2 Para Raja 17:1-41

  • Hosyéa raja Israèl (1-4)

  • Israèl diremuk (5, 6)

  • Israèl ditawan merga ora setya (7-23)

  • Wong-wong asing digawa menyang kutha-kutha Samaria (24-26)

  • Ibadah campuran sing ditindakké wong Samaria (27-41)

17  Ing taun ke-12 pamréntahané Ahaz raja Yéhuda, Hosyéa+ anaké Èlah dadi raja Israèl ing Samaria, lan mréntah sangang taun suwéné.  Hosyéa terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, ning ora sejahat raja-raja Israèl sakdurungé.  Syalmanèsèr raja Asiria nyerang Hosyéa.+ Terus, Hosyéa dadi abdiné Syalmanèsèr lan mulai mbayar pajeg marang dhèwèké.+  Ning, raja Asiria ngerti nèk Hosyéa sekongkol kanggo nglawan dhèwèké, merga Hosyéa ngirim utusan marang So raja Mesir+ lan ora mbayar pajeg manèh marang raja Asiria kaya taun-taun sakdurungé. Mula, raja Asiria nglebokké Hosyéa ing penjara.  Raja Asiria nyerang kabèh tanah kuwi, terus lunga menyang Samaria lan ngepung kutha kuwi telung taun suwéné.  Ing taun ke-9 pamréntahané Hosyéa, raja Asiria ngrebut Samaria.+ Terus, wong Israèl ditawan+ ing Asiria lan dikongkon manggon ing Hala, ing Habor cedhak Kali Gozan,+ lan ing kutha-kuthané wong Média.+  Kuwi kelakon merga wong-wong Israèl dosa marang Yéhuwah Gusti Allahé, sing wis nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir, saka kekuasaané Firaun raja Mesir.+ Wong-wong kuwi nglayani* allah-allah liya,+  mèlu nindakké kebiasaané bangsa-bangsa sing wis diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl, lan mèlu nindakké kebiasaan-kebiasaan sing digawé raja-raja Israèl.  Wong Israèl nindakké perkara-perkara sing ora bener nurut Yéhuwah Gusti Allahé. Wong-wong kuwi padha terus nggawé panggonan-panggonan dhuwur* ing kabèh kutha-kuthané,+ saka menara penjaga nganti kutha-kutha sing ana bèntèngé.* 10  Wong-wong kuwi padha terus ngedegké tugu-tugu suci* lan cagak-cagak suci*+ ing saben bukit sing dhuwur lan ing ngisoré saben wit sing rimbun.+ 11  Ing kabèh panggonan dhuwur,* wong-wong kuwi nggawé asap korban kaya sing ditindakké bangsa-bangsa sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi terus nindakké apa sing jahat kanggo nglarani atiné Yéhuwah. 12  Wong-wong kuwi terus nyembah brahala-brahala sing njijiki,*+ padahal Yéhuwah wis ngandhani wong-wong kuwi, ”Kuwi aja mbok sembah.”+ 13  Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.” 14  Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké lan tetep ndableg kaya nènèk moyangé sing ora nduduhké iman marang Yéhuwah Gusti Allahé.+ 15  Wong-wong kuwi terus nolak peraturané, perjanjian+ sing Dhèwèké gawé karo nènèk moyangé wong-wong kuwi, lan pangéling-éling sing wis diwènèhké.+ Wong-wong kuwi terus nyembah brahala-brahala sing ora ana gunané,+ mula wong-wong kuwi dhéwé ya dadi ora ana gunané.+ Wong-wong kuwi niru bangsa-bangsa ing sekitaré, padahal Yéhuwah wis nglarang bèn ora padha nindakké kuwi.+ 16  Wong-wong kuwi bola-bali nglanggar hukum-hukumé Yéhuwah Gusti Allahé. Wong-wong kuwi nggawé patung logam loro* sing bentuké sapi+ lan cagak suci,*+ terus sujud marang kabèh pasukan langit+ lan nglayani Baal.+ 17  Wong-wong kuwi ya mènèhké anak-anaké lanang lan anak-anaké wédok kanggo diobong dadi korban.+ Wong-wong kuwi ngramal+ lan nggolèk tandha. Wong-wong kuwi ya terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah nganti nglarani atiné. 18  Mula, Yéhuwah dadi nesu banget karo wong Israèl lan nyingkirké wong-wong kuwi saka ngarepé.+ Sing dijarké tetep ana kuwi mung suku Yéhuda. 19  Ning, wong-wong Yéhuda ya ora nindakké préntahé Yéhuwah Gusti Allahé.+ Wong-wong kuwi terus nindakké kebiasaan sing ditindakké wong Israèl.+ 20  Mula, Yéhuwah nolak kabèh keturunané Israèl, ngrendhahké wong-wong kuwi, lan nyerahké wong-wong kuwi marang para penjarah nganti akhiré Gusti Allah ngusir wong-wong kuwi saka ngarepé. 21  Gusti Allah nyuwèk kerajaan Israèl saka keluargané Daud, lan wong-wong kuwi ngangkat Yéroboam anaké Nébat dadi rajané.+ Ning, Yéroboam nggawé Israèl ora manut karo Yéhuwah lan nggawé wong-wong kuwi nindakké dosa sing gedhé. 22  Wong Israèl terus nindakké kabèh dosa sing dilakoni Yéroboam.+ Wong-wong kuwi terus-terusan nindakké kuwi 23  nganti Yéhuwah nyingkirké Israèl saka ngarepé, persis kaya sing wis Dhèwèké omongké liwat kabèh abdiné, yaiku para nabi.+ Mula, Israèl digawa saka tanahé lan ditawan ing Asiria+ nganti saiki. 24  Terus, raja Asiria nggawa wong-wong saka Babilon, Kuta, Awa, Hamat, lan Séfarwaim+ lan ngongkon wong-wong kuwi manggon ing Samaria kanggo nggantèni wong-wong Israèl. Wong-wong kuwi ngrebut Samaria lan manggon ing kutha-kuthané. 25  Pas lagi waé manggon ing kono, wong-wong kuwi ora wedi marang* Yéhuwah. Mula, Yéhuwah nggawé sebagéan wong-wong kuwi dipatèni singa-singa.+ 26  Raja Asiria éntuk laporan: ”Bangsa-bangsa sing njenengan tawan lan kongkon manggon ing kutha-kuthané Samaria ora ngerti carané ngibadah marang* Gusti Allahé tanah kuwi. Mula, Gusti Allahé tanah kuwi nggawé wong-wong kuwi dipatèni singa-singa, merga ora ana wong sing ngerti carané ngibadah marang Gusti Allahé tanah kuwi.” 27  Kuwi sebabé raja Asiria mènèhi préntah, ”Kongkonen salah siji imam sing wis mbok tawan saka tanah kuwi bali manèh menyang Samaria, supaya imam kuwi isa mulang carané ngibadah marang Gusti Allahé tanah kuwi.” 28  Mula salah siji imam sing wis ditawan wong-wong kuwi saka Samaria bali manèh lan manggon ing Bètel.+ Dhèwèké mulai mulang wong-wong kuwi supaya wedi marang* Yéhuwah.+ 29  Ning, saben bangsa nggawé brahalané* dhéwé-dhéwé, terus ndèlèhké kuwi ing kuil-kuil ing panggonan-panggonan dhuwur* sing digawé wong Samaria. Saben bangsa nindakké kuwi ing kutha-kutha sing dienggoni wong-wong kuwi. 30  Wong Babilon nggawé patung Sukot-bénot, wong Kut nggawé patung Nèrgal, wong Hamat+ nggawé patung Asyima, 31  lan wong Awa nggawé patung Nibhaz lan Tartak. Wong Séfarwaim+ ngobong anak-anaké lanang kanggo dadi korban marang allah-allahé, yaiku Adramèlèkh lan Anamèlèkh. 32  Senajan wedi marang Yéhuwah, ning wong-wong kuwi nglantik wong-wong biasa bèn dadi imam lan nugaské wong-wong kuwi ing kuil-kuil ing panggonan dhuwur.*+ 33  Dadi, wong-wong kuwi wedi marang Yéhuwah, ning ya nyembah allahé dhéwé-dhéwé nurut cara ngibadah* ing negara asalé wong-wong kuwi.+ 34  Nganti saiki wong-wong kuwi nindakké cara ngibadahé* mbiyèn. Ora ana sing nyembah* Yéhuwah, lan ora ana sing manut karo peraturan, keputusan, hukum, lan préntah sing diwènèhké Yéhuwah marang keturunané Yakub. Jenengé Yakub diganti Gusti Allah dadi Israèl.+ 35  Wektu nggawé perjanjian karo Israèl,+ Yéhuwah mènèhi préntah, ”Aja nyembah* allah-allah liya, lan aja sujud utawa nglayani utawa mènèhké korban marang allah-allah kuwi.+ 36  Sing kudu mbok sembah*+ kuwi Yéhuwah, Gusti Allah sing wis nggawa kowé metu saka Mesir nganggo kuwasané sing gedhé lan lengené sing kuwat.*+ Kowé kudu sujud lan mènèhké korban marang Dhèwèké. 37  Kowé kudu terus manut tenanan karo peraturan, keputusan, hukum, lan préntah sing Dhèwèké tulis kanggo kowé,+ lan aja nyembah* allah-allah liya. 38  Aja nglalèkké perjanjian sing Tak gawé karo kowé,+ lan aja nyembah* allah-allah liyané. 39  Sing kudu mbok sembah* kuwi Yéhuwah Gusti Allahmu, merga Dhèwèké sing bakal nylametké kowé saka tangané kabèh mungsuhmu.” 40  Ning wong-wong kuwi ora manut, lan wong-wong kuwi nindakké cara ngibadahé* mbiyèn.+ 41  Dadi, bangsa-bangsa iki wedi marang Yéhuwah,+ ning ya nyembah patung-patung ukirané dhéwé. Nganti saiki, anak putuné ya padha nindakké apa sing ditindakké nènèk moyangé.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wedi marang”.
Maksudé, ing kabèh panggonan, embuh kuwi sing penduduké akèh utawa sithik.
Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.
Utawa ”patung loro saka logam sing dilebur”.
Utawa ”ora nyembah”.
Utawa ”ora ngerti kebiasaan agama sing ditampa”.
Utawa ”nyembah”.
Utawa ”déwa-déwané”.
Utawa ”kebiasaan agama”.
Utawa ”kebiasaan agamané”.
Lit.: ”wedi marang”.
Lit.: ”Aja wedi marang”.
Lit.: ”mbok wedèni”.
Lit.: ”sing terentang”.
Lit.: ”aja wedi marang”.
Lit.: ”aja wedi marang”.
Lit.: ”mbok wedèni”.
Utawa ”kebiasaan agamané”.