Hoséa 1:1-11

  • Bojoné Hoséa lan anak-anak sing dilairké (1-9)

    • Yizréèl (4), Lo-ruhama (6), lan Lo-ami (9)

  • Harapan kanggo dipulihké lan bersatu (10, 11)

1  Wektu jamané Uzzia,+ Yotam,+ Ahaz,+ lan Hizkia,+ raja-raja ing Yéhuda,+ lan wektu jamané Yéroboam+ anaké Yoas,+ raja ing Israèl, Yéhuwah kandha marang Hoséa* anaké Béèri.  Wektu Yéhuwah mulai nyampèkké omongané liwat Hoséa, Yéhuwah kandha marang Hoséa, ”Kowé nikaha, lan bojomu bakal dadi pelacur. Kowé ya bakal nduwé anak saka hasil pelacurané. Sebab ya kaya ngono kuwi bangsa iki wis ora setya marang Yéhuwah,+ kaya wong sing dadi pelacur.”  Terus, Hoséa nikah karo Gomèr anaké Diblaim. Gomèr meteng, terus nglairké anak lanang.  Bar kuwi, Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu njenengi anak kuwi Yizréèl,* sebab sedhéla manèh Aku bakal ngukum keturunané Yéhu+ merga pembunuhan ing Yizréèl. Kerajaan Israèl+ bakal Tak singkirké.  Wektu kuwi, busur panahé Israèl bakal Tak tugel ing Lembah Yizréèl.”  Terus, Gomèr meteng manèh lan nglairké anak wédok. Gusti Allah kandha marang Hoséa, ”Kowé kudu njenengi anak kuwi Lo-ruhama,* merga Aku ora bakal mesakké+ wong Israèl manèh. Wong Israèl mesthi bakal Tak usir.+  Ning, Aku bakal mesakké wong Yéhuda.+ Aku, Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi,+ bakal nylametké wong-wong kuwi. Ning, wong-wong kuwi bakal Tak slametké dudu nganggo busur panah, pedhang, perang, jaran, utawa wong sing numpak jaran.”+  Sakwisé ora nyusoni Lo-ruhama manèh, Gomèr meteng lan nglairké anak lanang.  Terus Gusti Allah kandha, ”Kowé kudu njenengi anak kuwi Lo-ami,* merga kowé dudu umat-Ku lan Aku ora bakal dadi Gusti Allahmu. 10  ”Ning, wong Israèl bakal dadi akèh kaya pasir ing laut, sing ora isa ditaker utawa diétung.+ Ing panggonan pas Aku ngomong marang wong-wong kuwi, ’Kowé dudu umat-Ku,’+ ya ing kono kuwi Aku bakal ngomong marang wong-wong kuwi, ’Kowé anak-anaké Gusti Allah sing urip’.+ 11  Wong Yéhuda lan Israèl bakal bersatu+ lan bakal milih wong dadi pemimpin, terus lunga saka tanah kuwi. Dina kuwi bakal dadi dina sing penting kanggo Yizréèl.+

Katrangan Tambahan

Jeneng dawané yaiku Hosyaya, sing artiné ”Dislametké Yah; Yah Wis Nylametké”.
Artiné ”Gusti Allah Bakal Nyebar Benih”.
Artiné ”Ora Dimesakké”.
Artiné ”Dudu Umat-Ku”.