Hoséa 4:1-19

  • Yéhuwah nduwé kasus hukum karo Israèl (1-8)

    • Umaté Gusti Allah ora nganggep nèk Gusti Allah kuwi ana (1)

  • Wong Israèl nyembah brahala lan nindakké hubungan sèks karo akèh wong (9-19)

    • Ora manut Gusti Allah merga péngin melacur (12)

4  Hé wong Israèl, rungokna omongané Yéhuwah. Yéhuwah nduwé kasus hukum karo penduduk tanah iki+Merga wong-wong ing negara iki ora jujur, ora nduwé katresnan sing langgeng,* lan ora kenal karo Gusti Allah.+   Sumpah palsu, penipuan,+ pembunuhan,+Pencurian, lan laku jina+ ana ing endi-endi. Wong-wongé padha seneng matèni.+   Kuwi sebabé tanah kuwi bakal sedhih,+Lan kabèh penduduké bakal mati. Kéwan liar ing padhang, manuk-manuk ing langit,Lan malah iwak-iwak ing laut bakal mati.   ”Ning, ora ana wong sing isa mènèhi kowé naséhat+ Merga kowé ngèyèl kaya wong-wong sing nglawan para imam.+   Kowé bakal kesandhung pas awan kaya wong sing kesandhung pas bengi. Para nabi ya bakal kesandhung karo kowé. Ibumu bakal Tak patèni.   Umat-Ku bakal Tak patèni merga ora kenal karo Aku. Merga kowé nolak Aku,+Aku ya wegah kowé dadi imam sing nglayani Aku. Merga kowé nglalèkké hukum-Ku,+Anak-anakmu ya bakal Tak lalèkké.   Saya akèh jumlahé para imam, saya akèh dosané marang Aku.+ Para imam kuwi mauné diluhurké, ning akhiré bakal Tak rèmèhké.*   Nèk umat-Ku nindakké dosa, para imam isa mangan daging.* Mula, wong-wong kuwi péngin umat-Ku terus nindakké dosa.   Apa sing bakal dialami para imam ya bakal dialami umat iki. Aku bakal ngukum wong-wong kuwi merga kelakuané. Aku bakal nggawé wong-wong kuwi nanggung akibat merga tumindaké.+ 10  Wong-wong kuwi bakal mangan ning ora puas.+ Wong-wong kuwi bakal nindakké hubungan sèks karo akèh wong wédok, ning ora bakal nduwé anak+Merga wong-wong kuwi blas ora ngajèni Yéhuwah. 11  Pelacuran, anggur lawas, lan anggur anyarNggawé wong dadi ora nduwé kepénginan kanggo nindakké sing bener.+ 12  Umat-Ku njaluk tuntunan marang witLan nuruti tuntunan saka tongkat kayu. Umat-Ku ora setya merga kepéngin melacur. Pelacuran nggawé wong-wong kuwi mbrontak nglawan Gusti Allahé. 13  Wong-wong kuwi padha mènèhké korban+ ing puncak gunung-gunungLan nggawé asap korban ing bukit-bukit,Ing ngisor wit gedhé,* wit storaks,* lan wit gedhé liyané+Merga panggonan kuwi éyub. Kuwi sebabé anak-anakmu wédok padha melacur,Lan mantu-mantumu wédok padha laku jina. 14  Aku ora bakal ngukum anak-anakmu wédok merga melacur,Utawa ngukum mantu-mantumu wédok merga laku jina,Sebab wong-wong lanang waé ya padha lunga karo para pelacurLan mènèhké korban karo para pelacur.* Wong-wong kuwi ora nduwé pemahaman+ lan bakal disingkirké. 15  Senajan Israèl melacur,+Aja nganti Yéhuda nindakké dosa sing padha.+ Aja lunga menyang Gilgal+ utawa Bèt-awèn,+Lan aja sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip.+ 16  Kaya kéwan* sing ndableg, Israèl ya dadi ndableg,+Yéhuwah ora bakal ngengon wong-wong kuwi kaya anak domba ing padhang rumput. 17  Éfraim wis nyembah brahala.+ Ejarké waé. 18  Sakwisé ngentèkké biré,Dhèwèké nindakké hubungan sèks karo akèh wong wédok. Para penguasané* seneng nindakké apa sing nggawé isin.+ 19  Dhèwèké bakal ilang kegawa anginLan bakal isin merga korban-korban sing dhèwèké wènèhké.”

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”Wong-wong kuwi kuduné ngluhurké Aku, ning malah ngrèmèhké Aku.”
Maksudé, daging sing diwènèhké dadi persembahan bèn dosa diapura.
Basa Inggrisé oak.
Wit sing kembangé putih lan wangi.
Utawa ”karo wong-wong sing dadi pelacur ing kuil”.
Lit.: ”sapi”.
Utawa ”pelindhungé”.