2 Para Raja 7:1-20

  • Èlisa ngramalké nèk kelaparan bakal rampung (1, 2)

  • Panganan sing ditinggal ing perkémahané wong Siria (3-15)

  • Ramalané Èlisa kelakon (16-20)

7  Èlisa saiki kandha, ”Rungokna omongané Yéhuwah. Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Sésuk kira-kira ing wektu kaya ngéné iki, ing gerbang* Samaria, sak séa* tepung alus regané bakal dadi sak syèkel,* lan rong séa barli regané bakal dadi sak syèkel.’”+  Wektu krungu kuwi, ajudan sing dipercaya Raja kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener, ”Senajan Yéhuwah mbukak gerbang-gerbang banyu ing langit, ora mungkin kuwi* kelakon.”+ Èlisa njawab, ”Kowé bakal ndelok dhéwé,+ ning kowé ora bakal mangan kuwi.”+  Ana wong sing lara kusta cacahé papat ing gerbang kutha.+ Wong-wong kuwi padha kandha, ”Kanggo apa awaké dhéwé lungguh ing kéné terus nganti mati?  Nèk awaké dhéwé mutuské kanggo mlebu ing kutha,+ ing kana lagi ana kelaparan, awaké dhéwé mesthi bakal mati. Ning nèk lungguh ing kéné terus, awaké dhéwé ya bakal mati. Mula, saiki awaké dhéwé menyang perkémahané wong Siria waé. Nèk awaké dhéwé ora dipatèni, ya awaké dhéwé bakal tetep urip. Ning nèk dipatèni, ya awaké dhéwé bakal mati.”  Terus, wong-wong kuwi lunga menyang perkémahané wong Siria pas bengi. Pas tekan pinggir perkémahan Siria, ora ana sapa-sapa ing kana.  Kuwi merga Yéhuwah wis nggawé pasukan Siria krungu swara kréta-kréta perang, jaran-jaran, lan swara pasukan sing gedhé.+ Mula pasukan Siria kandha, ”Raja Israèl wis mbayar raja-rajané wong Hèt lan raja-raja Mesir kanggo nyerang awaké dhéwé.”  Bengi kuwi, pasukan Siria langsung mlayu kanggo nylametké nyawané.* Mula téndhané, jarané, keledainé, lan kabèh perkémahané ditinggal.  Wektu tekan ing pinggir perkémahané wong Siria, wong-wong sing lara kusta mau mlebu ing salah siji téndha, terus mangan lan ngombé. Wong-wong kuwi njupuk pérak, emas, lan klambi, terus lunga lan ndhelikké kuwi. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi bali lan mlebu ing téndha liyané, terus njupuk barang-barang lan ndhelikké kuwi.  Akhiré wong-wong kuwi padha kandha, ”Awaké dhéwé ora éntuk kaya ngéné. Awaké dhéwé kudu crita marang liyané soal kabar apik iki. Nèk meneng waé nganti ésuk, awaké dhéwé mesthi bakal dihukum. Ayo saiki lunga menyang istana raja lan nglaporké iki.” 10  Mula, wong-wong kuwi nglaporké marang para penjaga gerbang kutha, ”Aku lunga menyang perkémahané wong Siria, ning ing kana ora ana sapa-sapa lan ora ana swarané wong. Sing ana mung jaran, keledai sing ditalèni, lan téndha-téndha sing ditinggalké ngono waé.” 11  Para penjaga gerbang kuwi langsung nglaporké kuwi marang wong-wong ing istanané raja. 12  Bengi kuwi, Raja langsung tangi lan kandha marang para abdiné, ”Tak kandhani siasaté wong Siria kuwi. Wong Siria ngerti nèk awaké dhéwé lagi kelaparan,+ dadi wong Siria ninggalké perkémahan lan ndhelik ing padhang. Wong Siria padha kandha, ’Wong Israèl bakal metu saka kutha, lan awaké dhéwé bakal nyekel wong Israèl urip-urip. Bar kuwi, awaké dhéwé bakal mlebu ing kutha.’”+ 13  Salah siji abdiné kandha, ”Tulung kongkonen wong-wong lanang nggawa jaran lima sing isih ana ing kutha iki bèn isa ndelok apa sing wis kelakon. Ora soal wong-wong kuwi lunga utawa tetep ing kéné, wong-wong kuwi ya bakal mati kaya kabèh wong Israèl ing kéné.” 14  Mula, wong-wong kuwi njupuk kréta loro, lan Raja ngutus wong-wong kuwi menyang perkémahané wong Siria, kandhané, ”Lungaa lan deloken apa sing wis kelakon.” 15  Terus, wong-wong kuwi mangkat lan tekan ing Kali Yordan. Ing dalan-dalan kuwi, ana akèh klambi lan peralatan sing dibuwang wong Siria wektu padha mlayu karo bingung. Terus, para utusan kuwi bali lan nglaporké kuwi marang Raja. 16  Bar kuwi, wong Israèl metu lan njarah perkémahané wong Siria. Mula, cocog karo omongané Yéhuwah,+ regané sak séa tepung alus dadi sak syèkel lan rong séa barli dadi sak syèkel. 17  Ajudan sing dipercaya Raja ditugaské kanggo ngawasi gerbang kutha, lan ing kono ajudan kuwi mati kepidak-pidak wong-wong. Kuwi persis kaya sing diomongké abdiné Gusti Allah sing bener marang Raja wektu Raja teka nemoni dhèwèké. 18  Kuwi kelakon persis kaya omongané abdiné Gusti Allah sing bener marang Raja, ”Sésuk kira-kira ing wektu kaya ngéné iki, ing gerbang Samaria,+ sak séa tepung alus regané bakal dadi sak syèkel lan rong séa barli regané bakal dadi sak syèkel.” 19  Ning wektu kuwi, ajudan mau kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener, ”Senajan Yéhuwah mbukak gerbang-gerbang banyu ing langit, ora mungkin kuwi* kelakon.” Èlisa njawab, ”Kowé bakal ndelok dhéwé, ning kowé ora bakal mangan kuwi.” 20  Pancèn kuwi sing dialami ajudan mau, merga dhèwèké mati kepidak-pidak wong-wong ing gerbang.

Katrangan Tambahan

Utawa ”pasar-pasar”.
1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”ora mungkin omongan kuwi”.
Utawa ”jiwané”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ora mungkin omongan kuwi”.