Hoséa 6:1-11

  • Dikongkon mertobat marang Yéhuwah (1-3)

  • Wong-wong ngrèmèhké katresnan sing langgeng (4-6)

    • Katresnan sing langgeng luwih apik timbang korban (6)

  • Tumindaké bangsa kuwi sing ngisin-isini (7-11)

6  ”Ayo awaké dhéwé mertobat marang YéhuwahMerga Dhèwèké bakal nambani awaké dhéwé, senajan Dhèwèké wis nyabik-nyabik awaké dhéwé.+ Senajan wis nggawé awaké dhéwé luka, Dhèwèké bakal mbalut luka-lukané awaké dhéwé.   Sakwisé rong dina, Dhèwèké bakal nggawé awaké dhéwé pulih manèh. Ing dina ketelu, Dhèwèké bakal nguripké manèh awaké dhéwé. Awaké dhéwé bakal urip ing ngarepé.   Awaké dhéwé bakal kenal Yéhuwah lan bener-bener ngupaya bèn isa kenal Dhèwèké. Dhèwèké mesthi bakal teka kaya matahari sing mesthi terbitLan kaya udan,Kaya udan musim semi sing nelesi bumi.”   ”Éfraim, Aku kudu piyé karo kowé? Yéhuda, Aku kudu piyé karo kowé? Katresnanmu* kaya méga pas ésuk,Kaya embun sing cepet ilang.   Kuwi sebabé Aku bakal nyampèkké berita penghakiman liwat para nabi-Ku.*+ Aku bakal matèni wong-wong kuwi nganggo omongan-Ku.+ Hukuman sing bakal mbok alami bakal kétok cetha kaya cahaya matahari.+   Aku seneng katresnan* dudu korban,Aku seneng pengetahuan soal Gusti Allah dudu persembahan bakaran.+   Kaya manungsa sing dosa, umat-Ku wis nglanggar perjanjian.+ Wong-wong kuwi wis ngianati Aku ing tanahé.   Giléad kuwi kutha sing isiné wong-wong jahat.+ Wong-wong kuwi seneng matèni.*+   Imam-imamé kaya grombolan rampok sing ngincer arep nyerang wong. Wong-wong kuwi matèni ing dalan menyang Syikhèm+Merga tumindaké wong-wong kuwi bejat. 10  Aku wis ndelok apa sing ngeri ing Israèl. Ing kana, Éfraim wis melacur.+ Israèl wis nggawé awaké dadi najis.+ 11  Ning, oh Yéhuda, Aku wis nentokké musim panèn kanggo kowé. Aku bakal ngumpulké manèh umat-Ku sing ditawan.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Katresnanmu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Aku bakal nggebug wong-wong kuwi liwat para nabi”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Kutha kuwi kebak getih”.