Hoséa 3:1-5

  • Hoséa nebus bojoné sing laku jina (1-3)

  • Israèl bakal mertobat marang Yéhuwah (4, 5)

3  Terus, Yéhuwah kandha marang aku, ”Kowé kudu nresnani manèh bojomu sing wis disenengi wong liya lan sing wis laku jina kuwi.+ Kowé kudu nresnani dhèwèké manèh kaya Yéhuwah nresnani wong Israèl,+ senajan wong Israèl wis nyembah allah-allah liyané+ lan mènèhké kué kismis dadi persembahan.”*  Mula, wong wédok kuwi tak tuku manèh. Regané 15 dhuwit pérak lan siji setengah homèr* barli.  Terus aku kandha marang wong wédok kuwi, ”Kowé bakal manggon karo aku nganti suwé. Aja laku jina manèh, lan aja nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya. Aku ya ora nindakké hubungan sèks karo kowé.”  Sebab ya kaya ngono kuwi wong Israèl nganti suwé bakal ora nduwé raja,+ pemimpin, korban, tugu suci,* éfod,+ lan patung déwa keluarga.*+  Terus akhiré, wong Israèl bakal bali lan nggolèki Yéhuwah Gusti Allahé+ lan Daud* rajané.+ Merga ngajèni* Gusti Allah, wong-wong kuwi bakal nyembah Yéhuwah bèn isa éntuk berkahé.+

Katrangan Tambahan

Kué iki digunakké kanggo ibadah palsu.
1 homèr = 220 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”térafim”.
Maksudé, keturunané Daud sing sukmbèn bakal teka.
Lit.: ”wedi marang”.