Hoséa 8:1-14

  • Ngrasakké akibat merga nyembah brahala (1-14)

    • Nyebar angin, manèn badai (7)

    • Israèl nglalèkké Sing Nyiptakké wong-wong kuwi (14)

8  ”Sebulen trompèt.*+ Mungsuh nyerang umaté* Yéhuwah kaya manuk elang.+ Kuwi merga Israèl wis nglanggar perjanjian+ lan hukum-Ku.+   Wong-wong kuwi kandha marang Aku, ’Njenengan kuwi Gusti Allahku. Aku, Israèl, kenal Njenengan.’+   Israèl wis nolak apa sing apik.+ Bèn waé dhèwèké dioyak* mungsuh.   Wong-wong kuwi ngangkat raja, padahal ora Tak kongkon. Wong-wong kuwi nglantik pemimpin tanpa persetujuan-Ku. Wong-wong kuwi nggawé brahala+ saka pérak lan emasé. Kuwi sebabé wong-wong kuwi bakal disingkirké.+   Samaria,+ Aku nolak patung anak sapimu. Aku nesu karo kowé.+ Nganti kapan kowé terus najis merga dosa-dosamu?   Kuwi asalé saka Israèl. Kuwi sing nggawé pengrajin, lan patung kuwi dudu Gusti Allah. Patung anak sapiné Samaria bakal diremuk nganti ajur.   Wong-wong kuwi nyebar angin,Mula bakal manèn badai.+ Ora ana gagang gandumé sing ngasilké biji-bijian gandum sing mateng.+ Apa waé sing thukul ora bakal isa dipanèn. Senajan ana gandum sing thukul, kuwi bakal dientèkké wong asing.+   Israèl bakal dikalahké mungsuhé.+ Wong-wong kuwi bakal kesebar ing antarané bangsa-bangsa,+Kaya barang sing ora ana gunané.   Wong-wong kuwi lunga menyang Asiria+ kaya keledai liar sing ndableg. Éfraim mbayar pelacur-pelacur bèn dadi kekasihé.+ 10  Senajan Israèl mbayar pelacur saka bangsa-bangsa liya,Aku bakal ngumpulké Israèl. Israèl bakal sengsara+ merga ditindhes raja lan para pemimpin. 11  Éfraim nggawé mézbah-mézbahé dadi saya akèh, lan kuwi sing nyebabké dhèwèké dadi dosa.+ Wong-wong kuwi nggunakké mézbahé kanggo nindakké dosa.+ 12  Ana akèh hukum* sing wis Tak tulis kanggo dhèwèké,Ning padha ora perduli karo hukum-Ku.+ 13  Wong-wong kuwi mènèhké korban marang Aku lan mangan daging korban kuwi,Ning Yéhuwah ora seneng kuwi kabèh.+ Dhèwèké bakal ngéling-éling kesalahané wong-wong kuwi lan ngukum wong-wong kuwi merga dosa-dosané.+ Wong-wong kuwi wis bali* menyang Mesir.+ 14  Israèl wis mbangun kuil-kuilé+ lan nglalèkké Sing Nyiptakké+ wong-wong kuwi. Yéhuda wis nggawé kutha-kutha sing ana bèntèngé dadi saya akèh.+ Ning, Aku bakal ngukum kutha-kuthané nganggo geni. Geni kuwi bakal ngobong menara-menara ing saben kuthané nganti entèk.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”baité”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”diuber”.
Utawa ”tuntunan”.
Utawa mungkin ”bakal bali”.