2 Para Raja 25:1-30

  • Nébukhadnézar ngepung Yérusalèm (1-7)

  • Yérusalèm lan baité dihancurké; penawanan keloro menyang Babilon (8-21)

  • Gédalia dadi gubernur (22-24)

  • Gédalia dipatèni; wong-wong mlayu menyang Mesir (25, 26)

  • Yéhoyakhin dibébaské ing Babilon (27-30)

25  Ing taun kesanga pamréntahané Zédékia, ing dina kesepuluh sasi kesepuluh, Nébukhadnézar+ raja Babilon teka bareng karo kabèh pasukané kanggo nyerang Yérusalèm.+ Dhèwèké kémah ing ngarepé kutha kuwi lan mbangun témbok ing sak ubengé kanggo ngepung kutha kuwi.+  Kutha kuwi dikepung nganti taun ke-11 pamréntahané Raja Zédékia.  Ing dina kesanga sasi kepapat, pas ana kelaparan sing parah+ ing kutha kuwi lan ora ana panganan kanggo rakyat ing negara kuwi,+  témbok kutha kuwi ditrobos.+ Benginé, para prajurit padha mlayu liwat gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro ing cedhak taman raja. Wektu kuwi, wong Khaldéa ngepung kutha, lan Raja mlayu menyang arah Araba.+  Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* Zédékia, lan wong-wong kuwi nangkep dhèwèké ing Padhang Gurun Yérikho. Kabèh pasukané Raja padha mencar ninggalké Raja.  Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep+ lan digawa marang raja Babilon ing Ribla, terus dihukum.  Wong-wong kuwi matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Terus, Nébukhadnézar nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+  Ing sasi kelima, ing dina kepitu sasi kuwi, yaiku taun ke-19 pamréntahané Nébukhadnézar raja Babilon, Nébuzaradan+ sing dadi kepala pengawalé raja Babilon teka menyang Yérusalèm.+  Dhèwèké ngobong omahé Yéhuwah,+ istanané raja,+ lan kabèh omah ing Yérusalèm.+ Dhèwèké ya ngobong omahé wong-wong penting ing kutha kuwi.+ 10  Témbok-témbok sing ngubengi kutha Yérusalèm dirubuhké karo pasukan Khaldéa sing ngetutké kepala pengawal kuwi.+ 11  Terus, Nébuzaradan kepala pengawal kuwi nawan rakyat sing isih ana ing kutha Yérusalèm, wong-wong sing mihak raja Babilon, lan kabèh penduduk liyané.+ 12  Ning, kepala pengawal kuwi ora nggawa sebagéan rakyat negara kuwi sing mlarat banget, supaya wong-wong kuwi isa didadèkké pengurus kebon anggur lan dikongkon kerja paksa.+ 13  Wong Khaldéa ngremuk cagak-cagak tembaga+ omahé Yéhuwah, grobag-grobag,+ lan Laut Tembaga+ sing ana ing omahé Yéhuwah, terus nggawa tembagané menyang Babilon.+ 14  Wong-wong kuwi ya nggawa wadhah awu, sekop, alat kanggo matèni geni ing sumbu, cangkir, lan kabèh peralatan saka tembaga sing digunakké ing bait. 15  Kepala pengawal kuwi njupuk kabèh wadhah bara lan mangkok-mangkok sing digawé saka emas+ lan pérak murni.+ 16  Tembaga sing digunakké Salomo kanggo nggawé cagak loro, Laut Tembaga, lan grobag-grobag ing omahé Yéhuwah jumlahé akèh banget nganti ora isa ditimbang.+ 17  Saben cagak dhuwuré 18 hasta.*+ Kepala cagak digawé saka tembaga lan dhuwuré telung hasta. Kabèh jaring lan delima sing ngubengi kepala cagak digawé saka tembaga.+ Cagak loro kuwi padha persis. 18  Kepala pengawal kuwi nangkep Séraya,+ yaiku imam kepala, Zéfanya,+ yaiku imam sing mbantu imam kepala, lan telu penjaga lawang.+ 19  Saka kutha kuwi, dhèwèké nangkep siji pejabat istana sing ngawasi para prajurit, lima penaséhat pribadi Raja sing ana ing kana, siji sekretaris pemimpin pasukan sing nglumpukké rakyat ing negara kuwi, lan wong 60 sing ana ing kutha kuwi. 20  Nébuzaradan+ kepala pengawal kuwi nggawa wong-wong mau marang raja Babilon ing Ribla.+ 21  Terus, raja Babilon matèni wong-wong mau ing Ribla ing dhaérah Hamat.+ Ya ngono kuwi ceritané Yéhuda ditawan saka negarané.+ 22  Nébukhadnézar raja Babilon ngangkat Gédalia+ anaké Ahikam+ anaké Syafan+ kanggo ngawasi wong-wong sing ditinggal ing tanah Yéhuda.+ 23  Wektu para pemimpin pasukan lan anak buahé krungu nèk raja Babilon wis ngangkat Gédalia, wong-wong kuwi langsung nemoni Gédalia ing Mizpa. Sing nemoni Gédalia yaiku Ismaèl anaké Nétania, Yohanan anaké Karéah, Séraya anaké Tanhumèt wong Nétofa, lan Yaazania anaké wong Maakat, bareng karo pasukané.+ 24  Gédalia sumpah marang wong-wong kuwi lan pasukané. Dhèwèké kandha, ”Aja wedi dadi abdiné wong Khaldéa. Manggona ing tanah iki, lan kowé kudu nglayani raja Babilon bèn uripmu kepénak.”+ 25  Ing sasi kepitu, ana keturunané raja* sing jenengé Ismaèl+ anaké Nétania anaké Èlisyama teka bareng karo sepuluh wong lanang liyané, terus matèni Gédalia lan kabèh wong Yahudi lan wong Khaldéa sing bareng Gédalia ing Mizpa.+ 26  Bar kuwi, kabèh wong saka sing cilik nganti sing gedhé, termasuk para pemimpin pasukan, padha mangkat lan lunga menyang Mesir+ merga wong-wong kuwi wedi marang wong Khaldéa.+ 27  Sakwisé Èwil-mérodakh dadi raja Babilon, dhèwèké mbébaské lan ngetokké Yéhoyakhin raja Yéhuda saka penjara.+ Kuwi kelakon ing dina ke-27 ing sasi ke-12, ing taun ke-37 sakwisé Yéhoyakhin+ raja Yéhuda ditawan. 28  Dhèwèké apikan marang Yéhoyakhin lan mènèhi Yéhoyakhin kedudukan sing luwih dhuwur timbang raja-raja liyané sing bareng dhèwèké ing Babilon. 29  Yéhoyakhin nyopot klambi penjarané, lan sakjegé uripé dhèwèké mesthi mangan bareng Raja. 30  Saben dina sakjegé uripé dhèwèké mesthi éntuk jatah mangan saka Raja.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nguber”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”benih kerajaan”.