2 Para Raja 22:1-20

  • Yosia raja Yéhuda (1, 2)

  • Petunjuk soal ndandani bait (3-7)

  • Buku Hukum ditemokké (8-13)

  • Ramalané Hulda soal bencana (14-20)

22  Pas mréntah dadi raja, Yosia+ umuré wolung taun lan mréntah suwéné 31 taun ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Yédida anaké Adaya sing asalé saka Bozkat.+  Yosia nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké niru kabèh tumindaké Daud nènèk moyangé+ lan ora nglanggar hukumé Gusti Allah.  Ing taun ke-18 pamréntahané, Raja Yosia ngutus sekretaris kerajaan, yaiku Syafan anaké Azalia anaké Mésyulam, menyang omahé Yéhuwah,+ kandhané,  ”Lungaa marang Imam Agung Hilkia,+ lan kongkonen dhèwèké nglumpukké kabèh dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah,+ sing wis diklumpukké para penjaga lawang.+  Terus, wènèhna dhuwit kuwi marang wong-wong sing ditugaské kanggo ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah. Para pengawas kuwi bakal nyerahké dhuwit mau marang wong-wong sing kerja kanggo ndandani bagéan sing rusak* ing omahé Yéhuwah,+  yaiku para pengrajin, tukang bangunan, lan tukang batu. Wong-wong kuwi bakal nggunakké dhuwit mau kanggo tuku kayu lan watu sing wis dipotong kanggo ndandani omah kuwi.+  Ning, wong-wong kuwi ora perlu ditakon-takoni soal carané nggunakké dhuwit kuwi, merga wong-wong kuwi isa dipercaya.”+  Terus, Imam Agung Hilkia kandha marang Syafan sekretaris kuwi,+ ”Aku nemokké buku Hukum Musa+ ing omahé Yéhuwah.” Hilkia mènèhké kuwi marang Syafan, lan buku kuwi diwaca Syafan.+  Bar kuwi, Syafan sekretaris kuwi ngadhep Raja lan kandha, ”Para abdiné njenengan wis ngetokké dhuwit sing ana ing omah kuwi, lan wong-wong kuwi ya wis mènèhké dhuwit mau marang wong-wong sing ditugaské kanggo ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah.”+ 10  Syafan sekretaris kuwi ya kandha marang Raja, ”Ana buku+ sing diwènèhké Imam Hilkia marang aku.” Terus, Syafan macakké buku kuwi ing ngarepé Raja. 11  Sakwisé krungu kata-kata sing ana ing buku Hukum kuwi, Raja langsung nyuwèk jubahé.+ 12  Raja mènèhi préntah iki marang Imam Hilkia, Ahikam+ anaké Syafan, Akhbor anaké Mikaya, Syafan sekretaris kuwi, lan Asaya abdiné Raja: 13  ”Lungaa, njaluka tuntunané Yéhuwah soal kata-kata ing buku sing ditemokké iki kanggo kepentinganku, kepentingané rakyat, lan kepentingané kabèh wong Yéhuda. Nènèk moyangé awaké dhéwé wis ora manut kata-kata sing ana ing buku iki lan ora nindakké kabèh sing wis ditulis ing buku kuwi kanggo awaké dhéwé. Kuwi sebabé Yéhuwah dadi nesu banget.”+ 14  Mula Imam Hilkia, Ahikam, Akhbor, Syafan, lan Asaya nemoni nabi wédok sing jenengé Hulda+ bojoné Syalum anaké Tikwa anaké Harhas. Syalum kuwi sing ngurusi panggonan kanggo nyimpen klambi. Hulda manggon ing Wilayah Anyar ing Yérusalèm, lan wong-wong mau omongan karo dhèwèké ing kana.+ 15  Hulda kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Kandhanana wong sing wis ngutus kowé marang Aku, 16  ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké panggonan iki lan penduduké kena bencana, yaiku kabèh sing wis ditulis ing buku sing wis diwaca raja Yéhuda,+ 17  merga wong-wong kuwi wis ninggalké Aku lan nggawé asap korban kanggo allah-allah liyané+ bèn nglarani ati-Ku nganggo hasil kerja kerasé.+ Kuwi sebabé Aku bakal nesu karo panggonan iki kaya geni sing terus murub.’”+ 18  Ning, kanggo raja Yéhuda sing ngutus kowé njaluk tuntunané Yéhuwah, ngomonga ngéné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Soal omongan sing mbok rungokké kuwi, 19  merga atimu tanggap* lan kowé wis ngrendhahké dhiri+ ing ngarepé Yéhuwah wektu kowé krungu omongan-Ku soal panggonan iki lan penduduké, yaiku nèk penduduké bakal dikutuk lan wong sing ndelok kuwi bakal ngrasa wedi, lan merga kowé nyuwèk klambimu+ lan nangis ing ngarep-Ku, Aku ya bakal ngrungokké dongamu, kandhané Yéhuwah. 20  Mula, Aku bakal nglumpukké kowé karo nènèk moyangmu,* lan kowé bakal dikubur. Kowé ora bakal ndelok kabèh bencana sing bakal Tak wènèhké ing panggonan iki.’”’” Terus, wong-wong kuwi nyampèkké jawaban mau marang Raja.

Katrangan Tambahan

Utawa ”retak”.
Lit.: ”lembut”.
Iki ungkapan puitis kanggo nggambarké kematian.