Hoséa 2:1-23

  • Israèl sing ora setya dihukum (1-13)

  • Yéhuwah dadi bojoné Israèl manèh (14-23)

    • ”Kowé bakal nyebut Aku bojomu” (16)

2  ”Kandhaa marang sedulur-sedulurmu lanang, ’Umat-Ku!’*+ Lan marang sedulur-sedulurmu wédok, ’Kowé wong wédok sing dimesakké!’*+   Gugaten ibumu. Gugaten dhèwèké,Merga dhèwèké dudu bojo-Ku+ manèh, lan Aku ya dudu bojoné. Dhèwèké kudu mandheg nindakké pelacuranéLan aja nganti laku jina manèh.   Nèk ora, Aku bakal nggawé dhèwèké wuda kaya pas lair. Dhèwèké bakal Tak dadèkké kaya padhang belantaraLan kaya tanah sing gersang. Dhèwèké bakal Tak gawé mati merga ngelak banget.   Aku ora bakal mesakké anak-anakéMerga kuwi anak hasil pelacuran.   Dhèwèké wis nindakké pelacuran.+ Dhèwèké wis tumindak ngisin-isini.+ Dhèwèké kandha,’Aku arep nemoni kekasih-kekasihku+Sing mènèhi aku roti lan banyu,Wol lan linèn, minyak lan minuman.’   Dadi Aku bakal ngalangi dalané nganggo semak berduri. Aku bakal mbangun témbok watu kanggo ngalangi dhèwèké,Bèn dhèwèké ora isa metu.   Dhèwèké bakal ngoyak* kekasih-kekasihé, ning ora bakal kecekel.+ Dhèwèké bakal nggolèki kekasih-kekasihé, ning ora bakal ketemu. Mula dhèwèké bakal kandha, ’Aku arep bali manèh marang bojoku*+Merga keadaanku mbiyèn luwih apik timbang saiki.’+   Dhèwèké ora sadhar nèk Aku sing mènèhi dhèwèké biji-bijian,+ anggur anyar, lan minyak. Aku sing mènèhi dhèwèké pérak sing akèhLan emas, sing dhèwèké gunakké kanggo nyembah Baal.+   Mula sukmbèn pas musim panèn, biji-bijian-Ku bakal Tak jupuk manèh. Anggur anyar-Ku ya bakal Tak jupuk manèh pas musimé.+ Wol-Ku lan linèn-Ku sing Tak wènèhké kanggo nutupi badané bakal Tak rampas. 10  Dhèwèké bakal Tak gawé wuda ing ngarepé kekasih-kekasihé,Lan ora ana wong lanang sing bakal nylametké dhèwèké saka Aku.+ 11  Aku bakal nggawé dhèwèké ora seneng manèh. Aku bakal ngendhegké perayaan-perayaan,+ bulan anyar, sabat, lan kabèh musim perayaané. 12  Wit anggur lan wit arané bakal Tak hancurké. Dhèwèké kandha soal wit-wit kuwi,’Iki upahku saka kekasih-kekasihku.’ Wit anggur lan wit arané kuwi bakal Tak dadèkké kaya hutan,Lan kuwi bakal dipangan kéwan buas ing padhang. 13  Aku bakal ngukum dhèwèké merga dhèwèké wis mènèhké persembahan marang patung-patung Baal.+ Dhèwèké wis nganggo cincin lan perhiasan, terus ngoyak* kekasih-kekasihé. Aku, Yéhuwah, ya wis dilalèkké.+ 14  Mula dhèwèké bakal Tak rayu. Dhèwèké bakal Tak tuntun menyang padhang belantara. Aku bakal ngomong apik-apik karo dhèwèké. 15  Bar kuwi, kebon angguré bakal Tak balèkké,+Lan Lembah Akhor+ bakal dadi gerbang harapan kanggo dhèwèké. Ing kono, dhèwèké mesthi bakal njawab Aku, kaya pas dhèwèké isih enom,Kaya pas dhèwèké metu saka Mesir.+ 16  Wektu kuwi, Aku, Yéhuwah, kandha marang dhèwèké,’Kowé bakal nyebut Aku bojomu, lan kowé ora bakal nyebut Aku majikanmu* manèh.’ 17  Aku ora bakal ngéntukké dhèwèké nyebut jenengé patung-patung Baal,+Lan jenengé patung-patung kuwi ora bakal diéling-éling manèh.+ 18  Wektu kuwi, demi umat-Ku, Aku bakal nggawé perjanjian karo kéwan liar ing padhang+Lan karo manuk-manuk ing langit lan kéwan sing nggremet.*+ Aku bakal nyingkirké busur panah, pedhang, lan perang saka tanah iki,+Lan Aku bakal nggawé wong-wong kuwi aman manggon ing kono.+ 19  Kowé bakal Tak dadèkké bojo-Ku kanggo saklawasé. Aku janji nèk Aku bakal nindakké apa sing bener lan adil karo kowé,Terus nresnani* lan apikan karo kowé.+ 20  Aku janji bakal setya karo kowé. Aku iki Yéhuwah,+ lan kowé mesthi bakal kenal Aku. 21  Wektu kuwi, Aku, Yéhuwah bakal njawab. Aku bakal mènèhi apa sing dijaluk langit,Lan langit bakal mènèhi apa sing dijaluk bumi.+ 22  Bumi bakal nuruti apa sing dijaluk biji-bijian, anggur anyar, lan minyak. Yizréèl*+ bakal nampa kabèh kuwi kaya sing dijaluk. 23  Dhèwèké bakal Tak sebar ing bumi kaya benih kanggo Aku,+Lan Aku bakal mesakké dhèwèké merga dhèwèké ora dimesakké.* Aku bakal kandha marang wong-wong sing dudu umat-Ku, ’Kowé kuwi umat-Ku,’*+Terus wong-wong kuwi bakal kandha, ’Njenengan kuwi Gusti Allahku.’”+

Katrangan Tambahan

Deloken ctn. ing Hos 1:9.
Deloken ctn. ing Hos 1:6.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”bojoku sing pertama”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”Baal-mu”.
Utawa ”rèptil”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Artiné ”Gusti Allah Bakal Nyebar Benih”.
Deloken ctn. ing Hos 1:6.
Deloken ctn. ing Hos 1:9.