Hoséa 14:1-9

  • Israèl dikongkon mertobat marang Yéhuwah (1-3)

    • Muji nganggo lambé (2)

  • Israèl bakal ditambani bèn setya manèh (4-9)

14  ”Oh Israèl, mertobata marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kesalahanmu wis nggawé kowé tiba.   Mertobata marang Yéhuwah, lan kandhaa marang Dhèwèké,’Tulung apuranen kesalahanku.+ Tampanen apa sing apik saka aku, lan aku bakal muji Njenengan. Muga-muga pujian saka lambéku+ dadi kaya sapi enom sing tak wènèhké dadi korban marang Njenengan.   Asiria ora isa nylametké aku.+ Aku ora bakal ngendelké jaran-jaran+ sing dienggo perang. Gawéan tanganku ora bakal tak anggep manèh dadi Gusti AllahkuMerga Njenengan kuwi Gusti Allah sing nduwé rasa mesakké marang anak yatim.’+   Aku bakal nambani wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal setya manèh.+ Aku bakal nresnani wong-wong kuwi saka ati-Ku*+Merga Aku wis ora nesu manèh karo wong-wong kuwi.+   Aku bakal dadi kaya embun pas ésuk kanggo Israèl. Wong-wong kuwi bakal mekar kaya kembang lili,Lan akaré bakal jero banget kaya wit-wit ing Lébanon.   Cabang-cabangé bakal saya akèh. Kuwi bakal apik banget kaya wit zaitun,Wanginé kaya wit-wit ing Lébanon.   Wong-wong kuwi bakal Tak lindhungi manèh. Wong-wong kuwi bakal nandur biji-bijian, lan wong-wong kuwi bakal metu tunasé kaya wit anggur.+ Aku bakal dadi terkenal kaya minuman anggur ing Lébanon.   Éfraim bakal kandha, ’Apa gunané brahala-brahala kuwi kanggo aku?’+ Aku bakal ngrungokké lan njaga dhèwèké.+ Aku bakal dadi kaya wit juniper sing rimbun,Kaya wit sing bakal mènèhi kowé buah.”   Muga-muga wong sing wicaksana isa ngerti soal iki. Muga-muga wong sing pinter isa paham. Dalan-dalané Yéhuwah kuwi lurus,+Wong sing bener bakal mlaku ing kono. Ning, wong sing nindakké dosa bakal tiba ing kono.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nresnani wong-wong kuwi merga karep-Ku dhéwé”.