Hoséa 5:1-15

  • Éfraim lan Yéhuda diadili (1-15)

5  ”Para imam, padha rungokna.+ Wong Israèl, padha gatèkna. Keluargané raja, padha rungokna. Kowé bakal diadiliMerga kowé kaya jebakan ing MizpaLan jaring sing dipasang ing Tabor.+   Wong-wong sing mbrontak wis matèni akèh wong.* Aku wis ngélikké wong-wong kuwi.   Aku kenal Éfraim,Lan Israèl ora isa ndhelik saka Aku. Éfraim, kowé saiki seneng nindakké hubungan sèks karo akèh wong wédok. Israèl wis nggawé awaké dadi najis.+   Kelakuané wong-wong kuwi nggawé wong-wong kuwi ora isa mertobat marang Gusti AllahéMerga sing dipéngini mung melacur+Lan wong-wong kuwi ora ngakoni Aku, Yéhuwah, dadi Gusti Allahé.   Kesombongané Israèl dadi bukti kanggo kesalahané dhéwé.+ Kesalahané Israèl lan Éfraim nggawé wong-wong kuwi padha tiba,Lan Yéhuda ya tiba bareng karo wong-wong kuwi.+   Wong-wong kuwi nggolèki Yéhuwah karo nggawa ternaké,Ning ora ketemuMerga Gusti Allah wis ngedoh saka wong-wong kuwi.+   Wong-wong kuwi wis ngianati Yéhuwah+Merga padha nduwé anak-anak haram.* Ing wektu sesasi,* wong-wong kuwi bakal disingkirké bareng karo tanah warisané.   Sebulen trompèt*+ ing Gibéah lan ing Rama.+ Umumna ing Bèt-awèn+ nèk bakal ana perang. Hé Bènyamin, pimpinen pasukanmu.   Oh Éfraim, wektu kowé dihukum,+ wong bakal wedi pas ndelok sing mbok alami. Aku wis ngandhani apa sing mesthi bakal dialami suku-suku Israèl. 10  Para pemimpiné Yéhuda kuwi kaya wong sing mindhah batas tanah.+ Aku bakal nesu banget marang wong-wong kuwi.* 11  Éfraim ditindhes. Hukuman sing dhèwèké tampa nggawé dhèwèké sengsara bangetMerga dhèwèké kerja sama karo mungsuhé.+ 12  Aku bakal mangan Éfraim kaya serangga sing ngrusak sing mangan kayu. Aku bakal nggawé Yéhuda dadi bosok kaya kayu sing bosok. 13  Éfraim ngerti nèk dhèwèké lara, lan Yéhuda ndelok boroké dhéwé. Mula, Éfraim lunga menyang Asiria+ lan ngirim utusan marang raja sing agung. Ning, raja kuwi ora isa nambani kowé,Lan dhèwèké ora isa nambani borokmu. 14  Aku bakal dadi kaya singa enom kanggo Éfraim. Aku bakal dadi kaya singa sing kuwat kanggo Yéhuda. Aku dhéwé bakal nyabik-nyabik wong-wong kuwi, terus Tak tinggal lunga.+ Aku bakal nggawa wong-wong kuwi lunga, lan ora ana sing bakal nylametké wong-wong kuwi.+ 15  Aku bakal lunga lan bali ing panggonan-Ku nganti wong-wong kuwi ngrasakké akibat saka kesalahané. Pas kuwi, wong-wong kuwi bakal njaluk bèn dimesakké.+ Wektu sengsara, wong-wong kuwi bakal njaluk bantuan-Ku.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”matèni akèh kéwan”.
Mungkin anak-anaké wong-wong kuwi karo wong-wong wédok asing.
Utawa mungkin ”Ora nganti sesasi”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Aku bakal ngesokké nesu-Ku marang wong-wong kuwi kaya banyu”.