Néhémia 13:1-31

  • Néhémia nggawé perubahan liyané (1-31)

    • Mènèhi sepersepuluh (10-13)

    • Sabat ora éntuk dilanggar (15-22)

    • Kawin campur dilarang (23-28)

13  Ing dina kuwi, kitab Musa diwacakké kanggo bangsa kuwi,+ lan ing kono ana tulisan nèk wong Ammon lan wong Moab+ ora éntuk gabung ing jemaaté Gusti Allah sing bener,+  merga mbiyèn wong-wong kuwi ora mènèhi bangsa Israèl roti lan banyu, ning malah mbayar Biléam kanggo ngutuki wong Israèl.+ Tapi, Gusti Allah nggawé kutukan kuwi dadi berkah.+  Bar krungu Hukum kuwi, kabèh keturunané bangsa asing* mulai dipisahké saka Israèl.+  Sakdurungé kuwi, imam sing ditugaské ngawasi gudhang-gudhang* ing omahé* Gusti Allahku+ yaiku Èliasyib,+ seduluré Tobia.+  Dhèwèké nyedhiakké gudhang* gedhé kanggo Tobia. Mbiyèn gudhang kuwi digunakké kanggo nyimpen persembahan biji-bijian, menyan, peralatan, sepersepuluh saka biji-bijian, anggur anyar, lan minyak+ sing dadi jatahé wong Lèwi,+ para penyanyi, lan para penjaga gerbang. Gudhang kuwi mbiyèn ya dienggo nyimpen sumbangan kanggo para imam.+  Pas kuwi kabèh kelakon, aku ora ana ing Yérusalèm merga aku ngadhep Raja ing taun ke-32+ pamréntahané Artahsasta+ raja Babilon lan sakwisé kuwi njaluk ijin kanggo bali.  Terus, aku bali menyang Yérusalèm lan ngerti tumindak jahaté Èliasyib+ sing nggawèkké ruangan kanggo Tobia+ ing halaman omahé Gusti Allah sing bener.  Kuwi nggawé aku nesu banget, mula kabèh perabotané Tobia tak uncalké metu saka gudhang* kuwi.  Bar kuwi, aku mréntahké bèn gudhang-gudhang* kuwi disucèkké, lan peralatan sing ana ing omahé Gusti Allah sing bener,+ persembahan biji-bijian, lan menyan dibalèkké manèh ing kono.+ 10  Aku ya ngerti nèk wong Lèwi+ padha ora diwènèhi jatahé,+ mula wong Lèwi lan para penyanyi sing kuduné nglayani malah padha nyambut gawé ing ladhangé dhéwé-dhéwé.+ 11  Aku nyenèni para pejabat+ lan kandha, ”Ngapa kok omahé Gusti Allah sing bener ora mbok urusi?”+ Terus, aku ngumpulké wong Lèwi lan nugaské wong-wong kuwi ing panggonan tugasé dhéwé-dhéwé. 12  Kabèh wong Yéhuda padha nggawa sepersepuluh+ saka biji-bijian, anggur anyar, lan minyak menyang gudhang-gudhang kuwi.+ 13  Terus, aku nugasi Imam Syélémia, Zadok penyalin* kuwi, lan Pédaya keturunané Lèwi kanggo ngawasi gudhang-gudhang kuwi, lan Hanan anaké Zakur anaké Matania mbantu wong-wong kuwi, merga kabèh wong kuwi isa dipercaya. Tugasé wong-wong kuwi yaiku ngedumké jatahé sedulur-seduluré. 14  Mula aku ndonga,+ ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké aku soal iki, lan aja nglalèkké katresnanku sing langgeng* marang omahé Gusti Allahku lan pelayanan sing ana ing kana.”+ 15  Wektu kuwi, aku ndelok wong-wong ing Yéhuda padha nggawé minuman anggur* pas dina Sabat,+ nggawa tumpukan biji-bijian lan ndèlèhké kuwi ing ndhuwuré keledai, lan nggawa minuman anggur, buah anggur, ara, lan barang-barang liyané menyang Yérusalèm pas dina Sabat.+ Mula, aku nglarang wong-wong kuwi dodolan apa waé* pas dina kuwi. 16  Wong Tirus sing manggon ing kutha kuwi padha nggawa iwak lan macem-macem barang dagangan, terus ngedol kuwi marang wong Yéhuda ing Yérusalèm pas dina Sabat.+ 17  Mula, aku nyenèni para bangsawan Yéhuda lan kandha, ”Kowé wis nindakké sing jahat. Ngapa kok kowé nglanggar hukum Sabat? 18  Nènèk moyangmu ya wis nindakké kaya ngono kuwi nganti Gusti Allah ngukum awaké dhéwé lan kutha iki. Saiki, kowé nggawé Gusti Allah saya nesu marang Israèl merga kowé nglanggar hukum Sabat.”+ 19  Mula, aku mréntahké supaya gerbang-gerbangé Yérusalèm ditutup sakdurungé peteng, yaiku sakdurungé Sabat dimulai. Aku ya ngandhani nèk gerbang kuwi ora éntuk dibukak sakdurungé Sabat rampung. Aku nugasi anak-anak buahku ing gerbang bèn ora ana sing nggawa barang dagangan mlebu pas dina Sabat. 20  Kuwi sebabé, para pedagang lan wong sing dodolan barang-barang pisan pindho padha nginep ing njaba kutha Yérusalèm. 21  Terus, aku ngélikké wong-wong kuwi lan kandha, ”Ngapa kok kowé padha nginep ing ngarep témbok? Nèk kaya ngono manèh, kowé bakal tak usir.” Mulai wektu kuwi, wong-wong mau ora teka manèh pas dina Sabat. 22  Aku ya ngandhani wong Lèwi bèn padha ajeg nyucèkké dhiri lan njaga gerbang-gerbang, supaya dina Sabat tetep suci.+ Mula aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké aku, lan tulung mesakké aku merga katresnan-Mu sing langgeng* kuwi gedhé banget.”+ 23  Wektu kuwi, aku ya ngerti nèk wong Yahudi padha nikah karo* wong wédok+ Asdod,+ Ammon, lan Moab.+ 24  Sebagéan saka anaké wong-wong kuwi omongan nganggo basa Asdod lan basané bangsa-bangsa liya, ning ora ana sing isa basa Yahudi. 25  Mula, aku nyenèni lan ngutuki wong-wong Yahudi kuwi, nggebugi sebagéan saka wong-wong kuwi,+ nyabuti rambuté, lan ngongkon wong-wong kuwi sumpah demi Gusti Allah. Aku kandha, ”Kowé kabèh aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang wong-wong kuwi. Kowé lan anak-anakmu lanang ya ora éntuk nikah karo anak-anaké wédok wong-wong kuwi.+ 26  Kuwi ta sing nggawé Salomo raja Israèl nindakké dosa? Saka antarané kabèh bangsa, ora ana raja sing kaya dhèwèké.+ Dhèwèké ditresnani Gusti Allahé,+ nganti Gusti Allah ndadèkké dhèwèké rajané kabèh wong Israèl. Ning, bojo-bojoné Salomo, yaiku wong-wong wédok asing, padha nggawé Salomo nindakké dosa.+ 27  Kok isa kowé nindakké dosa sing gedhé iki? Kowé wis ora setya marang Gusti Allahé awaké dhéwé, merga kowé nikah karo wong-wong wédok asing.”+ 28  Salah siji anaké lanang Yoyada+ anaké Imam Agung Èliasyib+ dadi mantuné Sanbalat+ wong Horon. Mula, aku ngusir dhèwèké. 29  Aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi wis nggawé najis tugasé para imam lan perjanjian sing wis Njenengan gawé karo para imam+ lan wong Lèwi.”+ 30  Aku ya wis nyucèkké wong-wong kuwi saka kabèh pengaruh èlèké bangsa asing lan mènèhi tugas marang saben imam lan wong Lèwi.+ 31  Aku ya ngatur bèn terus ana persediaan kayu+ lan ngatur soal hasil panèn pertama. Mula aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké aku lan tulung berkahi aku.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”kabèh keturunan campuran”.
Utawa ”ruang-ruang makan”.
Utawa ”baité”.
Utawa ”ruang makan”.
Utawa ”ruang makan”.
Utawa ”ruang-ruang makan”.
Utawa ”penulis”.
Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”padha ngidak-idak anggur ing panggonan meres anggur”.
Utawa mungkin ”nglarang wong-wong ing dina kuwi bèn ora dodolan persediaan apa waé”.
Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Utawa ”padha nggawa bali ing omahé”.