Danièl 3:1-30

  • Patung emasé Raja Nébukhadnézar (1-7)

    • Préntah kanggo nyembah patung kuwi (4-6)

  • Cah enom Ibrani telu dilaporké marang Raja (8-18)

    • ”Aku ora bakal nyembah déwa-déwané njenengan” (18)

  • Diuncalké ing ruang pembakaran (19-23)

  • Dislametké saka geni liwat mukjijat (24-27)

  • Raja muji Gusti Allahé wong Ibrani (28-30)

3  Raja Nébukhadnézar nggawé patung emas sing dhuwuré 60 hasta* lan ambané 6 hasta.* Kuwi didegké ing Dataran Dura ing Provinsi Babilon.  Terus, Raja Nébukhadnézar mènèhi préntah bèn para wakilé Raja,* penguasa dhaérah, gubernur, penaséhat, bendahara, hakim, pejabat pengadilan, lan pejabat provinsi padha teka ing peresmian patung sing digawé Raja Nébukhadnézar.  Mula, para wakilé Raja, penguasa dhaérah, gubernur, penaséhat, bendahara, hakim, pejabat pengadilan, lan pejabat provinsi padha ngumpul ing peresmian patung sing digawé Raja Nébukhadnézar. Wong-wong kuwi ngadeg ing ngarepé patung sing digawé Nébukhadnézar kuwi.  Terus utusané Raja* mbengok, ”Hé wong-wong saka kabèh bangsa lan basa, rungokna préntah iki:  Pas kowé krungu swara trompèt,* siter, harpa cilik, alat musik bersenar, macem-macem suling, lan alat-alat musik liyané, kowé kudu sujud lan nyembah patung emas sing digawé Raja Nébukhadnézar.  Sapa waé sing ora gelem sujud lan nyembah bakal langsung diuncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub.”+  Mula, pas wong-wong saka kabèh bangsa lan basa mau krungu swara trompèt,* suling, siter, harpa cilik, alat musik bersenar, lan alat-alat musik liyané, wong-wong kuwi langsung sujud lan nyembah patung emas sing digawé Raja Nébukhadnézar.  Wektu kuwi, ana wong-wong Khaldéa sing ngadhep Raja lan nglaporké* wong-wong Yahudi.  Wong-wong kuwi kandha marang Raja Nébukhadnézar, ”Oh Raja, muga-muga njenengan urip saklawasé. 10  Njenengan wis mréntahké nèk saben wong sing krungu swara trompèt,* siter, harpa cilik, alat musik bersenar, macem-macem suling, lan alat-alat musik liyané kudu sujud lan nyembah patung emas kuwi, 11  lan sapa waé sing ora gelem sujud lan nyembah patung kuwi bakal diuncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub.+ 12  Ning, ana wong-wong Yahudi sing wis njenengan lantik dadi pejabat pamréntah ing Provinsi Babilon sing ora ngajèni njenengan, oh Raja, yaiku Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo.+ Wong telu kuwi ora gelem nyembah déwa-déwané njenengan lan ora gelem sujud marang patung emas sing njenengan gawé.” 13  Nébukhadnézar dadi nesu banget, terus ngongkon bèn Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ngadhep dhèwèké. Mula, wong telu kuwi digawa ngadhep Raja. 14  Nébukhadnézar kandha, ”Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, apa tenan kowé ora gelem nyembah déwa-déwaku+ lan ora gelem sujud marang patung emas sing tak gawé? 15  Saiki, kowé tak kèki kesempatan manèh. Nèk pas krungu swara trompèt,* siter, harpa cilik, alat musik bersenar, macem-macem suling, lan alat-alat musik liyané kowé gelem sujud lan nyembah patung sing tak gawé, kowé ora bakal tak apak-apakké. Ning, nèk kowé ora gelem nyembah, kowé bakal langsung tak uncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub. Apa ana déwa sing isa nylametké kowé?”+ 16  Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo njawab, ”Oh Raja Nébukhadnézar, keputusanku iki wis mantep. 17  Nèk pancèn aku kudu diuncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub, Gusti Allah sing tak sembah isa nylametké aku. Oh Raja, Gusti Allahku isa nylametké aku.+ 18  Ning, nèk misalé Gusti Allah ora nylametké aku, oh Raja, njenengan bakal ngerti nèk aku ora bakal nyembah déwa-déwané njenengan utawa sujud marang patung emas sing njenengan gawé.”+ 19  Nébukhadnézar dadi nesu banget karo Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, lan kuwi kétok saka wajahé. Dhèwèké mréntahké bèn ruang pembakaran kuwi dipanaské nganti ping pitu luwih panas timbang biasané. 20  Dhèwèké mréntahké tentara-tentarané sing kuwat bèn nalèni lan nguncalké Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ing ruang pembakaran kuwi. 21  Bar kuwi, wong telu mau ditalèni, terus diuncalké ing ruang pembakaran karo isih nganggo jubah, klambi, topi, lan kabèh pakaiané. 22  Merga préntah sing kejem mau lan ruang pembakaran kuwi ya luar biasa panas, wong-wong sing nguncalké Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo padha mati kobong. 23  Ning, wong telu sing ditalèni mau, yaiku Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, nyemplung ing ruang pembakaran mau. 24  Terus, Raja Nébukhadnézar dadi wedi lan cepet-cepet ngadeg. Dhèwèké kandha marang para pejabat tingginé, ”Sing ditalèni lan diuncalké ing geni mau kan wong telu, ta?” Para pejabat kuwi njawab, ”Iya, Raja.” 25  Raja kandha, ”Kok aku ndelok ana wong papat sing mlaku ing tengah-tengah geni kuwi? Tangané ora ditalèni. Papat-papaté ora apa-apa, lan wong sing kepapat kétok kaya déwa.” 26  Terus, Nébukhadnézar mara ing lawang ruang pembakaran kuwi lan kandha, ”Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, para abdiné Gusti Allah sing Mahaluhur,+ metua!” Bar kuwi, Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo metu. 27  Para wakilé raja, penguasa dhaérah, gubernur, lan pejabat liyané sing padha ngumpul ing kono+ ndelok nèk wong telu kuwi babar blas ora kobong.+ Rambuté ora kobong, jubahé ora rusak, lan wong-wong kuwi ora mambu sangit. 28  Terus Nébukhadnézar kandha, ”Muga-muga Gusti Allahé Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo dipuji.+ Dhèwèké wis ngutus malaékaté lan nylametké para abdiné. Wong telu kuwi percaya marang Dhèwèké lan nglawan préntahé Raja. Wong telu kuwi pilih mati timbang nglayani utawa nyembah allah liya sakliyané Gusti Allahé.+ 29  Kuwi sebabé, aku mènèhi préntah nèk nganti ana wong saka kabèh bangsa utawa basa sing ngrèmèhké Gusti Allahé Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, wong kuwi kudu ditugel-tugel lan omahé didadèkké jamban umum.* Ora ana allah liya sing isa nylametké kaya Gusti Allahé wong telu kuwi.”+ 30  Terus, Raja ngunggahké pangkaté Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ing Provinsi Babilon.+

Katrangan Tambahan

Kira-kira 27 m. Deloken Lamp. B14.
Kira-kira 2,7 m. Deloken Lamp. B14.
Ing basa asliné, iki jabatan sing artiné ”pelindhung kerajaan”. Iki maksudé gubernur ing provinsi kerajaan Babilon.
Maksudé, petugas istana sing biasané ngumumké préntahé Raja.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mitnah”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”panggonan mbuwang sampah”.