Hoséa 13:1-16

  • Éfraim sing seneng nyembah brahala nglalèkké Yéhuwah (1-16)

    • ”Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?” (14)

13  ”Wektu Éfraim ngomong, wong-wong padha ndredheg. Dhèwèké sing paling kuwat ing antarané suku-suku ing Israèl.+ Ning merga nyembah Baal,+ dhèwèké dadi salah lan mati.   Saiki, wong-wong kuwi nambahi dosanéLan nggawé patung logam saka pérak.*+ Wong-wong kuwi trampil nggawé brahala. Kuwi kabèh hasil gawéané para pengrajin. Wong-wong kuwi kandha, ’Wong-wong sing mènèhké korban kudu ngambung patung anak sapi.’+   Kuwi sebabé wong-wong kuwi bakal dadi kaya méga pas ésuk,Kaya embun sing cepet ilang,Kaya kulit biji-bijian sing kabur kena badai ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian,* Lan kaya asap sing metu saka lubang ing atap.   Ning Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu kèt kowé ana ing Mesir.+ Kowé ngerti nèk ora ana Gusti Allah liya kecuali Aku,Mung Aku Gusti Allah sing isa nylametké kowé.+   Aku nggatèkké kowé ing padhang belantara,+ ing tanah sing gersang.   Kowé wareg merga hasil ladhangmu.+ Kowé dadi wareg lan sombong. Kuwi sebabé kowé lali karo Aku.+   Aku bakal dadi singa enom kanggo wong-wong kuwi,+Kaya macan tutul sing ngincer ing pinggir dalan.   Kaya beruang sing kélangan anak-anaké, Aku bakal nyerang wong-wong kuwi. Dhadhané bakal Tak suwèk-suwèk. Kaya singa, Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi ing kana. Kéwan buas bakal nyabik-nyabik wong-wong kuwi.   Merga kowé wis nglawan Aku, nglawan sing wis nulungi kowé,Kuwi mesthi bakal nggawé kowé hancur, hé Israèl. 10  Kowé tau kandha marang Aku, ’Wènèhana aku raja lan para pemimpin.’+ Saiki endi rajamu, lan endi pemimpinmu? Bèn dhèwèké nylametké kowé ing kabèh kuthamu.+ 11  Karo nesu, Aku mènèhi kowé raja.+ Karo nesu, Aku bakal njupuk dhèwèké.+ 12  Kesalahané Éfraim bakal terus diéling-éling. Dosa-dosané wis diétung lan dicathet. 13  Dhèwèké bakal ngrasa lara kaya wong wédok sing arep nglairké. Ning dhèwèké kaya bocah sing bodho,Sing pas wektuné lair ora gelem metu saka wetengé ibuné. 14  Aku bakal nebus umat-Ku saka Kuburan.* Aku bakal mbébaské wong-wong kuwi saka kematian.+ Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?+ Kuburan, ing endi kekuwatanmu sing ngrusak?+ Ning, Aku ora bakal mesakké karo Éfraim. 15  Senajan dhèwèké thukul subur ing antarané suket liar,Yéhuwah bakal nyebabké ana angin panas saka wétan,Sing asalé saka padhang gurun lan bakal nyebabké sumur lan mata air padha garing. Kabèh hartané sing berharga bakal dijarah.+ 16  Samaria bakal dianggep salah+ merga mbrontak marang Gusti Allahé.+ Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang,+ Anak-anaké bakal digebugi nganti mati,Lan wetengé wong wédok sing meteng bakal dibelèk.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”patung pérak saka logam sing dilebur”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.