Danièl 5:1-31

  • Raja Bèlsyazar nggawé pésta (1-4)

  • Tulisan ing témbok (5-12)

  • Danièl dikongkon njelaské arti tulisan kuwi (13-25)

  • Artiné: Babilon bakal dikalahké (26-31)

5  Raja Bèlsyazar+ nggawé pésta gedhé kanggo sèwu bangsawan ing kerajaané. Dhèwèké ngombé-ngombé anggur ing ngarepé para bangsawan kuwi.+  Pas mabuk, Bèlsyazar ngongkon wong nggawa cangkir-cangkir sing digawé saka emas lan pérak sing digawa Nébukhadnézar bapaké* saka bait ing Yérusalèm.+ Kuwi arep dienggo ngombé Raja bareng karo para bangsawan, selir, lan bojoné sing liyané.  Mula, cangkir-cangkir emas sing digawa saka panggonan suci ing omahé Gusti Allah ing Yérusalèm digawa mrono. Raja bareng karo para bangsawan, gundhik, lan seliré ngombé nganggo cangkir-cangkir kuwi.  Karo ngombé-ngombé anggur, wong-wong kuwi muji brahala-brahala sing digawé saka emas, pérak, tembaga, wesi, kayu, lan watu.  Ujug-ujug, ana tangané manungsa nulis ing témbok istana sing ana ing cedhak wadhah lampu. Raja isa ndelok tangan sing lagi nulis kuwi.  Raja langsung pucet lan kewedèn banget. Sikilé lemes,+ lan dhengkulé ndredheg.  Raja mbengok lan ngundang* para peramal, wong Khaldéa,* lan para ahli ilmu bintang.+ Raja kandha marang wong-wong wicaksana ing Babilon, ”Sapa waé sing isa maca tulisan iki, terus njelaské artiné bakal tak wènèhi jubah ungu lan tak kalungi ranté emas.+ Wong kuwi bakal dadi penguasa ketelu ing kerajaan iki.”+  Terus, kabèh wong wicaksana padha ngadhep Raja, ning ora ana sing isa maca tulisan kuwi lan njelaské artiné marang Raja.+  Kuwi sebabé Raja Bèlsyazar kewedèn banget, lan wajahé pucet. Para bangsawan ya padha bingung.+ 10  Bar krungu omongané Raja lan para bangsawan, ibuné Raja* teka ing ruang pésta kuwi. Ibuné Raja kandha, ”Oh Raja, muga-muga njenengan urip saklawasé. Ngapa wajahmu pucet? Aja wedi. 11  Ing kerajaanmu, ana wong lanang sing nduwé kuwasa saka para déwa sing suci. Ing jamané bapakmu,* dhèwèké nduwé pengetahuan, pemahaman, lan kawicaksanan kaya sing diduwèni para déwa.+ Bapakmu dhéwé, Raja Nébukhadnézar, ngangkat dhèwèké dadi kepalané para ahli ilmu gaib, peramal, lan ahli ilmu bintang+ ing Khaldéa.* 12  Wong kuwi jenengé Danièl. Raja njenengi dhèwèké Bèltesyazar.+ Danièl nduwé kemampuan sing luar biasa. Dhèwèké ya nduwé pengetahuan lan pemahaman kanggo njelaské arti mimpi, teka-teki, lan kanggo ngrampungi masalah sing angèl.+ Saiki undangen* Danièl, lan dhèwèké bakal njelaské arti tulisan kuwi.” 13  Terus, Danièl digawa ngadhep Raja. Raja nakoni Danièl, ”Apa kowé kuwi Danièl, tawanan saka Yéhuda+ sing digawa Raja, yaiku bapakku?*+ 14  Aku krungu nèk kowé nduwé kuwasa saka para déwa+ lan nduwé pengetahuan, pemahaman, lan kawicaksanan sing luar biasa.+ 15  Wong-wong wicaksana lan para peramal wis ngadhep aku bèn padha maca lan njelaské artiné tulisan kuwi, ning ora ana sing isa njelaské artiné.+ 16  Aku krungu nèk kowé isa njelaské arti saka apa waé+ lan ngrampungi masalah sing angèl. Mula, nèk kowé isa maca tulisan kuwi lan njelaské artiné, kowé bakal tak wènèhi jubah ungu lan tak kalungi ranté emas. Kowé ya bakal tak dadèkké penguasa ketelu ing kerajaan iki.”+ 17  Terus Danièl njawab Raja, ”Njenengan ora perlu mènèhi aku hadiah. Wènèhna hadiah kuwi marang wong liya. Ning, aku bakal tetep maca tulisan kuwi lan njelaské artiné. 18  Oh Raja, Gusti Allah sing Mahaluhur wis mènèhi kerajaan, kekuasaan, kehormatan, lan kemuliaan+ marang bapakmu,* Raja Nébukhadnézar. 19  Merga kekuasaan saka Gusti Allah kuwi, wong-wong saka kabèh bangsa lan basa wedi karo dhèwèké.+ Sapa sing péngin dhèwèké patèni bakal dipatèni, sing ora péngin dipatèni ya ora dipatèni. Dhèwèké ya ngunggulké utawa ngrendhahké sapa waé sing dipéngini.+ 20  Ning, dhèwèké dadi sombong lan ndableg, terus dhèwèké dadi lancang.+ Mula, dhèwèké dilèngsèrké saka takhta kerajaané lan ora diajèni manèh. 21  Dhèwèké diusir saka antarané manungsa, atiné berubah dadi kaya ati kéwan, lan dhèwèké manggon bareng karo keledai liar. Dhèwèké mangan suket kaya sapi, lan badané teles merga embun saka langit, nganti dhèwèké sadhar nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa lan nèk Gusti Allah mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing dipéngini.+ 22  ”Ning anaké,* yaiku njenengan, Raja Bèlsyazar, ora rendah hati padahal wis ngerti kuwi kabèh. 23  Njenengan malah nglawan Gusti sing nguwasani swarga+ lan ngongkon bèn cangkir-cangkir saka omahé dijupuk.+ Terus, njenengan ngombé nganggo cangkir-cangkir kuwi lan muji brahala-brahala sing digawé saka emas, pérak, tembaga, wesi, kayu, lan watu bareng karo para bangsawan, gundhik, lan seliré njenengan. Padahal brahala-brahala kuwi ora isa ndelok, ora isa ngrungokké, lan ora ngerti apa-apa.+ Njenengan ora ngluhurké Gusti Allah sing isa nentokké njenengan urip apa mati lan sing nduwé kuwasa ing uripé njenengan.+ 24  Kuwi sebabé Gusti Allah ngongkon tangan mau nulis tulisan iki.+ 25  Tulisané ngéné: MENE, MENE, TEKEL, lan PARSIN. 26  ”Iki artiné: MENE, suwéné pamréntahané njenengan wis diétung Gusti Allah, lan kuwi wis rampung.+ 27  ”TEKEL, njenengan wis ditimbang nganggo timbangan, lan jebulé kurang. 28  ”PERES, kerajaané njenengan wis dibagi-bagi lan wis diwènèhké marang wong Média lan wong Pèrsia.”+ 29  Bar kuwi, Bèlsyazar mréntahké bèn Danièl diwènèhi jubah ungu lan dikalungi ranté emas. Terus, wong-wong ngumumké nèk Danièl dadi penguasa ketelu ing kerajaan kuwi.+ 30  Bengi kuwi, Bèlsyazar raja Khaldéa dipatèni.+ 31  Terus, kerajaan kuwi diserahké marang Darius+ wong Média. Wektu kuwi Darius umuré 62 taun.

Katrangan Tambahan

Utawa ”simbahé lanang”.
Utawa ”nyeluk”.
Maksudé, wong-wong sing ahli ilmu ramal lan ilmu bintang.
Basa Ibraniné ”Raja wédok”.
Utawa ”simbahmu lanang”.
Lit.: ”wong-wong Khaldéa”.
Utawa ”celuken”.
Utawa ”simbahku lanang”.
Utawa ”simbahmu lanang”.
Utawa ”putuné”.