Filémon 1:1-25

  • Salam (1-3)

  • Katresnan lan imané Filémon (4-7)

  • Sing dijaluk Paulus soal Onésimus (8-22)

  • Salam penutup (23-25)

 Surat saka Paulus sing dipenjara+ demi Kristus Yésus lan saka Timotius+ seduluré awaké dhéwé kanggo Filémon sedulur sing ditresnani,  kanggo Apfia, kanggo Arkhipus+ kanca sing berjuang bareng aku, lan kanggo jemaat sing ngibadah ing omahmu.+  Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.  Aku terus ngucap syukur marang Gusti Allah wektu aku nyebutké kowé ing donga-dongaku,+  merga aku kerep krungu nèk kowé nduwé iman sing kuwat lan nresnani Gusti Yésus lan kabèh wong suci.  Aku ndonga bèn iman sing mbok duwèni isa nggawé kowé sadhar nèk awaké dhéwé wis nampa akèh banget sing apik liwat Kristus.  Sedulurku, aku seneng banget lan terhibur wektu krungu soal katresnanmu, merga kowé wis nguwatké atiné wong-wong suci.  Kuwi sebabé merga aku rasulé Kristus, aku sakjané nduwé wewenang kanggo ngongkon kowé nindakké apa sing kudu ditindakké,  ning luwih apik aku njaluk tenanan marang kowé supaya nindakké iki merga tresna. Aku, Paulus, wis tuwa, lan saiki ana ing penjara demi Kristus Yésus. 10  Aku njaluk tenanan marang kowé demi anakku, yaiku Onésimus,+ merga aku wis dadi kaya bapaké+ saksuwéné aku dipenjara. 11  Mbiyèn dhèwèké ora ana gunané kanggo kowé, ning saiki dhèwèké berguna banget kanggo kowé lan aku. 12  Aku ngongkon dhèwèké bali marang kowé. Aku sayang banget karo dhèwèké. 13  Sakjané aku péngin dhèwèké tetep ana ing kéné supaya dhèwèké isa nggantèni kowé kanggo nglayani aku saksuwéné aku dipenjara demi kabar apik.+ 14  Ning, aku ora gelem nindakké apa waé nèk ora takon sik karo kowé bèn kowé nindakké apa sing apik merga réla, dudu merga kepeksa.+ 15  Mungkin iki alesané dhèwèké pisah sedhéla* saka kowé, supaya dhèwèké isa bali marang kowé kanggo saklawasé. 16  Ning, dhèwèké ora mung dadi budhak,+ tapi ya dadi wong sing luwih berharga, yaiku dadi sedulur sing disayangi.+ Aku sayang banget karo dhèwèké, ning kowé bakal luwih sayang karo dhèwèké, merga dhèwèké kuwi budhak lan sedulur seimanmu. 17  Dadi, nèk kowé nganggep aku kancamu, kowé kudu ramah lan apikan karo dhèwèké kaya nèk kowé ramah lan apikan karo aku. 18  Sakliyané kuwi, nèk dhèwèké nggawé kesalahan utawa nduwé utang marang kowé, aku sing bakal nanggung. 19  Aku, Paulus, nulis iki nganggo tanganku dhéwé: Aku bakal mbayar kabèh utangé Onésimus. Aku ora perlu ngandhani kowé nèk sakjané kowé dhéwé ya nduwé utang marang aku, yaiku uripmu. 20  Sedulurku, merga awaké dhéwé iki murid-muridé Gusti, muga-muga kowé gelem mbantu aku. Muga-muga kowé ya gelem nguwatké atiku, merga awaké dhéwé muridé Kristus. 21  Aku yakin kowé bakal setuju, mula aku nulis iki marang kowé. Aku yakin nèk kowé bakal nindakké luwih akèh timbang sing tak omongké. 22  Ning sakliyané kuwi, siapna panggonan nginep kanggo aku. Mungkin aku bakal dibébaské merga mbok dongakké lan isa marani kowé.+ 23  Kowé éntuk salam saka Épafras,+ sing dipenjara bareng karo aku merga bersatu karo Kristus Yésus. 24  Kowé ya éntuk salam saka Markus, Aristarkhus,+ Démas,+ lan Lukas,+ kanca-kancaku. 25  Muga-muga Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé merga kowé terus nduwé semangat.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”pisah sak jam”.