Danièl 1:1-21

  • Yérusalèm dikepung wong Babilon (1, 2)

  • Pelatihan khusus kanggo cah-cah enom sing ditawan (3-5)

  • Cah enom Ibrani papat sing setya diuji (6-21)

1  Ing taun ketelu pamréntahané Yéhoyakim+ raja Yéhuda, Nébukhadnézar raja Babilon teka lan ngepung Yérusalèm.+  Yéhuwah nyerahké Yéhoyakim raja Yéhuda lan sebagéan peralatan baité Gusti Allah sing bener marang Nébukhadnézar.+ Nébukhadnézar nggawa kabèh kuwi menyang kuilé déwané ing tanah Syinar*+ lan ndèlèhké kuwi ing panggonan nyimpen harta.+  Terus, Raja ngongkon Aspénaz, yaiku kepala pejabat ing istanané, bèn nggawa sebagéan wong Israèl marang Raja, termasuk sing asalé saka keluarga kerajaan lan keturunané bangsawan.+  Sing digawa yaiku cah-cah enom sing ora cacad, sing nggantheng, wicaksana, nduwé pengetahuan, cerdas,+ lan isa kerja ing istana. Aspénaz kudu ngajari cah-cah kuwi basa lan pengetahuané* wong Khaldéa.  Sakliyané kuwi, saben dina Raja ngongkon bèn cah-cah kuwi diwènèhi panganan sing énak-énak lan minuman anggur sing biasa kanggo raja. Cah-cah kuwi bakal dilatih* telung taun, bar kuwi bakal kerja ing istana.  Ing antarané cah-cah enom kuwi, ana sing asalé saka suku Yéhuda, yaiku Danièl,*+ Hanania,* Misyaèl,* lan Azaria.*+  Kepala pejabat istana ya mènèhi jeneng anyar* kanggo cah-cah kuwi. Danièl dijenengi Bèltesyazar,+ Hanania dijenengi Syadrakh, Misyaèl dijenengi Mésyakh, lan Azaria dijenengi Abèdnégo.+  Ning, Danièl nduwé tékad ing atiné ora gelem mangan panganané Raja sing énak-énak lan ora gelem ngombé minuman anggur, merga kuwi haram nurut hukumé Gusti Allah. Mula, dhèwèké njaluk ijin marang kepala pejabat istana bèn ora mangan lan ngombé kuwi supaya ora najis.  Gusti Allah sing bener nggawé kepala pejabat istana dadi mesakké+ lan apikan karo Danièl. 10  Kepala pejabat istana kandha marang Danièl, ”Raja wis nentokké apa sing kudu mbok pangan lan mbok ombé. Aku wedi karo Raja. Piyé nèk mengko Raja ndelok kowé luwih kuru timbang cah-cah enom liyané sing sak umuranmu? Mengko aku* dianggep salah karo Raja.” 11  Kepala pejabat istana kuwi nglantik penjaga kanggo ngawasi Danièl, Hanania, Misyaèl, lan Azaria. Danièl kandha marang penjaga kuwi, 12  ”Coba njenengan nguji aku lan kanca-kancaku sepuluh dina iki. Wènèhana aku lan kanca-kancaku sayur-sayuran bèn tak pangan lan banyu bèn tak ombé. 13  Bar kuwi, coba bandhingna penampilanku lan penampilané kanca-kancaku karo penampilané cah-cah liya sing mangan panganané Raja sing énak-énak. Terus, njenengan isa nggawé keputusan, aku karo kanca-kancaku arep diapakké.” 14  Penjaga kuwi setuju lan nguji Danièl karo kanca-kancané sepuluh dina suwéné. 15  Sakwisé sepuluh dina, penampilané Danièl lan kanca-kancané kétok luwih apik lan luwih séhat* timbang cah-cah enom liyané sing mangan panganané Raja sing énak-énak. 16  Mula kèt dina kuwi, penjaga mau tetep mènèhi Danièl lan kanca-kancané sayur-sayuran, dudu panganan sing énak-énak lan minuman anggur sing biasa kanggo Raja. 17  Gusti Allah sing bener mènèhi cah lanang papat mau kawicaksanan, pengetahuan, lan pemahaman soal kabèh karya sastra.* Danièl ya diwènèhi kesanggupan bèn isa ngerti artiné wahyu lan mimpi-mimpi.+ 18  Sakwisé wektu sing ditentokké Raja rampung,+ kepala pejabat istana mau nggawa kabèh cah enom kuwi ngadhep Nébukhadnézar. 19  Pas Raja omong-omongan karo kabèh cah enom kuwi, ora ana sing kaya Danièl, Hanania, Misyaèl, lan Azaria.+ Mula, cah lanang papat kuwi tetep ing kana kanggo nglayani Raja. 20  Saben Raja nakoni masalah-masalah sing butuh pengetahuan lan pemahaman, jawabané cah lanang papat kuwi ping sepuluh luwih apik timbang kabèh ahli ilmu gaib lan para peramal+ ing kabèh wilayah kerajaan kuwi. 21  Danièl tetep ana ing kana nganti taun pertama pamréntahané Raja Korès.+

Katrangan Tambahan

Maksudé, Babilonia.
Lit.: ”tulisané”.
Utawa mungkin ”diopèni”.
Artiné ”Yéhuwah Wis Apikan”.
Artiné ”Yéhuwah Wis Nulungi”.
Artiné mungkin ”Sapa Kaya Gusti Allah?”
Artiné ”Hakimku Kuwi Gusti Allah”.
Maksudé, jeneng Babilonia.
Lit.: ”sirahku”.
Lit.: ”lemu”.
Utawa ”karya tulis”.