Pangandharing Torèt 1:1-46

  • Lunga saka Gunung Horèb (1-8)

  • Milih para pemimpin lan hakim (9-18)

  • Ora manut ing Kadès-barnéa (19-46)

    • Wong Israèl ora gelem mlebu ing tanah kuwi (26-33)

    • Wong Israèl ora isa ngalahké wong Kanaan (41-46)

1  Iki sing diomongké Musa marang wong Israèl ing padhang belantara cedhaké Kali Yordan, yaiku padhang belantara sing ana ing ngarepé Suf, ing antarané Paran, Tofèl, Laban, Hazérot, lan Dizahab.  (Perjalanan saka Horèb tekan Kadès-barnéa+ liwat Gunung Séir suwéné 11 dina.)  Ing dina pertama sasi ke-11 taun ke-40,+ Musa ngandhani wong Israèl kabèh préntahé Yéhuwah sing kudu diomongké marang wong Israèl.  Kuwi kelakon ing Édréi+ sakwisé dhèwèké* ngalahké Sihon+ raja Amori sing manggon ing Hésbon lan Og+ raja Basyan sing manggon ing Astarot.  Ing wilayah Kali Yordan, ing tanah Moab, Musa njelaské Hukumé+ Gusti Allah. Dhèwèké kandha,  ”Ing Horèb, Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé kandha, ’Kowé wis suwé manggon ing dhaérah pegunungan iki.+  Kowé kudu lunga ing dhaérah pegunungané wong Amori+ lan kabèh dhaérah sekitaré, yaiku Araba,+ wilayah pegunungan, Syéféla, Nègèb, lan dhaérah pinggir laut.+ Kowé kudu lunga menyang tanahé wong Kanaan. Kowé kudu lunga tekan Lébanon+ lan kali gedhé, yaiku Éfrat.+  Aku wis mènèhké tanah iki marang kowé. Kowé kudu ngrebut tanah sing wis dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangmu, yaiku Abraham, Ishak,+ lan Yakub.+ Gusti Allah wis nggawé sumpah nèk bakal mènèhké tanah iki marang wong-wong kuwi lan keturunané.’*+  ”Wektu kuwi aku ngomong karo kowé, ’Aku ora isa mimpin kowé dhèwèkan.+ 10  Yéhuwah Gusti Allahmu wis nggawé keturunanmu dadi akèh banget, lan saiki jumlahmu padha akèhé karo bintang ing langit.+ 11  Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu nggawé jumlahé+ keturunanmu ping sèwuné jumlahmu saiki. Muga-muga Dhèwèké mberkahi kowé kaya janjiné marang kowé.+ 12  Aku ora mungkin isa ngrampungi masalahmu nèk aku dhèwèkan. Aku ya ora isa ngatasi nèk kowé padu.*+ 13  Saka suku-sukumu, pilihen wong-wong lanang sing wicaksana, trampil, lan nduwé akèh pengalaman. Aku bakal ndadèkké wong-wong kuwi pemimpinmu.’+ 14  Terus kowé njawab, ’Saranmu apik.’ 15  Mula, aku milih para kepala suku saka suku-sukumu, yaiku wong-wong lanang sing wicaksana lan nduwé akèh pengalaman. Wong-wong kuwi tak dadèkké pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, pemimpiné wong sepuluh, lan pemimpiné suku-sukumu.+ 16  ”Wektu kuwi aku ngandhani para hakim sing ana ing antaramu, ’Nèk ana wong sing nduwé masalah karo wong liya, terus dhèwèké marani kowé, kowé kudu adil+ wektu ngadili kasusé wong kuwi, embuh kuwi masalahé karo sing padha-padha wong Israèl utawa karo wong asing sing manggon karo kowé.+ 17  Aja pilih kasih wektu ngadili.+ Wong cilik utawa wong penting kudu padha-padha mbok rungokké.+ Aja wedi karo manungsa,+ merga kowé dadi wakilé Gusti Allah wektu ngadili.+ Nèk kasusé angèl banget, kowé isa nggawa kasus kuwi marang aku. Mengko kasus kuwi tak tangani.’+ 18  Wektu kuwi aku ngandhani kowé soal kabèh sing kudu mbok tindakké. 19  ”Terus, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah, awaké dhéwé mangkat saka Horèb lan mlaku ngliwati padhang belantara+ sing gedhé lan medèni, sing mbok delok wektu ing perjalanan menyang wilayah pegunungané wong Amori,+ lan akhiré awaké dhéwé tekan ing Kadès-barnéa.+ 20  Terus aku kandha, ’Kowé wis tekan ing wilayah pegunungané wong Amori, sing diwènèhké Yéhuwah marang awaké dhéwé. 21  Yéhuwah Gusti Allahmu wis mènèhké tanah iki marang kowé. Mangkata lan rebuten tanah kuwi, kaya sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu.+ Aja wedi.’ 22  ”Ning, kowé kabèh malah nemoni aku lan kandha, ’Ayo ngirim utusan kanggo ndelok tanah kuwi bèn awaké dhéwé isa ngerti kudu liwat dalan endi lan ngerti kaya apa kutha sing bakal ditekani.’+ 23  Menurutku saranmu apik, mula aku milih wong lanang 12. Wong siji saka saben suku.+ 24  Wong-wong kuwi lunga menyang dhaérah pegunungan+ lan tekan ing Lembah Éskol, terus wong-wong kuwi dadi mata-mata ing kono. 25  Wong-wong kuwi njupuk buah-buahan sing ana ing tanah kuwi, terus digawa bali. Wong-wong kuwi kandha, ’Tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé marang awaké dhéwé kuwi subur banget.’+ 26  Ning, kowé wegah mrono lan malah nglawan préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 27  Kowé terus sambat ing njero kémahmu lan kandha, ’Yéhuwah sengit karo awaké dhéwé, mula awaké dhéwé digawa metu saka Mesir bèn dipatèni wong Amori. 28  Ngapa kok awaké dhéwé ndadak mrono? Sedulur-seduluré awaké dhéwé nggawé awaké dhéwé wedi+ lan kandha, ”Wong-wong ing kono luwih gedhé lan luwih dhuwur timbang awaké dhéwé. Kutha-kuthané gedhé lan bèntèngé dhuwuré tekan langit.+ Ing kono ya ana wong Anakim.”’+ 29  ”Terus aku ngomong karo kowé, ’Aja wedi karo wong-wong kuwi.+ 30  Yéhuwah Gusti Allahmu bakal ana ing ngarepmu lan bakal perang kanggo kowé,+ kaya sing wis tau ditindakké ing ngarepmu wektu ing Mesir.+ 31  Ing padhang belantara, kowé ndelok dhéwé nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis nggatèkké* kowé kaya bapak sing nggatèkké* anaké, wektu kowé ana ing endi waé nganti kowé tekan ing panggonan iki.’ 32  Ning, kowé tetep ora nduwé iman marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 33  Dhèwèké ana ing ngarepmu kanggo nggolèkké panggonan bèn kowé isa ngedegké kémahmu. Dhèwèké nuntun kowé nganggo geni pas bengi lan nganggo méga pas awan, bèn isa nduduhké dalan sing kudu mbok liwati.+ 34  ”Yéhuwah ngrungokké sambatmu, terus Dhèwèké dadi nesu banget lan nggawé sumpah,+ 35  ’Ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong* sing jahat iki sing bakal ndelok tanah sing apik sing wis Tak janjèkké marang nènèk moyangmu,+ 36  kecuali Kalèb anaké Yéfuné. Dhèwèké bakal ndelok tanah kuwi, lan Aku bakal mènèhké tanah sing wis diparani kuwi marang dhèwèké lan keturunané, merga dhèwèké manut karo Yéhuwah saktulusé ati.+ 37  (Gara-gara kowé, Yéhuwah dadi nesu karo aku lan kandha, ”Kowé ya ora bakal mlebu ing tanah kuwi.+ 38  Yosua anaké Nun, pelayanmu,*+ sing bakal mlebu ing tanah kuwi.+ Kowé kudu nguwatké dhèwèké,+ merga dhèwèké sing bakal mimpin wong Israèl ngrebut tanah kuwi.”) 39  Kowé kandha nèk anak-anakmu bakal dadi tawanan.+ Ning, anak-anakmu sing mbok critakké kuwi, sing saiki durung isa mbédakké sing apik lan sing èlèk, sing bakal mlebu ing tanah kuwi, lan Aku bakal mènèhké tanah kuwi marang bocah-bocah kuwi.+ 40  Ning, kowé kudu mbalik ing padhang belantara liwat dalan sing nuju Laut Merah.’+ 41  ”Terus kowé kandha karo aku, ’Aku wis dosa marang Yéhuwah. Saiki aku bakal munggah gunung lan ngalahké dhaérah kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.’ Mula, kowé padha nggawa senjata perang lan mikir nèk munggah gunung kuwi gampang.+ 42  Ning, Yéhuwah kandha karo aku, ’Kowé kudu ngomong karo wong-wong kuwi, ”Aja munggah gunung lan perang, merga Aku ora bakal mbantu kowé.+ Nèk kowé ngèyèl, kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.”’ 43  Kowé wis tak kandhani, ning ora gelem ngrungokké. Kowé malah nglawan préntahé Yéhuwah. Kowé wis lancang munggah gunung kuwi. 44  Terus, wong Amori sing manggon ing gunung kuwi nglawan kowé lan ngoyak* kowé kaya tawon nganti kowé mencar-mencar ing Séir tekan Horma. 45  Terus kowé bali lan nangis ing ngarepé Yéhuwah. Ning, Yéhuwah ora ngrungokké lan ora nggatèkké kowé. 46  Kuwi sebabé kowé suwé banget manggon ing Kadès.

Katrangan Tambahan

Maksudé, nganggo kuwasané Yéhuwah.
Lit.: ”benihé”.
Utawa mungkin ”nèk kowé ngejak padu aku”.
Utawa ”nggéndhong”.
Utawa ”nggéndhong”.
Lit.: ”generasi”.
Lit.: ”sing ngadeg ing ngarepmu”.
Utawa ”nguber”.