Hoséa 9:1-17

  • Éfraim ditolak Gusti Allah merga dosané (1-17)

    • Ngabdi marang brahala sing ora ana gunané (10)

9  ”Hé Israèl, aja seneng-seneng.+ Aja seneng-seneng kaya bangsa-bangsa. Kowé wis melacur lan ninggalké Gusti Allahmu.+ Kowé seneng karo upah merga dadi pelacur sing mbok tampa ing saben panggonan kanggo nggiles biji-bijian.*+   Ning, kowé ora bakal éntuk panganan ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan panggonan meres anggur. Anggur anyar ora bakal ana manèh.+   Kowé ora bakal terus manggon ing tanahé Yéhuwah.+ Ning, Éfraim bakal bali menyang Mesir. Ing Asiria wong-wong kuwi bakal mangan apa sing najis.+   Wong-wong kuwi ora bakal mènèhké anggur manèh kanggo Yéhuwah.+ Korban-korbané ora bakal nggawé Dhèwèké seneng.+ Korban-korban kuwi kaya roti sing dipangan pas ana wong sing mati. Kabèh sing mangan bakal dadi najis. Roti kuwi mung isa dienggo wong-wong kuwi dhéwé. Roti kuwi ora bakal digawa menyang omahé Yéhuwah.   Nèk wis tekan wektuné kanggo ngumpul utawa kanggo ngrayakké perayaan sing dikhususké kanggo Yéhuwah,Apa sing bakal mbok tindakké?   Wong-wong kuwi bakal mlayu, merga mungsuh bakal teka lan matèni wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi bakal diklumpukké+ ing Mesir lan dikubur ing Mèmfis.+ Barang-barang péraké sing berharga bakal ketutup suket eri,Lan semak berduri bakal thukul ing kémah-kémahé.   Wektuné Gusti Allah kanggo ngukum mesthi bakal kelakon.+ Wektuné Gusti Allah kanggo mbales mesthi bakal kelakon. Israèl kudu ngerti soal kuwi. Para nabiné bakal kétok bodho, lan wong sing ngaku-ngaku dadi utusané Gusti Allah bakal dadi édan. Kowé bakal disengiti merga kesalahanmu akèh banget.”   Mbiyèn, penjaga+ Éfraim setya marang Gusti Allahku.+ Ning saiki, kabèh tumindaké para nabiné+ kaya jebakan manuk. Ana rasa sengit ing omahé Gusti Allah.   Kelakuané Israèl bejat banget kaya sing kelakon ing Gibéah.+ Gusti Allah bakal éling kesalahané wong-wong kuwi lan ngukum wong-wong kuwi merga dosa-dosané.+ 10  Gusti Allah kandha, ”Mbiyèn pas ketemu Israèl,+ Aku kaya nemu buah anggur ing padhang belantara. Mbiyèn pas ndelok nènèk moyangmu, Aku kaya ndelok buah ara sing pertama ing wité. Ning bar kuwi, wong-wong mau padha nyembah Baal Péor.+ Wong-wong mau padha ngabdi marang brahala sing ora ana gunané.+ Wong-wong mau dadi njijiki kaya brahala-brahala sing disembah kuwi. 11  Kemuliaané Éfraim mabur kaya manuk. Wong-wong kuwi ora isa meteng utawa nglairké.+ 12  Senajan wong-wong kuwi nggedhèkké anak-anak,Aku bakal nggawé anak-anaké padha mati.+ Cilaka tenan wong-wong kuwi pas Aku ninggalké wong-wong kuwi.+ 13  Kanggo-Ku, Éfraim kuwi kaya Tirus sing ditandur ing padhang rumput sing indah.+ Ning saiki, Éfraim kudu mènèhké anak-anaké bèn dipatèni.” 14  Oh Yéhuwah, tulung balesen wong-wong kuwi sesuai karo tumindaké. Bèn waé wong-wong wédoké padha keguguran lan ora isa nyusoni bayi. 15  Gusti Allah ya kandha, ”Wong-wong kuwi nindakké kejahatané ing Gilgal,+ lan kuwi sebabé Aku dadi sengit karo wong-wong kuwi. Aku bakal ngusir wong-wong kuwi saka omah-Ku merga kejahatané wong-wong kuwi.+ Aku ora bakal sayang manèh karo wong-wong kuwi.+ Kabèh pemimpiné wong-wong kuwi padha ndableg. 16  Éfraim bakal ditebang kaya wit.+ Éfraim kaya wit sing ora ngetokké buah lan sing akaré garing. Senajan wong-wong kuwi nglairké, Aku bakal matèni anak-anaké sing disayangi.” 17  Gusti Allah bakal nolak wong-wong kuwi Merga wong-wong kuwi ora ngrungokké Gusti Allah.+ Wong-wong kuwi bakal dadi buronan ing antarané bangsa-bangsa.+

Katrangan Tambahan