2 Para Raja 8:1-29

  • Tanahé wong wédok Syunem dibalèkké (1-6)

  • Èlisa, Bèn-hadad, lan Hazaèl (7-15)

  • Yéhoram raja Yéhuda (16-24)

  • Ahazia raja Yéhuda (25-29)

8  Èlisa kandha marang wong wédok sing anaké diuripké manèh karo dhèwèké,+ ”Kowé lan keluargamu kudu lunga saka kéné lan manggon dadi penduduk asing ing endi waé kowé isa éntuk panggonan. Yéhuwah wis ngumumké nèk bakal ana kelaparan+ ing tanah iki pitung taun suwéné.”  Terus, wong wédok mau lunga lan nindakké apa sing diomongké abdiné Gusti Allah sing bener. Dhèwèké lunga karo keluargané lan manggon ing tanah Filistin+ pitung taun suwéné.  Sakwisé pitung taun, wong wédok kuwi bali saka tanah Filistin lan lunga ngadhep Raja kanggo njaluk bèn omah lan ladhangé dibalèkké.  Wektu kuwi, Raja lagi omong-omongan karo Géhazi pelayané abdiné Gusti Allah sing bener. Raja kandha, ”Tulung aku dicritani soal kabèh sing wis ditindakké Èlisa.”+  Pas Géhazi lagi nyritani Raja nèk Èlisa tau nguripké manèh wong mati,+ wong wédok sing anaké diuripké manèh kuwi teka ngadhep Raja merga arep njaluk bèn omah lan ladhangé dibalèkké.+ Géhazi langsung kandha, ”Rajaku, iki wong wédok kuwi, lan iki anaké lanang sing diuripké manèh karo Èlisa.”  Raja langsung nakoni wong wédok kuwi, lan wong wédok kuwi nyritakké apa sing kelakon. Terus, Raja ngongkon siji pejabat istana ngurusi masalahé wong wédok kuwi. Raja kandha, ”Balèkna kabèh duwèké wong wédok kuwi lan kabèh hasil ladhangé kèt dhèwèké lunga saka tanah iki nganti saiki.”  Èlisa lunga menyang Damaskus.+ Wektu kuwi, Bèn-hadad+ raja Siria lagi lara. Raja éntuk laporan, ”Abdiné Gusti Allah sing bener+ ana ing kéné.”  Mula Raja kandha marang Hazaèl,+ ”Kowé kudu nggawa hadiah lan nemoni abdiné Gusti Allah sing bener.+ Kongkonen wong kuwi takon marang Yéhuwah, ’Apa aku bakal mari?’”  Hazaèl nemoni dhèwèké lan nggawa hadiah, yaiku kabèh barang sing apik saka Damaskus, akèhé sing isa digawa 40 unta. Hazaèl nemoni Èlisa lan kandha, ”Abdimu, Bèn-hadad raja Siria, ngutus aku kanggo takon marang njenengan, ’Apa aku bakal mari?’” 10  Èlisa njawab, ”Lungaa lan omonga marang dhèwèké, ’Kowé mesthi bakal mari.’ Ning, Yéhuwah wis ngandhani aku nèk dhèwèké mesthi bakal mati.”+ 11  Èlisa terus ndelok Hazaèl nganti Hazaèl risi. Bar kuwi, abdiné Gusti Allah sing bener kuwi nangis. 12  Hazaèl takon, ”Ngapa njenengan nangis?” Èlisa njawab, ”Merga aku ngerti kejahatan apa sing bakal mbok tindakké marang wong Israèl.+ Kutha-kutha sing ana bèntèngé bakal mbok obong, para prajurit pilihané bakal mbok patèni nganggo pedhang, anak-anaké bakal mbok gebugi nganti mati, lan wetengé wong wédok sing meteng bakal mbok belèk.”+ 13  Hazaèl kandha, ”Abdimu iki sapa ta, aku kan mung asu, ta? Apa mungkin aku bakal kaya ngono.” Ning Èlisa kandha, ”Yéhuwah wis ngandhani aku nèk kowé bakal dadi rajané Siria.”+ 14  Bar kuwi, Hazaèl ninggalké Èlisa lan bali marang majikané. Majikané kandha, ”Apa sing diomongké Èlisa marang kowé?” Dhèwèké njawab, ”Dhèwèké ngandhani aku nèk njenengan mesthi bakal mari.”+ 15  Ning sésuké, Hazaèl njupuk kemul, terus dicelupké ing banyu, lan dikrukubké ing wajahé Raja nganti Raja mati.+ Bar kuwi, Hazaèl dadi raja nggantèni Bèn-hadad.+ 16  Ing taun kelima pamréntahané Yéhoram+ anaké Ahab raja Israèl, Yéhoram+ anaké Yéhosyafat dadi raja Yéhuda, padahal wektu kuwi Yéhosyafat isih dadi raja ing kana. 17  Yéhoram anaké Yéhosyafat umuré 32 taun wektu dadi raja, lan dhèwèké mréntah suwéné wolung taun ing Yérusalèm. 18  Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl,+ kaya sing ditindakké keluargané Ahab,+ merga bojoné kuwi anaké wédok Ahab.+ Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ 19  Ning, Yéhuwah ora gelem nyingkirké kerajaan Yéhuda merga Daud abdiné.+ Gusti Allah wis janji nèk keturunané Daud bakal mréntah*+ nganti sakterusé. 20  Ing jamané Yéhoram, wong Édom mbrontak nglawan kerajaan Yéhuda+ lan nglantik raja dhéwé.+ 21  Yéhoram karo kabèh pasukan krétané nyabrang menyang Zair. Pas bengi, Yéhoram mangkat lan ngalahké wong Édom sing ngepung dhèwèké lan para pemimpin pasukan krétané. Terus, para prajurit padha mlayu menyang kémahé. 22  Ning, Édom terus mbrontak nglawan Yéhuda nganti saiki. Wektu kuwi, Libna+ ya mbrontak. 23  Sejarah liyané soal Yéhoram, yaiku soal kabèh sing ditindakké, ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 24  Akhiré, Yéhoram mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud.+ Bar kuwi, Ahazia+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké. 25  Ing taun ke-12 pamréntahané Yéhoram anaké Ahab raja Israèl, Ahazia anaké Yéhoram raja Yéhuda dadi raja.+ 26  Ahazia umuré 22 taun wektu dadi raja, lan dhèwèké mréntah ing Yérusalèm setaun suwéné. Ibuné jenengé Atalia+ putuné* Omri+ raja Israèl. 27  Ahazia niru tumindaké keluargané Ahab+ lan terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah kaya keluargané Ahab, merga dhèwèké ana hubungan keluarga karo keluargané Ahab liwat pernikahan.+ 28  Ahazia lunga karo Yéhoram anaké Ahab kanggo perang nglawan Hazaèl raja Siria ing Ramot-giléad,+ ning wong Siria manah Yéhoram.+ 29  Mula, Raja Yéhoram bali menyang Yizréèl+ kanggo nambani lukané sing disebabké wong Siria ing Rama wektu dhèwèké nglawan Hazaèl raja Siria.+ Merga Yéhoram anaké Ahab luka parah,* Ahazia anaké Yéhoram raja Yéhuda lunga menyang Yizréèl kanggo nemoni dhèwèké.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Gusti Allah wis mènèhi dhèwèké lampu”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Lit.: ”anaké wédok”.
Utawa ”lara”.