Hoséa 12:1-14

  • Éfraim kudu mertobat marang Yéhuwah (1-14)

    • Yakub gelut karo Gusti Allah (3)

    • Yakub nangis bèn diberkahi Gusti Allah (4)

12  ”Éfraim percaya karo sing ora ana gunané.* Sedina muput, dhèwèké ngoyak* angin wétan. Dhèwèké terus-terusan ngapusi lan tumindak kejem. Dhèwèké nggawé perjanjian karo Asiria+ lan nggawa minyak menyang Mesir.+   Yéhuwah arep nggugat Yéhuda.+ Gusti Allah bakal ngukum Yakub sesuai karo kelakuané Lan mbales dhèwèké sesuai karo tumindaké.+   Pas ing njero wetengé ibuné, dhèwèké nyekel sikilé* kakangé,+Lan nganggo kabèh kekuwatané, dhèwèké gelut karo Gusti Allah.+   Dhèwèké terus-terusan gelut karo malaékat lan menang. Karo nangis-nangis, dhèwèké njaluk berkah.”+ Gusti Allah ketemu karo dhèwèké ing Bètel, lan ing kono Gusti Allah mulai omong-omongan soal awaké dhéwé.*+   Yéhuwah kuwi Gusti Allah pemimpiné pasukan.+ Yéhuwah kuwi jenengé, lan nganggo jeneng kuwi Dhèwèké kudu diéling-éling.+   ”Mula, mertobata marang Gusti Allahmu.+ Terusa nduduhké katresnan sing langgeng* lan keadilan,+Lan terusa ngarep-arep marang Gusti Allahmu.   Para pedagang nggunakké ukuran timbangan sing ora pas. Wong-wong kuwi seneng ngapusi.+   Éfraim terus-terusan ngomong, ’Aku wis sugih,+Aku wis nduwé akèh harta.+ Aku nduwé kabèh iki merga kerja kerasku. Aku ora isa ditudhuh salah utawa dosa.   Ning Aku iki Yéhuwah, Gusti Allahmu kèt kowé ana ing Mesir.+ Aku bakal nggawé kowé manggon ing kémah-kémah manèh,Kaya pas dina-dina perayaan sing wis ditentokké. 10  Aku ngomong marang para nabi,+Aku mènèhi wahyu sing luwih akèh,Lan Aku ya mènèhi perumpamaan liwat para nabi. 11  Ing Giléad, wong-wong padha ngapusi*+ lan ora jujur. Ing Gilgal, wong-wong kuwi padha ngorbanké sapi-sapi.+ Mézbah-mézbahé kaya tumpukan watu ing ladhang.+ 12  Yakub mlayu menyang dhaérah* Aram.*+ Israèl+ kerja ing kono bèn isa éntuk bojo.+ Bèn isa éntuk bojo, dhèwèké angon domba.+ 13  Liwat nabi, Yéhuwah nggawa Israèl metu saka Mesir.+ Liwat nabi, Dhèwèké njaga Israèl.+ 14  Éfraim nggawé Gusti Allah lara ati banget.+ Dhèwèké bakal tetep salah merga wis matèni. Gustiné bakal ngrendhahké dhèwèké kaya dhèwèké wis ngrendhahké Gustiné.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nguber”.
Lit.: ”Éfraim mangan angin”.
Lit.: ”tungkaké; tumité”.
Mungkin maksudé keturunané Yakub.
Utawa ”padha nggunakké ilmu gaib”.
Utawa ”Siria”.
Lit.: ”padhang”.