Maléakhi 4:1-6

  • Èlia bakal teka sakdurungé dinané Yéhuwah (1-6)

    • ”Matahari sing ngasilké apa sing bener bakal bersinar” (2)

4  ”Dina kuwi bakal teka, lan kuwi kaya tungku sing geniné gedhé banget.+ Kabèh wong sing lancang lan sing nindakké kejahatan bakal dadi kaya jerami. Pas dina kuwi teka, wong-wong kuwi mesthi bakal dipatèni. Akar utawa cabangé bakal entèk kabèh,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.  ”Ning kanggo kowé sing ngajèni* jeneng-Ku, matahari sing ngasilké apa sing bener bakal bersinar lan cahayané* bakal nambani kowé. Kowé bakal mlumpat-mlumpat merga seneng kaya anak sapi sing lemu.”  ”Pas Aku tumindak, kowé bakal ngidak-idak wong jahat, merga wong-wong kuwi bakal kaya debu ing ngisor sikilmu,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.  ”Padha élinga marang Hukum sing wis Tak wènèhké liwat Musa abdi-Ku, yaiku peraturan lan préntah sing Tak wènèhké ing Horèb bèn ditindakké kabèh wong Israèl.+  ”Aku ngutus Nabi Èlia+ marang kowé sakdurungé dinané Yéhuwah sing hébat lan luar biasa kuwi teka.+  Dhèwèké bakal nggawé atiné bapak-bapak dadi kaya atiné bocah-bocah+ lan atiné bocah-bocah dadi kaya atiné bapak-bapak, bèn Aku ora teka kanggo ngukum lan ngancurké bumi.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wedi marang”.
Lit.: ”sayapé”.