Hoséa 7:1-16

  • Kejahatané Éfraim diduduhké (1-16)

    • Ora bakal isa lolos saka jaringé Gusti Allah (12)

7  ”Saben Aku arep nambani Israèl,Aku malah ndelok luwih akèh kesalahané Éfraim+ lan kejahatané Samaria.+ Wong-wong kuwi seneng ngapusi.+ Wong-wong kuwi mbobol omah lan nyolong. Wong-wong kuwi ya ngrampok wong ing dalan-dalan.+   Wong-wong kuwi ora tau mikir nèk Aku bakal éling karo kabèh kejahatané.+ Wong-wong kuwi wis kejerat karo kejahatané dhéwé. Aku ngerti kabèh tumindaké wong-wong kuwi.   Wong-wong kuwi nindakké kejahatan bèn isa nyenengké raja. Wong-wong kuwi ngapusi bèn isa nyenengké para pemimpin.   Kabèh wong kuwi laku jina. Wong-wong kuwi kaya oven sing diurubké tukang roti,Sing ora perlu dipanaské manèh saksuwéné dhèwèké ngulèni adonan nganti adonan kuwi ngembang.   Wektu raja pésta, para pemimpin dadi mual lan nesu merga kena pengaruh anggur.+ Raja kekancan karo wong-wong sing seneng ngécé.   Atiné wong-wong kuwi panas kaya oven merga mung péngin nindakké sing jahat.* Tukang roti turu sewengi muput. Pas ésuk, geni ing oven kuwi gedhé banget.   Kabèh wong kuwi panas kaya oven. Wong-wong kuwi nyingkirké kabèh penguasané. Kabèh rajané wis padha dipatèni.+ Ora ana siji-sijia sing njaluk tulung marang Aku.+   Éfraim bergaul karo bangsa-bangsa liya.+ Éfraim dadi kaya roti bunder sing ora diwalik wektu dipanggang.   Kekuwatané wis dientèkké wong sing ora dikenal,+ ning dhèwèké ora ngerti. Rambuté wis dadi putih, ning dhèwèké ora ngerti. 10  Kesombongané Israèl dadi bukti kanggo kesalahané dhéwé.+ Senajan ngono, wong-wong kuwi ora mertobat marang Yéhuwah Gusti Allahé.+ Wong-wong kuwi ya ora nggolèki Dhèwèké padahal wis ngalami kuwi kabèh. 11  Éfraim kaya manuk dara sing bodho, sing ora nduwé pemahaman.+ Wong-wong kuwi njaluk tulung Mesir,+ terus njaluk tulung Asiria.+ 12  Ing endi waé lungané, Aku bakal nguncalké jaring-Ku kanggo wong-wong kuwi. Aku bakal nyekel wong-wong kuwi kaya manuk-manuk ing langit. Aku bakal ngukum wong-wong kuwi kaya sing wis Tak omongké marang wong-wong kuwi.*+ 13  Cilaka tenan wong-wong kuwi merga padha ninggalké Aku. Wong-wong kuwi bakal dihancurké merga padha mbrontak nglawan Aku. Aku wis arep mbébaské wong-wong kuwi, ning malah padha mitnah Aku.+ 14  Senajan padha nangis terus ing panggonané turu,Wong-wong kuwi ora tulus wektu njaluk tulung marang Aku.+ Wong-wong kuwi padha mbesèti awaké bèn isa éntuk biji-bijian lan anggur anyar. Wong-wong kuwi wis mbrontak nglawan Aku. 15  Senajan wong-wong kuwi wis Tak dhidhik lan Tak kuwatké,Wong-wong kuwi nggawé siasat jahat lan nglawan Aku. 16  Wong-wong kuwi wis berubah, ning ora kanggo nindakké ibadah sing bener. Wong-wong kuwi ora ana gunané kaya busur sing wis kendho.+ Para pemimpiné bakal dipatèni nganggo pedhang merga omongané kurang ajar. Wong-wong kuwi ya bakal diguyu ing Mesir.”+

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”Atiné wong-wong kuwi kaya oven pas wong-wong kuwi teka karo siasaté”.
Lit.: ”marang bangsané”.