2 Yohanes 1:1-13

  • Salam (1-3)

  • Terus manut karo apa sing bener (4-6)

  • Kudu ngati-ati karo tukang ngapusi (7-11)

    • Aja ngucapké salam (10, 11)

  • Rencanané Yohanes arep teka lan salam-salam (12, 13)

 Surat saka pinituwa* kanggo sedulur wédok* sing dipilih Gusti Allah lan kanggo anak-anaké. Aku bener-bener nresnani kowé kabèh. Tapi, sing nresnani kowé ora mung aku, ning ya kabèh wong sing wis ngerti ajaran sing bener,  merga ajaran sing bener ana ing njero atiné awaké dhéwé saklawasé.  Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Anaké, yaiku Yésus Kristus, bakal nresnani awaké dhéwé lan mènèhi awaké dhéwé ajaran sing bener. Gusti Allah lan Yésus Kristus bakal apikan banget karo awaké dhéwé, mesakké karo awaké dhéwé, lan nggawé awaké dhéwé ayem.  Aku bahagia banget merga ngerti ana anak-anakmu sing manut karo apa sing bener,*+ kaya sing dipréntahké Bapak marang awaké dhéwé.  Mula saiki, aku njaluk marang kowé, yaiku sedulur wédok,* bèn awaké dhéwé nresnani liyané. (Sing tak tulis iki dudu préntah anyar, ning préntah sing wis awaké dhéwé tampa kèt mbiyèn.)+  Nèk awaké dhéwé nduwé katresnan, awaké dhéwé terus nindakké préntah-préntahé.+ Kowé wis krungu préntah kuwi kèt mbiyèn. Préntahé yaiku kowé kudu terus nduduhké katresnan.  Kowé kudu ngati-ati merga ana akèh tukang ngapusi ing donya iki+ sing ora ngakoni nèk Yésus Kristus wis teka dadi manungsa.+ Wong-wong kuwi tukang ngapusi lan nglawan Kristus.*+  Kowé kudu ngati-ati bèn kowé aja nganti ngrusak hasil gawéan sing wis tak upayakké tenanan ing antaramu. Dadi, kowé bakal nampa kabèh berkah+ sing wis disiapké Gusti Allah kanggo kowé.  Saben wong sing nglanggar ajarané Kristus lan ora manut karo ajaran kuwi ora nyenengké Gusti Allah.+ Ning, wong sing terus manut karo ajaran kuwi nyenengké Bapak lan Anak.+ 10  Nèk ana wong sing marani kowé lan nyampèkké ajaran sing béda karo ajarané Kristus, aja nampa dhèwèké ing omahmu,+ lan aja ngucapké salam marang dhèwèké. 11  Wong sing ngucapké salam marang dhèwèké kuwi berarti ndhukung tumindaké sing jahat. 12  Isih ana akèh sing péngin tak sampèkké marang kowé, ning aku ora péngin nyampèkké kuwi liwat surat. Aku péngin ketemu lan ngomong langsung karo kowé, bèn kowé bener-bener bahagia. 13  Anak-anaké sedulurmu wédok sing dipilih Gusti Allah ngirim salam kanggo kowé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”saka wong lanang sing wis tuwa”.
Lit.: ”kanggo wong wédok”. Mungkin maksudé jemaat.
Lit.: ”sing mlaku ing dalan sing bener”.
Lit.: ”yaiku wong wédok”. Mungkin maksudé jemaat.
Lit.: ”lan antikristus”.