Hoséa 11:1-12

  • Gusti Allah sayang karo Israèl kèt Israèl isih cilik (1-12)

    • ”Saka Mesir Aku ngundang anak-Ku” (1)

11  ”Pas Israèl isih cilik, Aku sayang karo dhèwèké.+ Saka Mesir Aku ngundang* anak-Ku.+   Saya kerep diundang,*Dhèwèké malah saya ngedohi Aku.+ Dhèwèké terus-terusan mènèhké korban marang patung-patung Baal+Lan persembahan bakaran marang patung-patung ukiran.+   Ning, Aku sing ngajari Éfraim mlaku+ karo nyangga wong-wong kuwi nganggo lengen-Ku.+ Aku wis nambani wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi ora ngakoni.   Katresnan lan sifat apikan-Ku+ Tak gunakké kaya tali sing narik wong-wong kuwi bèn nyedhak marang Aku.* Kanggoné wong-wong kuwi, Aku kaya wong sing ngangkat kayu saka guluné wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi wis padha Tak wènèhi pangan.   Wong-wong kuwi ora bakal bali manèh menyang Mesir, ning Asiria bakal dadi rajané+Merga wong-wong kuwi ora gelem mertobat lan bali marang Aku.+   Kutha-kuthané bakal diserang nganggo pedhang.+ Palang-palang gerbang kuthané bakal dihancurké, lan wong-wong kuwi bakal dipatèni merga rencana jahaté.+   Umat-Ku bola-bali ora setya marang Aku.+ Senajan dikongkon bali marang Gusti Allah sing Mahaluhur,* umat-Ku ora nanggepi.   Éfraim, mosok Aku ninggalké kowé?+ Israèl, mosok Aku nyerahké kowé marang mungsuhmu? Mosok kowé Tak singkirké kaya Adma? Mosok kowé Tak singkirké kaya Zéboyim?+ Perasaan-Ku wis berubah,Saiki Aku mesakké karo kowé.+   Aku ora bakal nduduhké nèk Aku nesu. Éfraim ora bakal Tak singkirké manèh+Merga Aku iki Gusti Allah lan dudu manungsa,Sing Mahasuci ing antaramu. Aku ora bakal marani kowé karo nesu. 10  Wong-wong kuwi bakal padha ngibadah manèh marang Yéhuwah, lan Gusti Allah bakal nyuwara banter kaya singa.+ Pas Gusti Allah nyuwara banter, anak-anaké bakal teka saka kulon karo gemeter.+ 11  Pas metu saka Mesir, wong-wong kuwi bakal gemeter kaya manuk. Kaya manuk dara, wong-wong kuwi bakal gemeter pas metu saka Asiria.+ Aku bakal nggawé wong-wong kuwi manggon ing omahé dhéwé-dhéwé,” kandhané Yéhuwah.+ 12  ”Éfraim terus-terusan ora jujur karo Aku,Lan Israèl ya seneng ngapusi.+ Ning, Yéhuda tetep ngetutké* Gusti AllahLan setya marang Sing Mahasuci.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Maksudé, diundang karo para nabi lan wong-wong liyané sing diutus kanggo mulang Israèl.
Mungkin maksudé tali sing digunakké wong tuwa kanggo ngajari anaké mlaku.
Utawa ”dikongkon nindakké ibadah sing bener”.
Utawa ”tetep mlaku karo”.