katrangan Tambahan

Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Lit.: ”kémahé”.
Kira-kira 178 m. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Artiné ”Yéhuwah Wis Nulungi”. Dhèwèké ya disebut Uzzia ing 2Raj 15:13; 2Bb 26:1-23; Yés 6:1; lan Za 14:5.
Maksudé, Amazia bapaké.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Maksudé, Laut Garam utawa Laut Mati.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.