2 Para Raja 16:1-20

  • Ahaz raja Yéhuda (1-6)

  • Ahaz nyuap wong Asiria (7-9)

  • Ahaz nggawé tiruan mézbah (10-18)

  • Ahaz mati (19, 20)

16  Ing taun ke-17 pamréntahané Pékah anaké Rémalia, Ahaz+ anaké Yotam raja Yéhuda dadi raja.  Pas mréntah dadi raja, Ahaz umuré 20 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké ora kaya Daud nènèk moyangé. Dhèwèké ora nindakké sing bener kanggoné Yéhuwah Gusti Allahé.+  Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl,+ malah anaké dhéwé diobong dadi korban,+ kaya kebiasaan sing njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa+ sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.  Dhèwèké terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing panggonan dhuwur,*+ ing bukit-bukit, lan ing ngisoré wit sing rimbun.+  Wektu kuwi, Rézin raja Siria lan Pékah anaké Rémalia raja Israèl teka kanggo perang nglawan Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi ngepung Ahaz, ning ora isa ngrebut kutha kuwi.  Rézin raja Siria mbalèkké manèh Élat+ marang Édom, terus dhèwèké ngusir wong Yahudi* saka Élat. Bar kuwi, wong Édom padha mlebu menyang Élat lan manggon ing kana nganti saiki.  Terus, Ahaz ngirim utusan marang Tiglat-pilèsèr+ raja Asiria kanggo nyampèkké pesen iki: ”Aku iki abdimu lan anakmu. Mrénéa, slametna aku saka raja Siria lan raja Israèl sing lagi nyerang aku.”  Terus, Ahaz njupuk pérak lan emas sing ana ing omahé Yéhuwah lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istana. Dhèwèké ngirim kuwi kanggo nyuap raja Asiria.+  Raja Asiria nuruti apa sing dijaluk kuwi. Dhèwèké lunga menyang Damaskus lan ngrebut kutha kuwi, terus penduduk kutha kuwi ditawan ing Kir,+ lan Rézin dipatèni.+ 10  Terus, Raja Ahaz nemoni Tiglat-pilèsèr raja Asiria ing Damaskus. Pas ndelok mézbah sing ana ing Damaskus, Raja Ahaz ngirimi rancangan mézbah kuwi marang Imam Uriya, yaiku polané lan carané nggawé.+ 11  Imam Uriya+ mbangun mézbah+ nurut petunjuk sing wis dikirimké Raja Ahaz saka Damaskus. Imam Uriya ngrampungké pembangunan kuwi sakdurungé Raja Ahaz bali saka Damaskus. 12  Sakwisé Raja bali saka Damaskus lan ndelok mézbah kuwi, Raja nyedhaki mézbah kuwi lan mènèhké persembahan ing ndhuwuré.+ 13  Ing mézbah kuwi, dhèwèké terus mbakar persembahan bakaran lan persembahan biji-bijian. Dhèwèké ya ngesokké persembahan minuman lan nyipratké getihé korban kerukunan* ing ndhuwuré mézbah kuwi. 14  Terus, dhèwèké mindhah mézbah tembaga+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah, saka ngarepé omah kuwi menyang loré mézbahé. Mauné mézbah tembaga kuwi ana ing antarané omahé Yéhuwah lan mézbahé Ahaz. 15  Raja Ahaz mréntahké Imam Uriya,+ ”Ing mézbah gedhé kuwi,+ bakaren persembahan bakaran pas ésuk lan persembahan biji-bijian pas soré,+ persembahan bakaran lan persembahan biji-bijian saka raja, persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan persembahan minuman saka rakyat. Kowé ya kudu nyipratké kabèh getih saka persembahan bakaran lan saka korban liyané ing ndhuwuré. Soal mézbah tembaga, bakal tak pikirké mengko.” 16  Imam Uriya nindakké kabèh sing dipréntahké Raja Ahaz.+ 17  Sakliyané kuwi, Raja Ahaz ngethoki lèmpèngan-lèmpèngan sing ana ing saben sisihé grobag-grobag+ lan nyingkirké bak sing ana ing ndhuwuré.+ Dhèwèké ya ngedhunké Laut Tembaga sing disangga patung-patung sapi lanang+ saka tembaga lan ndèlèhké kuwi ing lantai watu.+ 18  Dhèwèké ya mindhah ruangan tertutup sing digunakké pas dina Sabat, sing dibangun ing omah kuwi, lan nutup dalan mlebu sing biasané digunakké raja nèk arep menyang omahé Yéhuwah. Dhèwèké nindakké kuwi merga wedi karo raja Asiria. 19  Sejarah liyané soal Ahaz, yaiku soal kabèh sing ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda.+ 20  Akhiré, Ahaz mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud. Terus Hizkia* anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.

Katrangan Tambahan

Utawa ”wong Yéhuda”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Artiné ”Yéhuwah Nguwatké”.